Kamis, 03 September 2009

Unsur "M"


Nang ratan gedhe, Jalan raya Mlarak Jabung iku ono prapatan sing diarani prapatan mblebak'an, emboh nyapo nak wulan poso ngene iki sing mlaku-mlaku isuk, istilah gaule joging, kok tambah akeh tinimbang lek ora poso, meh kabeh uwong tuwek enom lanang wadon kabeh mlaku-mlaku.

Isuk iki maeng aku yo tertarik melu mlaku-mlaku mung goro-goro diajak konco-konco jare lek isuk ngene iki uakeh cewek sing melu joging.

Mudun jama'ah subuh songko mesjid bocah-bocah semangat banget rame mlaku-mlaku bareng, ora kok mergo ben awak sehat tapi siji mung mergo arep cuci mata,hehehe.... tujuane yo wis jelas "prapatan mblebak'an". prapatan iki panggone nang tengah sawah, hawane sejuk banget, prapatan iki titik temune deso Kaponan, Nglumpang, Mlarak, Gontor,lan Bajang. Bocah-bocah songko Gandu lan Jabung yo akeh sing mlaku-mlaku teko kene, dadi ruame banget kahanan isuk iki maeng.

Aku lan konco-konco nongkrong neng pinggir dalan, akeh arek-arek enom lanang wadon yo nggawe grombolan dewe-dewe. Ono sing ngitungi merek montor sing liwat, sampek mbede piro nomer plat montore. Ono grombolan sing suit-suit saben ono cewek liwat, yo enek grombolan cewek sing ckikik'an tiap weroh bocah lanang. Grombolan ku ora kalah seru, konco-koncoku malah mbede, nebak opo warnane ~maaf~ sempak alias celana dalem sing dingge cewek sing lagek liwat.

Kurang gaean terahno, terkesan saru malah, gak enek sing eling nak iki maengke wayah poso wulan romadlon, lek ono sing ngelekne "hus..eling poso iki maeng" paling yo mung njawab "walah iyo..yo..." trus ckakaan maneh.

Ujug-ujuk, tiba-tiba, grombolan paling kulon buyar, ruame, ono sing njerit-njerit, ono sing ngakak, ono sing mluayu wedi, ono sing ngguyu kepingke-pingkel. Grombolan liyane melu buyar, amergo ono uwong rambute gimbal nguamuk, ora klambenan tapi yo ora katok'an, dadi barange gondal-gandul ngalor ngidul gak ditutupi.

Ono ibu-ibu nang sandingku nutupi mripate ngangge tangane tapi drijine dibukak thithik nginceng trus ngomel "Iki uduk uwong gendeng tapi rojone wong gendeng". Ha...ha...ha... iyo terahno... jare mbahku yo ngunu, rojone wong gendeng iku yo uwong gendeng sing wani udo blejet alias bugil ora klambenan blas. Rojone wong gendeng sing udo blejet iku paling edan tinimbang uwong sing ora waras liane, tapi yo ono kok sing luwih gendeng maneh. yoiku uwong sing ndelok rojone wong edan.

Nah...lek sampean ora gelem diarani luwih gendeng mulane closen tab nang windos komputermu sing ono gambare rojone wong edan, alias uwong sing udo....hahaha....

Yo.....mungkin wong edan iku mau sakjane diutus kon ngelekne bocah-bocah gendeng sing kurang gaean nongkrong nang pinggir ndalan kon ndang buyar, mumpung wulan romadlon mbok yo dingge ngakeh-ngakehi anggone ngibadah, ojo malah ngumbar napsu nag pinggir ndalan.
Aku maleh eling tulisan nang kaosku unine ngene:

Paling repot jika harus berurusan dengan orang Medan yang sudah kehilangan unsur "M". So, jika anda bukan orang medan sudah jelas anda tidak memiliki unsur "M" jadi anda termasuk orang.....

Hahaha...guyon....guyon....jo nesu lho....

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

44 engkang sampun komentar:

  1. Oalaaahh...
    ga ono gawean blas...
    nongkrong2 nang jalan. Ora kesel ta?
    Mending yo bobo. Lumayan...ibadah :)

    BalasHapus
  2. weleh weleh ono ono wae

    guyon tenan iki

    BalasHapus
  3. sik...sik... kang... aku tak nguyu ngakak... ha...ha...ha...

    BalasHapus
  4. "uwong rambute gimbal nguamuk, ora klambenan tapi yo ora katok'an, dadi barange gondal-gandul ngalor ngidul gak ditutupi"

    paling penggemar e mbah surip iki kang..wkwkwkwkw

    BalasHapus
  5. hahahah....wes gak isok mari ngguyu ku iki...edan maneh sing nulis iki... njelasno e koq yo pinter men...huahuahua

    BalasHapus
  6. Dasar loh..wes ndueso edan pisan kowe.

