Jeng...
Udan grimis sore iki nggowo angin gilir gumanti
Ora koyo wingi kang kebak pangarep-arep
Kanggo opo ora leren tak getuni
Yen nyatane lemah wes kadung teles
Sak umpomo aku biso nglarang
Nerang udan seng kadung deres iki
Tak tunggu ing ngesor payung katresnan
Tak derek'ake lakumu tumekan ngendi
Nanging...
Yen nyatane mangkono karepmu
Aku trimo kanthi ngelus dhodho
Mung siji kang dadi panyuwunku
Ojo nganti luh tumetes ing pipimu
Lakon kapungkur kang wus kliwat
Dadekno pangeling-eling
Sejatine sliramu jeng...
Selawase tak ukir ing jero manahku
Nanging....
Naliko Gusti kerso ngowahi garising takdir
Ojo pisan-pisan kuatir
Tresnku tan ora binagi ing liyan
Sampurno ing guritan siji
Senin, 31 Desember 2012
Related Posts
KAHANAN
Kahananku iki yen tak umpamakke Koyo cahyaning mbulan kang kalingan mego Peteng koyo aneng luweng Suwung sepi tan ono Kang biso angluwari Panandangi ...Banyu Goblog
Ojo mbok terus-terusake Ayo ngombe banyu liyo seng enak rasane Bola-bali tak kandani, Paaak... Ojo ngombe banyu kuwi Utek encer dadi koplak Awak seh ...Mu'jizat Alloh, Bencana, Dan Misteri Tanggal 26
Mu'jizat sing biasane ditulis mukjizat definisine menurut aqidah islam yoiku perkoro sing luar biasa sing iso nggawe mung Gusti Alloh kanggo nguatak ...Pengertian Siam
Siam utawi poso utawi puoso utawi puasa berasal saking tembung bahasa arab shoum utawi shiam artinipun ngempet yoiku ngempet howo nepsu menahan diri ...ANU
Anu adalah anu, siapa yang bisa menjelaskan makna kata anu, koyoknya gak bakalan ono seng iso njelasne opo arti kata anu, amergo anu sendiri iku din ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
emboh ra mudeng sing jelas we kok tambah nggantheng mas
BalasHapusah tenane
Hapusmatur nuwun ...
BalasHapusemang aku bar ngewehi opo?
Hapusngonokui lek nyanyekne piye? eh.. iku lagu opo puisi seh?
BalasHapusmeh koyo garuda pancal silet
HapusTak woco woco kok aku tambah orah mudeh blas iki haha
BalasHapuspenting komen,hehe
HapusOjo dumeh, Ojo lali, Ojooooo...
BalasHapusAku ora ngerti bahasa jawa :-(
ah moso
Hapus'ngganteng tenan
BalasHapusah tenane
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.