Minggu, 20 Januari 2013

Ngacarani Ningkahan

Di tengah masyarakat pedesaan sekitarku banyak sekali yang menyelenggarakan momen pernikahan itu sesederhana mungkin, artinya yang penting sah sesuai agama dan negara, tetapi juga direstui orang sekitar. Karena itu biasanya lalu menyelenggarakan acara pernikahan di rumah dengan memanggil penghulu dan menghadirkan para tetangga dan saudara dekat. Karena begitu sederhananya mungkin tak ada pasang tratag (tenda) segala. Yang hadir biasanya hanya kisaran 50-150 orang, sekitar separuhnya adalah orang-orang sendiri (lokal) dan sekitar separuhnya lagi adalah mereka yang menjadi pengombyong pengantin pria. Acaranya pun biasanya sederhana, walau begitu biasanya pengantin juga dirias dan difoto. Dan seperti lazimnya, untuk urusan hidangan, buat setiap yang hadir biasanya ada segelas minuman, sekotak snack, dan sepiring makanan. Minuman dan snack biasanya dihidangkan saat tamu hadir di situ, sedang makanan dihidangkan sehabis doa selesai.
Jika peserta (tamu undangan, mempelai, pengombyong, penghulu dan hadirin semua) sudah lengkap dan segalanya dirasa sudah siap biasanya lalu acara dimulai, mempelai siap di situ sejak awal acara, tetapi sebagian juru rias dan juru foto lebih suka kalau acara dimulai terlebih dulu, setelah tiba saatnya acara ijab-qobul baru mempelai dihadirkan, mungkin karena alasan agar lebih meriah.

Berikut ini sebuah contoh yang skenario acaranya sbb:
1. MC membuka acara dengan pidato mukaddimah sekaligus pambagyaharja.
2. Bacaan ayat suci Al Qur'an.
3. Pasrah calon mempelai pria.
4. Penerimaan calon mempelai pria.
5. Akad nikah ijab qobul oleh penghulu.
6. Mau'izhah hasanah oleh tokoh setempat.
7. Doa dipimpin tetua.
8. Acara makan-makan.

*)di sini mempelai dihadirkan sejak awal, jika tidak maka perlu sedikit modifikasi.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen,
langkung-langkung panjenenganipun Bp ............. ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun ..................... ingkang kula mulyaaken,
panjenenganipun Bp Pengulu Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ................. ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan,
para kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih,
menapadene para pengombyong temanten kakung saking .......... ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid, alhamdulillahirobbil'alamin.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung sumawana putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis.
Ing ngriki kula minangkani talang atur kulawarga, keparenga hangaturaken mukaddimah menggah prastawa gati ing titi kalenggahan menika.

Ingkang sepisan ing ngriki kula minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwun Bpk/Ibu ............ sakulawarga. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Kaping kalihipun, minangkani wakil kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates dhumateng sedaya paring pambiyantu panjenengan sedaya ingkang awujud menapa kemawon, bau suku, bandha-beya, menapadene iguh lan pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga ............. menika, sahengga adicara menika saged kaleksanan.
Ananging saking kulawarga mboten kuwawi matur menapa-menapa, saha mboten waged atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Allah SWT, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Sinaosa mekaten, Bpk/Ibu .......... sakulawarga tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur panjenengan sedaya mugi keparenga paring paseksen, nuwun inggih ing dalu menika, Nimas ................., badhe pun kaakid-nikahaken kaliyan ................ putra panjenenganipun............. ingkang pidalem ing.............,
Ingkang menika keparenga paring pendonga puja sesanti mulya dhateng  kekalihipun, anggenipun sami sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, anggenipun membina rumah tangga, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, Bpk/Ibu ............ sakulawarga sanget anggenipun ngrumaosi bilih minangka jejering titah sawantah ingkang budi dayanipun sanget  kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing trapsila, kirang suba sita, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama panjenengan sedaya.

Salajengipun, menggah runtuting adicara ing dalu menika, nuwun inggih namung mekaten:
- ingkang sepisan pambuka
- ingkang urut kalih 'acara inti', nuwun inggih adicara akad-nikah ijab qobulipun penganten
- dene ingkang urut tiga, nuwun inggih tambahan lan panutup.

Hadlirin hadlirat ingkang kula mulyaaken, wondene adicara akad-nikah samangke:
- badhe kabikak kanthi waosan wahyu suci Al Qur'an
- kalajengaken sawetawis srah tinampen calon temanten kakung
- lajeng akad-nikah ingkang kapratitisaken panjenganipun Bpk Pengulu.
mekaten menggah rantamaning adicara ing wekdal dalu menika, mugi-mugi saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara  menika, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.
========
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Salajengipun, uruting adicara inti ingkang sepisan, nuwun inggih nyuwun berkah waosan ayat2 suci Al Qur'an dhumateng panjenenganipun Bp/mas/mbak ......... Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun wekdal saha papan kula sumanggaaken.
========
Mekaten menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ........., mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha mbarokahi adicara ing dalu menika, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun .......... kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun, inggih menika Srah Tinampen calon temanten kakung. Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun Bp ............ minangka duta wacana, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Pasrah Temanten Kakung)===

Mekaten Atur Pasrah calon temanten kakung ingkang sampun kaaturaken kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.
Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp .................. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ......... wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tampi Temanten)===

Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp ..............., kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun, inggih menika adicara akad-nikah ijab qobulipun penganten, ingkang menika katur dhumateng Bp Pengulu wekdal saha papan kula sumanggaaken.

-====++====-

Para rawuh para pilenggah ingkang kula mulyaaken, mekaten adicara akad-nikah sampun purna, temanten kekalih sampun sah menggahing agami lan negari, mugi-mugi saged dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah warohmah, lan tembenipun pinaringan turun ingkang soleh solihah, allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang kula mulyaaken, ing salebeting adicara ingkang bahagia kados menika, raosipun kirang jangkep menawi dereng dipun paringi ular-ular utawi mau'izhah hasanah dening pinisepuh ingkang ngalim, saha pendonganipun para sesepuh ingkang pinundhi. Pramila adicara salajengipun, nyuwun sawetawis mau'izhah hasanah dhumateng panjenganipun Bp Kyai ........... Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun wekdal saha papan kula sumanggaaken.

-====**====-

Mekaten mau'izhah hasanah saking panjenenganipun Bp Kyai ............. mugi-mugi saged dados sanguning penganten kekalih anggenipun badhe mbina rumah tangga, saha mbarokahi dhumateng kula panjenengan sedaya, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun Bp Kyai .............. kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun, minangka panutup ing adicara dalu menika, badhe nyuwun barokah pendonga dhumateng panjenenganipun ..............
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken, langkung rumiyin wangsul dhateng pribadhi kula, sedaya kalepatan lan kekirangan anggen kula matur lan ndherekaken adicara menika, saha minangkani para kadang kulawarga, sanget anggenipun nyuwun agunging samodra pangaksama panjenengan sedaya.
Dene saparipurnaning donga ing mangke, kasuwun panjenengan sedaya tetep lelenggahan sawetawis rumiyin kanthi mardu mardhikaning penggalih, awit para kadang kulawarga badhe atur pasugatan sawetawis.
Mekaten, kula cekapaken semanten pamatur kula,
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Dhumateng panjenenganipun ............ wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar