Jumat, 17 Agustus 2018

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Agustus

KHUTBAH JUM’AT
SYUKUR KEMERDEKAAN ING WULAN BESAR
Oleh : Paris Mubaqi

الحمد لله٠ الحمد لله رب العالمين .الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خلق الإنسان في أحسن تقويم.
اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ علَى سيدنا مُحَمّدٍ . نبي الأمي وعلى آله وصحبه وسلم. تسليمًا بقدر عظمة ذاتك في كل وقت وحين.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ .وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لا نبيا بعده.
أمَّا بعْدُ، فيَا أَيُّهَا المسلمون … اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ.
فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْم .اعوذ بالله من الشيطان الرجيم .بسم الله الرحمن الرحيم .
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Hadrotal muhtaromin, Kaum muslimim rohimakumulloh,
Kanthi ikror Alhamdulillahirobbil‘alamiin, sumonggo kito manjataken raos syukur atas sedoyo nikmat, rohmat soho hidayah saking Alloh SWT, engkang sampun kito tampi lan kito raosaken ngantos saat meniko, lan sumonggo kito tingkataken anggenipun takwa kanthi nglaksanaaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, Sumonggo kito update level takwa kito kanti takwa engkang sak sae-saenipun takwa, kanthi ajrih dumateng Alloh, soho nindaaken amal kesaenan, engkang saget nambahi raos takwa kito dumateng Alloh SWT.
Sholawat salam tetep kito sanjungaken dumateng Nabi junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ing pangajab mugi kito kagolong umatipun engkang mbenjang pikantuk syafa’at, syafa’at fiddiini waddunya wal aakhiroh..
Kaum muslimin rohimakumulloh,
Sampun kito mangertosi bileh wulan meniko wulan engkang mulyo, menggahipun kito tiyang engkang muslim, lan ugi menggahipun kito selaku Bangsa Indonesia. Wonten kaleh dinten, dinten engkang agung sak lebetipun wulan meniko. Engkang pertama inggih puniko tanggal 17 Agustus kito selaku Bangsa Indonesia memperingati hari kemerdekaan memperingati hari proklamasi, mboten sanes sebagai wujud raos syukur kito dumateg Alloh atas rohmatipun dateng kito sebagai rakyat Indonesia.

Qoola Ta’ala :
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لأزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Artosipun : Lan elingo siro nalikane Allah ngendiko “sak temene bilih siro kabeh bersyukur, mesti bakalan Ingsun tambahi nikmat kelawan siro, lan bilih siro ingkar kelawan nikmatKu, sak temene adzabKu banget larane. (Qur’an Surat Ibrohim ayat 7)
Kito wajib syukur atas sedoyo nikmatipun Alloh, mboten namung nikmat dalam hal materi kemawon, ananging ugi nikmat engkang arupi kemerdekaan, Inggih puniko kemerdekaan Negari Kesatuan Republik Indonesia, ingkang kedah kito syukuri sesarengan. Keranten kito meniko namung generasi penerus engkang mboten ngraosaken paitipun perjuangan, langkung-langkung perjuanganipun poro leluhur sak derengipun Indonesia merdeka. Pripun caranipun kito matursuwun dumateng poro leluhur engkang sampun pemperjuangkan kemerdekaan meniko? Dengan peringatan kemerdekaan ing wulan meniko kito saget bersyukur, emut dumateng jasanipun poro pejuang engkang prihatin demi kesejahteraan generasinipun, ngantos dumugi generasi kito saat meniko.
Sebagai Umat Islam kito kedah emut bileh kemerdekaan Indonesia meniko, mboten terlepas saking perjuanganipun tokok-tokoh islam, kados to panjenenganipun KH. Ahmad Dahlan lan ugi Hadrotus Syaikh Hasyim Asy’ari engkang nderek memperjuangkan kemerdekaan lan ugi merumuskan dasaripun Negari Indonesia.
Kito saget menikmati buah manis hasil perjuanganipun poro leluhur, lan ugi kito saget nerusaken tongkat estafet perjuangan untuk menjadikah Bangsa meniko engkang langkung sae. Mboten perlu mikir kadohan, memikirkan Indonesia dalam skala nasional, kito mulai mawon semangat meniko saking pribadinipun kito piyambak, kito awiti ing lingkungan kito ing Deso Kaponan meniko lan monggo ugi kito awaiti saking saat meniko.
Kasebataken wonten ing Pembukaan Undang-undang Dasar 1945, engkang bunyinipun “Atas berkat rohmat Allah Yang Maha Kuasa, dan didorong oleh keinginan luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”. Dados sampun jelas dipun ikroaken dening poro pejuang kemerdekaan, dipun sadari bileh kemerdekaan puniko atas barokah lan ugi rohmatipun Gusti Alloh, pramilo mboten salah lan justru kito kedah nyukuri rohmat lan barokahipun Gusti Alloh engkang arupi kemerdekaan meniko. Mugi-mugi jalaran raos syukur kito, kados janjinipun Gusti Alloh kasebat, Gusti Alloh bakal nambahi nikmat, barokah lan rohmatipun dumateng kito Bangsa Indonesia.