    BalasHapus
  7. sesama wong edan gak usah ngeyel,valentino?rossi bukan?

    BalasHapus
  8. EDAN,KOCLOK,GENDENG.
    maleh kangen kaponan aku maz...

    BalasHapus
  9. walah ageng mburitanku to iki? ningdi we saiki geng?

    BalasHapus
  10. hahah...pingn tw ja,aku yo nduwe blog lo maz.tapi gak tak openi.

    BalasHapus
  11. iyo wes eroh....kat mbiyen aku eroh tapi gak tau update mulane yo gak tau tak parani...

    BalasHapus
  12. apik tenan.dadi pengen posoan neng omah.

    BalasHapus
  13. Kang Aku Kok Mumet Yoo! Gole'i Menu Label Ki! Kok Muter2 Ra ono! Sak jane Mok Simpeni Neng Ndi Too??

    BalasHapus
  14. lha nek wong mBantul.. ngono ra ngefek ya

    hahahaha

    BalasHapus
  15. ealah gak cilik gak tuwek podo ae isuk isuk wis cuci moto podo karo sing nulis, kok gak sadar yoo! tujuane mlaku nyedot howo seger e la dalah ono wadon kok mudo blejet melok mlaku-mlaku gak isuk gak awan gak bengi wis ono rong ulanan! hayo sopa sing gelem.... dinas sosial ora arep!

    BalasHapus
  16. labelku gak tak pajang kang riayanto....lek pingin ndelok tulisan liane ono nang ngesor iki,kliken tulisan lawas.

    BalasHapus
  17. ngeres
    moso njedek rupo smpk !
    cah enom jaman saiki

    BalasHapus
  18. waduh aku gak ngerti neeh boso jowo.aku orang medan nih, ada apa dg M? Initialku juga M nih hehe
    makasih ya sudah mampir, salam kenal :)

    BalasHapus
  19. weqs... pake bahasa jawa ya? gk ngerti sy...

    Gudang Informasi

    BalasHapus
  20. waduh, lagi pisan aku nemoni blog koyo ngene??? mampir yo!!

    BalasHapus
  21. Wach...lain dari pada yang lain nie blog
    seru banget maz seeep...seeep...
    Bahasane mantap hehehehe

    BalasHapus
  22. saiki wis gak tau nongkrong nang dalan aku la wong nongkronge wis karo internetan luwih hot pisan hahaha

    BalasHapus
  23. akeh wong do jalan2 pas poso yo kuwi, mergo do subuhan bareng ba'da sahur.
    Nak dino biasa kan subuhe ba'da dhuhur :D

    BalasHapus
  24. berarti kie ... oakeh wong sing edan, ra rumongso edan kie.. ha..3x

    BalasHapus
  25. ehhmm mboten ngertos kulo :(

    BalasHapus
  26. hehehehehehe
    yang penting... pagi ini begitu indah disini

    BalasHapus
  27. oohh... jadi koyo ngono kuwi toh kerjanane selawase??

    hmmmmm...

    BalasHapus
  28. lha iki wong jowo tusssss.....

    BalasHapus
  29. yen mulih ponorogo coba tak nyang mbrono yen nyoto nyoto rame.....

    BalasHapus
  30. mbak meiy, jangan kuatir,karena anda orang medan anda memiliki unsur m.jagalah terus huruf m itu jangan sempak,eh sampek hilang,kalo anda kehilangan unsur m itu maka anda....hahaha...

    BalasHapus
  31. pancen wong edan kan ora katokan...hahahaha
    salam kenal..
    salam rimba raya lestari...

    BalasHapus
  32. Wong edian kabeh iki, kok rame banget yo nggawe blog boso jowo, tapi yen tak pikirpikir boso jowo ki miripmirip boso korea yo,
    iki lirike lagune Jjang Na Ra nang nggo Sweet dream, "Ne buri sa cai ima cu go, sarang handa go suk can yu co lan sak teruse,"
    obama rak bakal ngerti ndi sing boso korea ndi sing boso jowo to mas, ha hah ha ha,

    Numpang keren yo mas... matur suwun....

    ttd
    Farah quinn
    (Farah quin kok iso boso jowo, hahahaha)

    BalasHapus
  33. edan yo edan tapi ojo sak lawase lho yo....

    BalasHapus
  34. joss tenan artikele ... mantep .... mak nyus ...

    BalasHapus
  35. jajalen lak wani mbukak....hahahaha

    BalasHapus
  36. ancen wis dadi perilaku sing salah...pak de yo ngrasakno...yok opo lek kebiasaan pas poso cah sing enom-2(khusus-e wedok-2) ra sah mlaku-2, resik-2 neng omah ae ben pas riyoyo bersih lahir bathinnn

    BalasHapus