Selasa, 28 Desember 2010

Njantur Temanten Manjing Pahargyan Wangsul "KIRAB"

Sagung para rawuh para pilenggah ingkang winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Sampun wonten pratandha saking panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga bilih putra temanten sarimbit sampun badhe sowan marak malih wonten ngarsa panjenengan sedaya, pramila nyuwun pangapunten adicara sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.

(Gendhing Subakastawa PLAY lajeng njantur/nyandra)

Rawat-rawat rinumpaka, wauta, nadyan seje kandhane nanging maksih nunggal caritane, ingkang adoh ginawe perak, ingkang perak ginawe adoh, lah apa ta sebabe winastan mangkono ?
Nuju ari pinilih dinten piniji ana titahing Gusti ingkang sinung Bp _________________ wus kuwagang netepi darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi.

Kawistingal, risang temanten kang wus purna hangadi busana  katingal wangsul sowan malih ing ngarsaning para tamu. 
Hanenggih punika wujuding pepacangan ingkang kasurung raos kencang anyancang janji wekasan, ingkang kaesthi dadi, ingkang jinangka teka.
Lumampah atut runtut arebut patut, gliyak-gliyak sajak kepenak mboten ngoyak, tataaaa tumata kanthi trapsila kebak ing pralampita. Iku asung gegambaran yen kekarone mugi-mugi, denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah nengenaken pangati-ati, pepayung budi rahayu linambaran rasa tepa-tresna-sembada lan kumawula.
Lire tepa, sirik ing kadurakan, tresna – mamrih marang karukunan, dene sembada – dhadhag wani ndhadha kaluputan, lan kumawula ateges mangertos marang kuwajibane.

Patah sakembaran kang pindha abdi kinasih temanten putri, iku asung gegambaran marang temanten kekarone, kalamun patah sakembaran maksih prasaja samubarange, prasaja ciptane, prasaja rasane, prasaja karyane, hanenggih Nimas ____________ miwah Nimas _______________. Pranyata sanadyan durung tedhas nggeget kinang nora tedhas nggigit jambe, parandene datan saru dinulu malah dadi reseping pandulu.

Sinigeg kang winuwus, wauta, gumantya ingkang cinandra.
Temanten kakung pekik ing warna, nora sangsaya surem nanging malah sangsaya dados lan kabregasanipun, dhasar tetesing kusuma rembesing madu, dharahing atapa wijiling wong andanawarih, susila anoraga, tansah nengenaken dhateng kasubratan, mila datan elok lan mokal kalamun ingkang ginayuh tansah kasembadan.
Temanten putri sulistya ing warna, kawistingal hambabar teja mandamaya, sesolahe milangoni lelewane hanuju prana, dhasar busana edi ingkang karengga, dhasar Ibu _________ ingkang dados Juru Sumbaga, kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra kurang ukara.
Astane penganten putri bakuh kukuh gegondhelan astane ingkang kakung, pepuletan kekanthen asta paribasan renggang gula kumepyur pulut, sasat ora kena ginggang pinara sasra. Lamun cinandra kadya widadara widadari saking swargaloka tumurun ing ngarcapada, njujug aneng Desa __________ dalemipun Bp ________.

Para mudha myang taruna, jejaka sarta kenya warara, kang pirsa thukul osiking driya, dhuh kapan ya, bisa dadi manten kaya ngana ? Para sepuh kang wus sepi hawa, jroning nala anglocita, mbesuk kapan ya bisa mantu amahargya putra kaya ing dinten punika. Nanging keladuking kandha kang ngaya wara, uga ana priya tuwa kang anggadhuh angkara murka, mbesuk kapan ya bisa nggandheng kenya sesisih lima.

Para tamu kakung miwah putri sami suka jroning ati, tumut mangayubagya lan paring puja-puji pangastuti, mugi risang temanten kekalih tansah manggih basuki, raharja tulus widada, tan ana sakara-kara, atut runtut pindha mimi kang nembe hamintuna, pindha Dewi Ratih lan Bethara Kamajaya, tansah sakiyeg saeka praya, sayuk rukun anggayuh geyonganing kayun, padha kersane padha karepe, kaya suruh lumah lawan kurebe, sinawang seje rupane yen ginigit padha rasane.

===Penganten wus lenggah ing sasana rinengga, pramila semanten ature ingkang anyandra, lamun lepat nyuwun agunging pangaksama, kanthi pepuji rahayu widada dhumateng ingkang nembe nambut silaning krama.

( Gendhing STOP )
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar