Sabtu, 12 Februari 2011

Talkin Mayit ing Kuburan

Wong mati sakwise dikubur biasane terus ditalkin. Nadyan ing masyarakat saperangan ana sing ora sarujuk marang anane talkin kuwi, ananging kasunyatane saben-saben ana wong mati sakwise dikubur mesthi terus ditalkin. Anehe, ana uga wong sing nalika uripe tansah dakwah nentang talkin mbasan mati dheweke ya ditalkin, awit kulawargane ana sing ora tegel yen nganti ora ditalkin.
Iku kabeh nuduhake menawa talkin mayit ing kuburan iku minangka bageyan pakurmatan pungkasan marang layon. Mbokmenawa bocah-bocah ngaji mung diajari pangrumating jenazah iku mung ngedusi, ngulesi, nyolati lan mendhem. Ananging kasunyatane ing masyarakat ora cukup mung kuwi. Wong mati ora mung diupakara manut fiqih, nanging uga ana 'penghormatan khusus'.
Yen ana wong mati masyarakat gage mara, saperangan ngupakara jenazahe, saperangan nata nggone nampa tamu pelayat, nata meja kursi lan pasang tratag, saperangan nggawe luwangan ing kuburan, saperangan ana sing nusuli yaiku ngabar-ngabarake kabar lelayu marang sanak sedulur, saperangan nata upacara 'pelepasan jenazah', kepara uga ana saperangan sing ubet sibuk ing pawon. Yen jenazah wis rampung disuceni lan diulesi banjur disholati, 'gelombang demi gelombang', kepara ing saperangan desa ana sing ngedum amplop marang wong sing padha nyolati. Sakwise rampung disholati banjur dianaake upacara 'pelepasan jenazah', ing kono ana Dhuhkita Sabda Kulawarga, ana Tanggap Wacana Bela Sungkawa minangka Taushiyah, ana Donga, ana uga sing nganggo tlusupan (brobosan).
Yen wis tekan kuburan jenazah dileboake luwangan, ditata, terus diadzani, terus diqomati, nembe dipasangi gladhag lan diurugi. Sakwise rampung banjur ditalkin. Yen wis rampung talkin nembe wong bubar, sing kulawargane kepara malah ora melu bubar, nanging maca Qur'an ndhisik. Yen wis kabeh mau isih ana ngaji pendhak mbengi, ndongaake kanthi tahlilan nganti pitung ndinane. Iku kabeh minangka bageyane pakurmatan layon, minangka hake wong sing mati.
Magayutan karo isi blog babagan panatacara, ing ngendi peranane panatacara? Panatacara dadi MC upacara 'pemberangkatan jenazah', bisa uga ndhobel Dhuhkita Sabda Kulawarga.
Ing kuburan sing nalkin lumrahe Pak Kaum (modin), nanging ing jaman saiki jabatan Kaum ing desa iku sok ora jelas, ujare Kaum kuwi sing njabat Kaur Kesra, nanging nyatane sing dadi Kaur Kesra kuwi durung mesthi bisa dadi Kaum. Kebutuhane masyarakat karo pranatane pemerintah ora pethuk. Terus sing arep nalkin sapa? Akhire sukarelawan sing tandang, kadhang Pak Kyai utawa Ustadz yen ana. Kepeksane ra ana ya Panatacara, awit panatacara iku wong sing paling enthengan tampil ing ngarep umum.
Piye carane nalkin ? Iki ming conto :

Yen olehe mendhem wis rampung terus  sing nalkin lungguh ing arah kiblate pendheman ngadhepake pendhemane. Upamane sing mati jenenge Fulan. Kalimat-kalimat bahasa Arab (ayat Qur'an + donga) sengaja taktulis nganggo tulisan latin supaya bisa diwaca nganggo ponsel utawa gadget sing ora support huruf Arab. Conto sing krama inggil taktulis nganggo warna biru, kari milih arep ngoko apa krama.