Kaum muslimin hafidzolloh…
Dinten mulyo ingkang ongko kaleh inggih puniko, Idul Adha utawi Idul Hajji utawi Idul Qurban engkang kito laksanaaken kolowingi kapengker, Dumateng tiyang islam engkang mampu wajib hukumipun nindaaken ibadah haji, keranten meniko dados rukunipun Islam. Alhamdulilah Gusti Alloh meniko Maha Bijaksana, dumateng engkang dereng mampu haji Gusti Alloh paring kesempatan kanthi Idul Qurban, kito dipun anjuraken nyebelih hewan kurban, Alhamdulilah Gusti Alloh meniko Maha Pengampun, dumateng engkang dereng saget Qurban kito dianjurkan sodaqoh sak kiyatipun piyambak dumateng sesami engkang membutuhkan, Gusti Alloh Meniko Moho Welas Asih, dumateng tiyang engkang purun bersyukur dateng nikmat, rohmat lan barokahipun, Gusti Alloh Janji bakal paring nikmat engkang langkung kathah.
Riyoyo qurban meniko kathah hikmah engkang saget kito resapi. Sakderengipun Rosululloh dipun utus, Qurban meniko awalipun adat budaya jahiliyah engkang dados pakulinan kaum qurais, engkang nyembelih hewan wonten sak ngandape patung sesembahanipun, sak lajengipun adat meniko dipun ubah kalian Rosululloh, nyembelihipun hewan tetep, akan tetapi niyatipun engkang dipun ubah, sanes ditujoaken dumateng patung engkang benda mati, ananging Qurban meniko itba’ Nabiyuna Ibrohim AS, qurban lillahi ta’ala. Wujud keikhlasanipun hamba supados rela mengurbankan sebagian harta, ikhlas mengurbankan nopo engkang dipun remeni menikolah hikmah pertama saking sejarahipun Nabi Ibrohim Habibulloh.
Dawuhipun Alloh :
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم
قَدۡ كَانَتۡ لَكُمۡ أُسۡوَةٌ حَسَنَةٞ فِيٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَٱلَّذِينَ مَعَهُ

Saktemene ono conto sing apik kanggo siro kabeh ing dalem pribadine Nabi Ibrohim lan wong-wong sing sak jamane Nabi Ibrohim. (QS. Al-Mumtahanah:4)
Kaum muslimin rohimakumulloh
Hikmah engkang ongko kaleh, ing dalem riwayatipun Nabi Ibrohim disebataken bilih Nabi Ibrohim dipun uji kecintaanipun dumateng putro, tresnanipun dumateng keluargo, langkung ageng pundi dibanding ketaatanipun dumateng perintahipun Gusti Alloh. Alhamdulillah Nabi Ibrohim lan Nabi Ismail lulus ujian, kanthi keikhlasan lan ketakwaan netepi nopo engkang dipun dawuhaken, sahinggo piyambakipun mboten tamtu kelangan Putro lan justru dipun ganti kanthi patebusan hewan kurban,

