Jeng...
Udan grimis sore iki nggowo angin gilir gumanti
Ora koyo wingi kang kebak pangarep-arep
Kanggo opo ora leren tak getuni
Yen nyatane lemah wes kadung teles
Sak umpomo aku biso nglarang
Nerang udan seng kadung deres iki
Tak tunggu ing ngesor payung katresnan
Tak derek'ake lakumu tumekan ngendi
Nanging...
Yen nyatane mangkono karepmu
Aku trimo kanthi ngelus dhodho
Mung siji kang dadi panyuwunku
Ojo nganti luh tumetes ing pipimu
Lakon kapungkur kang wus kliwat
Dadekno pangeling-eling
Sejatine sliramu jeng...
Selawase tak ukir ing jero manahku
Nanging....
Naliko Gusti kerso ngowahi garising takdir
Ojo pisan-pisan kuatir
Tresnku tan ora binagi ing liyan
Sampurno ing guritan siji
Senin, 31 Desember 2012
Related Posts
Sliramu Lan Roso Tresnoku
Mentebing laku budhal njangkah, Nalikane krungu kabar sliramu ono ing tlatah, Deso kang bakal ngukir sejarah, Puthuk Mojo seksi sejatining roso manah ...Sirno Tan Biso Ketulungan
Jeng... Udan grimis sore iki nggowo angin gilir gumanti Ora koyo wingi kang kebak pangarep-arep Kanggo opo ora leren tak getuni Yen nyatane lemah ...Kultum Tarweh Dinten Pertama
#Kultum tarweh dinten pertama dening Kyai Kholifah Ali * Makna Poso Secara lahiriyah : nyegah sekabehaning perkawis engkang mbatalaken poso saking te ...Keslomot
Keslomot, bedo karo kesumuban yen keslomot iku roso panas seng disebabne songko geni kang sedilut banget ngobonge, yen sampek kebacut mongko diarani ...Sinep
Sinep, yoiku kahanan wektu awan naliko langit kebak mendung, ora panas nanging yo ora udan. Kahanan cuaca kang mendukung banget kanggo nyambut gawe. ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
emboh ra mudeng sing jelas we kok tambah nggantheng mas
BalasHapusah tenane
Hapusmatur nuwun ...
BalasHapusemang aku bar ngewehi opo?
Hapusngonokui lek nyanyekne piye? eh.. iku lagu opo puisi seh?
BalasHapusmeh koyo garuda pancal silet
HapusTak woco woco kok aku tambah orah mudeh blas iki haha
BalasHapuspenting komen,hehe
HapusOjo dumeh, Ojo lali, Ojooooo...
BalasHapusAku ora ngerti bahasa jawa :-(
ah moso
Hapus'ngganteng tenan
BalasHapusah tenane
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.