Jeng...
Udan grimis sore iki nggowo angin gilir gumanti
Ora koyo wingi kang kebak pangarep-arep
Kanggo opo ora leren tak getuni
Yen nyatane lemah wes kadung teles
Sak umpomo aku biso nglarang
Nerang udan seng kadung deres iki
Tak tunggu ing ngesor payung katresnan
Tak derek'ake lakumu tumekan ngendi
Nanging...
Yen nyatane mangkono karepmu
Aku trimo kanthi ngelus dhodho
Mung siji kang dadi panyuwunku
Ojo nganti luh tumetes ing pipimu
Lakon kapungkur kang wus kliwat
Dadekno pangeling-eling
Sejatine sliramu jeng...
Selawase tak ukir ing jero manahku
Nanging....
Naliko Gusti kerso ngowahi garising takdir
Ojo pisan-pisan kuatir
Tresnku tan ora binagi ing liyan
Sampurno ing guritan siji
Senin, 31 Desember 2012
Related Posts
Pamit Sak Bibaripun Nonjok
Nyuwun Pangapunten Bapak/Ibu, Ketingalanipun wekdal sampun sonten, anggen kulo sak konco sowan ugi sampun kasil, wonten kekirangan soho kalepatan&nbs ...Gonjang Ganjinging Bumi
Nalinake bawono gonjang ganjing.Siti kebak tirto kang mbanjiri.Yen bumi molak malek arep gocek'an opo?Yen bumine roto dadi opo?Klik tahan geser=>M ...Keslomot
Keslomot, bedo karo kesumuban yen keslomot iku roso panas seng disebabne songko geni kang sedilut banget ngobonge, yen sampek kebacut mongko diarani ...Fakta Unik
Menurut hasil riset lan penelitiane Profesor Doktor Kadas Pol nemokne babarepa fakta unik, Yoiku:Sing pertama "Jumlahe baris tiap jagung mubenge mest ...KAHANAN
Kahananku iki yen tak umpamakke Koyo cahyaning mbulan kang kalingan mego Peteng koyo aneng luweng Suwung sepi tan ono Kang biso angluwari Panandangi ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
emboh ra mudeng sing jelas we kok tambah nggantheng mas
BalasHapusah tenane
Hapusmatur nuwun ...
BalasHapusemang aku bar ngewehi opo?
Hapusngonokui lek nyanyekne piye? eh.. iku lagu opo puisi seh?
BalasHapusmeh koyo garuda pancal silet
HapusTak woco woco kok aku tambah orah mudeh blas iki haha
BalasHapuspenting komen,hehe
HapusOjo dumeh, Ojo lali, Ojooooo...
BalasHapusAku ora ngerti bahasa jawa :-(
ah moso
Hapus'ngganteng tenan
BalasHapusah tenane
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.