Assalaamu'alaikum wr.wb.
Mangga kula aturi sami jumeneng sawetawis.
(hadirin padha ngadeg, sing nalkin thok sing lungguh)

Bismillahirrohmanirrohiim
Kullu syai-in haalikun illa wajhah. Lahul-hukmu wa-ilaihi turja'uun.
Kullu nafsin dzaa-iqotul-mauut. Wainnamaa tuwaffauna ujuurokum yaumalqiyaamati faman-zukh-zikha 'anin-naari wa-udkhilal-jannata faqod-faaz.
Wamal-hayaatud-dun-yaa illaa mataa'ul-ghuruur.
Minhaa kholaqnaakum wafiihaa nu'iidukum waminhaa nukhrijukum taarotan ukhroo.
Minhaa kholaqnaakum lil-ajri wats-tsawaab.
Wafiihaa nu'iidukum lidduudi watturoob.
Waminhaa nukhrijukum lil'urdhi wal-hisaab.
Bismillaah, wabillaah, waminallooh, wa-ilallooh, wa-'alaa millati rosuulillah SAW.
Haadzaa maa wa'adar-rohmaanu washodaqol mursaluun.
Inkaanat illaa shoihatan waakhidatan faidzaahum jamii-'ul-ladainaa mukhdloruun.

Fulan,
Saiki sira wis mati, lan saiki sira wis ngalih marang ngalam kubur, yaiku ngalam barzah. Sira aja nganti lali perkara kang sira sungkemi nalika sira pisah karo kita kabeh. Yaiku nekseni yen temen ora ana Pengeran kang haq kejaba Gusti Allah Ta'ala. Lan nekseni yen Nabi Muhammad iku utusane Gusti Allah Ta'ala.
Fulan,
Sing ngati-ati, yen sira ditekani malaikat loro kang dipasrahi nyoba marang sira, sira aja kaget lan aja geter, ngertiya, saktemene kang bakal nekani sira iku ya padha-padha makhluke Allah.
Fulan,
yen malaikat loro mengko takon marang sira mengkene, sapa pengeranmu? Apa agamamu? Sapa nabimu? Apa iktikodmu? Lan apa kang sira sungkemi nalika sira mati?
Yen sira ditakoni kaya mengkono jawaba, "ALLAH",
yen dikaping pindhoni pitakone jawaba maneh, "ALLAH",
yen dikaping teloni pitakone, yaiku pitakon kang pungkasan, sira jawaben kang tegas, aja kedher, lan aja kuatir,
Gusti Allah iku pengeranku, kitab Qur'an iku panutanku, sholat sembahyang iku kuwajibanku, wong Islam kabeh iku sedulurku. Nabi Ibrohim iku persasat bapakku. Aku urip lan mati netepi ucapan laa-ilaaha-illallooh, Muhammadur rosuulullooh.
Fulan,
hujjah kang dakweruhake marang sira iki cekelana kang temenan, ngertiya yen sira bakal manggon ing ngalam kubur nganti mbesuk dina kiyamat, yaiku dinane wong-wong ahli kubur padha ditangeake.
Fulan,
ngertiya, pati iku haq, manggon ing kubur, pitakone Munkar Nakir ana ing kubur, dinane tangi saking kubur, anane hisab, traju, wot shirotol-mustaqim, neraka lan suwarga iku kabeh haq mesthi anane. Setuhune dina kiyamat iku mesthi tumeka, lan setuhune Gusti Allah bakal nangeake wong kang ana ing ngalam kubur.

Wanas-tau-di'uka ya Allooh.
Allohumma, yaa aniisa kulli waahidin. Wayaa haadliron laisa yaghiibu. Aanis wahdatanaa, wa-wah-data-huu, warham ghur-bata-naa, waghur-bata-huu, walaq-qina-huu huj-jata-huu, walaa taftin-naa ba'da-huu, waghfir-lanaa wala-huu, yaa Allooh, yaa robbal-'aalamiin.
Sub-haana rob-bika rob-bil 'izzati 'am-maaa yashifuuun. Wasalaamun 'alal mur-saliin. Wal-hamdu-lil-laahi rob-bil-'aalamiin. Amin. Alfaatihah.
------------
====
Yen nganggo basa krama, upamane asmane Mbah Fulan, ukara mau diganti nganggo krama inggil:

Assalaamu'alaikum wr.wb.
Mangga kula aturi sami jumeneng sawetawis.
....(hadirin sami jumeneng, namung ingkang nalkin ingkang lenggah)...

