Selasa, 28 Desember 2010

"Kirab" lan Sumene

Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan. Adicara salajengipun nuwun inggih Sumene. Para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis. Ananging saderengipun wekdal kula aturaken dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi, putra pinanganten sarimbit langkung rumiyin badhe kajengkaraken saking sasana rinengga tumuju panti busana, lan mangke tumuli badhe sowan malih lenggah wonten ing sasana rinengga. Ingkang menika keparenga panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga mratitisaken temanten kekalih anggenipun jengkar tumuju panti busana. Sumangga, nuwun.

( Gendhing Langen Gita Sri Narendra PLAY lajeng njantur/nyandra)

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing kayuwanan kakung miwah putri, awit saking sumuking swasana, tinambah panasing penggalihe, kaselak notol pikire, awit sampun katekan sedyane, penganten lenggah jajar kalawan janma ingkang kinarepake, wusana gumrobyos riwene, sumuk, nelesi busana temanten sakarone.

Jalma limpat seprapat tamat, para-para kang hanawung kridha wus mulat, titiwanci penganten jengkar saking pasewakan wus ndhungkap, penganten sarimbit kang kalawau wus manunggal ing tekad, manunggal ing niat anggebyur alaming bebrayan, jengkar saking palenggahan tumuju ing panti busana.

===Sinten ta ingkang ing ari punika dadya mustikaning pahargyan, anggung ginunggung sinuba sinukarta, tan sanes hanenggih Bagus _________________ kaliyan Rara _________________ ingkang nembe anambut silaning akrami, hanggebyur samodraning bebrayan agung.

Ing ngajeng ana rerupan pindha golek kencana, kembar busanane, sami dedeg piadege, tindake sakepenake, nanging dadi lan pantese. Punika risang patah temanten, Nimas ____________ lan Nimas _____________, sanadyan lampahe sakepenake, parandene datan saru dinulu, malah dadi reseping pandulu. Iku ngemu pralampita, bocah alit ingkang dereng andarbeni dosa, suci sarta resik penggalihe, satemah bisa tentrem ayem jinak jinem.

Gebyar gumebyaaar busananing temanten kasorot sunaring surya/pandam kaya ndaru lelana, gumebyar cahyane, cumalorot kadya teja angenguwung, amimbuhi pekiking warna temanten kakung.
Penganten putri pranyata tan kuciwa memanise, ayu respati karengga busana edi, meloking wadana sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar, kebayak landhung kembar padha pengageme ingkang kakung, iku minangka pralampita kalamun sri temanten sakarone wus kembar padha tresnane, raket keket kekanthen asta, renggang gula kumepyur pulut pepindhane, bebasan datan mundur salwiring geguntur, datan lilih salwiring pangarih-arih.

===Samana, lampahe sri temanten wus manjing wiwaraning sasana busana, lulus widada nir ing sambekala, pramila sigeg, semanten rumiyin ingkang anyandra, awit sampun mboten kawistingal saking papan manatacara.

==(Gendhing STOP)

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, adicara salajengipun nuwun inggih Sumene, katur dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi wekdal kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
=============(pasugatan kaladosaken)==========

Sumangga keparenga angrahabi pasugatan sepala menika kanthi mardu mardikaning penggalih.
Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur ingkang kaaturaken kadang panata pitaswara inggih Mas __________ saking ________ SoundSystem. Sumangga, nuwun.
=======================
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar