Mentebing laku budhal njangkah,
Nalikane krungu kabar sliramu ono ing tlatah,
Deso kang bakal ngukir sejarah,
Puthuk Mojo seksi sejatining roso manah.
Bungahing ati ra keno den tutupi,
Ayuning rupo lusinan wanito kalah dening,
Netro liyep alindri, pasuryan sumunar ngalentrih,
Sun ketemu esem pait madu songko lambe nggula satemlik.
Lungguh keloroan thukul roso ra biso sun critakno,
Ilat mati ra biso ngucap endahing tembang,
Bungah lan maneko warno roso,
Salah ing tingkang pakewuh ing tandang.
Endah edining busono sun ra bakal lali,
Ananging lembuting pangucapmu kang sun kangeni,
Koyo dene rembulan kang dadi padhange wengi,
Sun kepingin sliramu kang madhangi ati.
Mugi Gusti paring ridho marang roso,
Roso sing ra kenal dawane aspal,
Semono ugo kekalehipun wong tuwo,
Paring pangestu dening jembaring wekdal.
Najan sak ketiping netro,
nyatane sun mbuktekno,
Tulusing pujo roso kang aran tresno,
Tresno dening wanito Puthuk Mojo.😚
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 engkang sampun komentar:
Posting Komentar