Selasa, 07 Agustus 2018

PELITIK

Bares wae, pilpres kepungkur aku ancen milih prabowo, dadi timses malahan, termasuk tim buzzer medsos kanggo ngunggahne suworone prabowo neng Ponorogo, diewangi mbully nganti cyber war. Sampek kordes desa wae tak cekel, di bawah kibaran panji partai seng dipasrahi quick semi real count lan ugo partai seng mengkoordinatori saksi TPS se Indonesia. Bahkan kober-kober'e aku sowan marang Timses Nasional pemenangan prabowo wektu iku, najanto ketemuane mung neng warung sate tukri, tapi wis marem neng ati. Tapi kui BIYEN.

Lha saiki aku yo ora wani lah, yen dikon menyatakan ndukung prabowo. Opo maneh wujud tindakan. Yo wegah to.. bunuh diri kui jenenge.

Ojo trus mbok kiro aku berubah haluan ndukung Jokowi. Yo gengsilah... pemilu biyen wae kontra kok.

Mulai saiki, sampek pemilu tahun ngarep, aku dadi wong NETRAL. Ora memihak salah sijine cepres. Wis disumpah malahan. Netral bukan berarti golput, artine aku tetep budal nyoblos nyang TPS gek yo justru melu ngurusi TPS :v

Lha yen wingi ono seng takon nyapo kok ndukung Jokowi padahal pas coblosan biyen pileh prabowo. Kui ngno ora kok mergo Jokowine seng didukung. Tapi sopo ae seng dadi presiden ya ancen kudu didukung, dibantu, didongakne, minimal orasah melu ngelek-elek. Ojo kok mergo ora cocok karo Jokowi njuk arep gae negoro anyar. Arep gae negoro dewe. Arep gawe ideologi anyar. Bocah deingi sore seng jek unyu-unyu modal copy paste wae kok wani-wanine tausiah nengarepe poro pinisepuh. Lak yo ngalamat bakal kuwalat.

Ayo dadi pemilih seng cerdas. Wong seng pinter ojo ngemohi politik. Wong seng cerdas ora bakal golput, yen golput mongko wong pekok seng bakal menentukan nasib'e Indonesia. Pilihen seng rumangsamu apik tanpo ngelek-elek pilihane wong liyo. Sopo wae seng dadi presiden taun ngarep, iku ancen wis dadi ikhtiyare wong sak Indonesia.

Akhir kata, yuk... mari dipastikan apakah nama sampean wis terdaftar di DPT pemilu 2019?
Hubungi PPS setempat sampai tanggal 12 Agustus 2018 (y)
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

1 engkang sampun komentar:

  1. Wah, yo tulisan ngene iki sing sejatine klebu pawiyatan politik. Nyadarake menawi politik ki penting, hananging ora marai dadi fanatik. Sae niki mas. Sae saestu.

    BalasHapus