Bismillahirrohmanirrohiim
Kullu syai-in haalikun illa wajhah. Lahul-hukmu wa-ilai-hi turja-'uun.
Kullu nafsin dzaa-iqotul-mauut. Wain-namaa tuwaf-fau-na ujuu-rokum yaumal-qiyaa-mati faman-zukh-zikha 'anin-naari wa-udkhilal-jannata faqod-faaz.
Wamal-hayaatud-dun-yaa illaa mataa'ul-ghuruur.
Minhaa kholaqnaakum wafiihaa nu'iidukum waminhaa nukhrijukum taarotan ukhroo.
Minhaa kholaqnaakum lil-ajri wats-tsawaab.
Wafiihaa nu'iidukum lidduudi watturoob.
Waminhaa nukhrijukum lil'urdhi wal-hisaab.
Bismillaah, wabillaah, waminallooh, wa-ilallooh, wa-'alaa millati rosuulillah SAW.
Haadzaa maa wa'adar-rohmaanu washodaqol mursaluun.
Inkaanat illaa shoihatan waakhidatan faidzaahum jamii-'ul-ladainaa mukhdloruun.

“Mbah Fulan,
Sakmenika panjenengan sampun seda, sakmenika panjenengan sampun ngalih panggenan wonten ing ngalam kubur, inggih menika ngalam barzah.
Panjenengan ampun kesupen dhateng perkawis ingkang panjenengan sungkemi rikala pisah kaliyan kita sedaya. Inggih menika anekseni bilih mboten wonten Pengeran ingkang haq kejawi namung Gusti Allah Ta'ala. Lan anekseni bilih Nabi Muhammad menika utusanipun Gusti Allah Ta'ala.
Mbah Fulan,
ingkang ngatos-atos, menawi dipun rawuhi malaikat kalih ingkang kadhawuhan nyobi dhateng panjenengan, ampun kaget, ampun geter, mangertosa bilih ingkang rawuh menika sami-sami makhlukipun Allah.
Mbah Fulan,
menawi malaikat kalih menika mangke tanglet dhateng penjenengan mekaten:
Sapa pengeranmu? Apa agamamu? Sapa nabimu? Apa iktikodmu? Lan apa kang sira sungkemi nalika sira mati?
Menawi dipun dangu mekaten panjenengan jawab kemawon, "ALLAH",
menawi dipun bangsuli malih pendangunipun inggih dipun jawab kemawon, "ALLAH",
menawi dipun kaping tigani pendangunipun, inggih menika pendangu ingkang pungkasan, penjenengan jawab ingkang tegas, ampun kedher, lan ampun kuatir,
Gusti Allah pengeran kula, kitab Qur'an panutan kula, sholat sembahyang kuwajiban kula, tiyang Islam sedaya sedherek kula. Nabi Ibrohim menika persasat bapak kula. Kula gesang lan pejah netepi kalimah laa-ilaaha-illallooh, Muhammadur rosuulullooh.
Mbah Fulan,
hujjah ingkang kula aturaken menika sumangga panjenengan cepeng kanthi saestu, panjenengan badhe manggen ing ngalam kubur ngantos mbenjang dinten kiyamat, inggih menika dintenipun tiyang-tiyang ahli kubur sami dipun tangeaken.
Mbah Fulan,
Mangertosa, pejah menika haq, manggen ing kubur, pendangunipun Munkar Nakir wonten ing kubur, dintenipun tangi saking kubur, wontenipun hisab, traju, wot shirotol-mustaqim, neraka lan suwarga, menika sedaya haq mesthi wontenipun. Saestu, dinten kiyamat menika mesthi badhe dumugi, lan saestu, Gusti Allah badhe nangeaken tiyang ingkang wonten ing ngalam kubur.”

Wanas-tau-di'uka ya Allooh.
Allohumma, yaa aniisa kulli waahidin. Wayaa haadliron laisa yaghiibu. Aanis wahdatanaa, wa-wah-data-huu, warham ghur-bata-naa, waghur-bata-huu, walaq-qina-huu huj-jata-huu, walaa taftin-naa ba'da-huu, waghfir-lanaa wala-huu, yaa Allooh, yaa robbal-'aalamiin. Sub-haana rob-bika rob-bil 'izzati 'am-maaa yashifuuun. Wasalaamun 'alal mur-saliin. Wal-hamdu-lil-laahi rob-bil-'aalamiin. Amin. Alfaatihah.


*SAW = shollalloohu 'alaihi wasallam
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar