Senin, 01 Mei 2017

Ngujubne Hajat (Boso Jowo)

Assalamu ‘alaikum wr wb.

Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo. Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging samudro pangarsami.

Sumonggo kulo aturi sesarengan muji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo.
Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kukuban.
Bopo…………….sak kukuban Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.

Sholawat  soho salam mugi kunjuk atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, Usman soho Ali Alaihi sholatu wassalam.
Dene wekdal meniko kulo kapurih ngikrar aken punopo ingkang dados niat soho Hajatipun shohibul Bait bopo…………………………….Wodene wekdal meniko bopo…………………..kagungan Hajad injih meniko bade………………………
Pramilo panjenengan sedoyo dipun aturi Nyekseni lan dipun suwuni pandungo wilujeng dumateng bopo ……………………..sak kukuban, mugi-mugi asalipun Gelar Genduri Sodaqohan wonten dalu puniko tansah pikantuk barokah soho Rahmad saking Gusti Allah SWT.
Ing wekdal meniko bopo……..Rerakit Ubo Rampinipun Gelar Genduri ingkang sampun wonten Ngarso Panjenengan sedoyo.

Sepindah Rerakit BUBUR ABANG PUTIH, Meniko kangge mbektosi sederek ipun bopo…….ingkang lahir tunggal sedino, Marmarti Kakang Kawah Adi Ari-ari Sederek sekawan gangsal pancer Getih Puset. Sederek ipun ingkang kerawatan lan sederekipun ingkang mboten kerawatan, Sederekipun ingkang Lahir medal Margo ino soho Sederekipun ingkang lahir mboten medal Margo ino, Soho Sederekipun ingkang lahir sareng sedino. Sederekipun ingkang tunggal sakpertapan sanes panggenan ingkang kandek Dasare tuyo Dasare Bumi . Pramilo dipun bektosi mugi-mugi Maringono pandungo wilujeng sak rintene soho sak dalunipun mboten wonten alangan se tunggal punopo-punopo. Lan Mbektosi sederek ingkang Celak tanpo Sinenggol tebih tanpo wangenan, Mugi-mugi Maringono Wilujeng dumateng bopo………..sak keluargonipun.

Bubur Abang Putih sebab meniko atur bekti dumateng Kyai Smerobumi soho Nyai Smorobumi, Kaki Danyang soho Nini Danyang ingkang  Mbahu Rekso Dusun………..Kelurahan …………….mriki.

Ingkang sak lajengipun Bopo……………..Rerakit Pisang Ayu sekar konyoh Gondo Arum meniko Atur bekti Dumateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekkeh Madinah. Pramilo dipun bekteni Mugi-mugi Maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten alangan setunggal punopo punopo.

Ingkang saklajengipun Bopo ……………..Rerakit sekol suci Ulam sari, Duduh Lembaran. Atur bekti dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Keluargo soho Shohabatipun sekawan inggih meniko Abu bakar, Umar, Usman soho Ali alaihi sholatu wassalam.

Lan Atur bekti dumateng Bopo Adam Ibu Howo,  Bopo Angkoso Ibu Pertiwi lan Atur bekti dumateng poro Nabi, poro Wali,  poro Suhada, poro Alim Ulama, poro Mukmin Mukminat. Pramilo dipun bekteni mugi-mugi maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten Alangan setunggal punopo-punopo. Sebab maleh atur bekti dumateng Kanjeng nabi Sulaiman Alaihi salam ingkang  Nguasani Kutu-kutu, Walang, Atogo sak lumahing Bumi sak kureping Langit, Pramilo dipun bekteni mbok bilih  wonten kirang kalepatanipun Anggenipun Amragat Sato Iwen ingkang  Suku kalih soho Sato Iwen ingkang Suku sekawan Mugi-mugi Kanjeng Nabi Sulaiman kerso Amaringi pangapunten.

Mekaten Atur kulo kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr wb.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

5 engkang sampun komentar:

  1. waduh kgk ngerti bahasanya hahaha

    BalasHapus
  2. thanks banget, artikel ini sangat bagus.!!

    Hi guys,saya mau recomendasikan buat kalian yang suka bermain permainan judi online

    Cukup hanya dengan melakukan minimal deposit Rp 10.000 , kalian sudah dapat menikmati permainan yang kami sediahkan.

    menangkan taruhan anda Bersama Nasapoker Jackpot Ratusan juta Rupiah Dan raih kesempatan Undian Gagdet ASUS secara cuma-cuma ??

    Jadi tunggu apalagi , segera DAFTAR – MAIN – MENANG – WITHDRAW…
    Hanya di http://www.nasapoker.com

    contact :
    bbm 2870ACC5
    instagram : NASA_POKER
    LINE : NASA.POKER
    Wechat : nasapoker7M

    Learn To Play Poker

    BalasHapus
  3. bagus banget sukses selalu yah...
    di tunggu postingan selanjutnya,,

    izin share yah gan
    kunjungi website situs agen poker terpercaya
    http:www.aladincash7.com

    BalasHapus