Pramilo raos syukuripun Nabi kekalih meniko engkang mboten saget dipun gambaraken agengipun, dipun abadikan Alloh wonten ing surat Ibrohim Ayat 7 engkang kasebat ing inggil kolo wau. Sekaligus Gusti Alloh paring peringatan dumateng engkang kufur utawi mboten purun syukur Gusti Alloh bakal paring azab engkang banget larane, na’udzubillahi min dzaalik.
Kaum muslimin engkang dipun rohmati Alloh,
Kecintaan lan ketaatan meniko, kaleh perkawis ingkang boten saget dipun pisah.
Imam Al-baidlowi ngendiko : “Cinta, inggih meniko kepinginan nglampahi taat, Tresnane manungso dateng Alloh lan Rosulipun inggih meniko manut lan nderek dateng perintah-perintahipun Allah lan ridlo dateng sedoyo perintahipun Alloh lan ajaran ingkang dipun asto Rosululloh SAW.
Artosipun, kecintaan lan ketaatan dateng Alloh boten mungkin dipun wujudaken tanpo pengorbanan. Dados mboten wonten tresno tanpo ketaatan, lan boten wonten taat tanpo pengorbanan. Pramilo, menawi kito mengakui cinta dumateng Allah lan Rosulipun, serto nderek ajaran-ajaran Islam, temtu kito boten badhe nyia-nyiaaken kesempatan ing wulan Idul Adha meniko namung kangge seneng-seneng kemawon. Sebab Gusti Alloh merintahaken dateng kito andum nikmat lan kesyukuran wonten dinten riyadin meniko, kados ingkang sampun dipun contoaken deneng poro Nabi lan ugi poro Rosul.
Akhirul kalam, Kanthi wujud raos syukur kito, Gusti Alloh badhe nambahi nikmat, insaAlloh kanthi berlipat gandanipun nikmat, kito saget sodaqoh, saget nglaksanaaken Qurban, lan mugi-mugi saget ugi nindaaken Haji wonten ing Baitulloh.
Kanthi wujud raos syukur kito, atas kemerdekaan Indonesia meniko, mugi-mugi anjalari Gusti Alloh paring tambahipun barokah lan rohmat dumateng Bangsa Indonesia lan dumateng Umat Islam Indonesia Khususipun, sejahtera rakyatipun, guyup rukun masyarakatipun, dadoso Negari engkang Baldatun toyyibatun warobbun ghofuur. Aamiin aamiin yaa mujiibas saailiin.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم. ونفعني وإياكم بمافيه من ا لآيات والذكرالحكيم. وجعلني وإياكم من الصالحين. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ .
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم .بسم الله الرحمن الرحيم . وَلَقَدْاٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ
اَنِ اشْكُرْلِلّٰه .وَمَنْ يَّشْكُرْفَاِنَّمَايَشْكُرُلِنَفْسِهٖ‌ۚ وَمَنْكَفَرَفَاِنَّ اللّٰهَ غَنِىٌّ حَمِيْد.
أقول قولي هذاوأستغفرالله العظيم. فاستغفروه إنه هوالغفورالرحيم


KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا بقدره.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ .
وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ.
أَمَّا بَعْدُ… فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ. وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ مسبِحَة بِقُدْسِهِ .وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى
يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ .وَارْضَ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ .وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ .وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ. لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ . اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ يا قاضي الحاجات
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَ ذُنُوْبَ وَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ. وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ. وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ. مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا وَقريَتِنَاَ كافوَنَانْ خآصَّةً. وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً.
رَبِّ اجْعَلْ هَـذَا بَلَدا آمِناً كما قال بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُورٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ. وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سبحان ربك رب العزة عما يصفون . وسلام على المرسلين . والحمد لله رب العالمين
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ. وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ 
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

6 engkang sampun komentar: