Senin, 16 Mei 2011

Ngacarani Mitung Ndina Sripahan

Jika ada orang meninggal dunia, di kampung biasanya dari malam pertama hingga malam ketujuh masyarakat sekitar berkumpul untuk tahlilan mendoakan almarhum. Pada malam ketujuh biasanya diadakan khataman dan kenduren. Untuk itu pada saat akan tahlilan di malam keenam diumumkan rencana itu kepada hadirin. Berikut contohnya:

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, keparenga kula sumela atur dhumateng para rawuh para pilenggah pambela raos samudayanipun, sakderengipun tahlil kawiwitan. Ing ngriki kula minangkani kulawarga shohibul mushibah, ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa paring pambiyantu ndherek bela sungkawa lan bela raos dhumateng sedanipun almarhum/almarhumah ................................. Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan sedaya menika pikantuk leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Salajengipun keparenga atur pamriksa, bilih ngenjang dalu menika kaleres malem pitung dintenipun sowanipun almarhum/almarhumah ........................ wonten ngarsa dalem Allah SWT, pramila saking menika badhe dipun wontenaken khataman anggenipun kula panjenengan ndherek-ndherek dedonga memuji ndherekaken almarhum/almarhumah sowan wonten ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang menika, panjenengan sedaya kasuwun rawuhipun mbenjang dalu, wekdalipun bakda maghrib/isya'. Sepisan malih, ngenjang dalu, bakda maghrib/isya' panjenengan sedaya kasuwun rawuhipun wonten ing papan menika, saperlu ndherek khataman. Wondene ingkang wekdal menika mboten rawuh kasuwun ugi rawuhipun, pramila saking menika keparenga panjenengan sedaya gethok tular paring pamriksa dhumateng ingkang wekdal menika mboten rawuh.
Mekaten pamatur kula minangkani kulawarga shohibul mushibah, wonten kalepatan saha kekiranganipun, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Kemudian pada malam hari ketujuh, sebelum tahlilan dimulai seorang wakil keluarga berpidato di depan hadirin. Begini contohnya:

Assalamu'alaikum wr.wb.
(ayat)

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ......................., ..................., ........................ ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, para kadang wredha mudha lan tumaruna, para pambela sungkawa bela raos, ingkang tansah cinaket ing manah. Sugeng rawuh, wilujeng dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan tuwin kawilujengan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun, kula panjenengan ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah pambela raos ingkang sinuba sagunging pakurmatan.
Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ...................... sakulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, kula pun .................., lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken wigatosing gati ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu ............................... gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya ingkang tansah kabujung ing bot repoting gesang ing bebrayan agung, parandene tasih kesdu ndhanganaken penggalih haminakaken wanci saha mirunggeaken wekdal, samya kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun Bp/Ibu ......................... sakulawarga. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih dalu menika kaleres malem pitung dintenipun ............................. swargi tinimbalan sowan wonten ngarsa dalem Allah SWT. Mila saking menika, panjenengan sedaya karawuhaken ing menika papan, saperlu badhe kasuwun pambiyantunipun, nuwun inggih dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, kanthi maos kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi arwahipun almarhum/almarhumah ................................... katampi wonten ngarsa dalem Allah SWT, pinaringan papan ingkang sekeca, saha pikantuk maghfirah, dipun ngapunten sedaya lepat dosanipun, allahumma amin.
Wondene minangka imam tahlil samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp ...................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, Bp/Ibu ........................... gotrah kulawarga lumantar kula, ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat dhusun ................................. menika; ingkang arupi bandha-beya, bau-suku, menapadene iguh-pratikel, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel entheng sesanggemanipun kulawarga panandhang dhuhkita. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu .............................. sakulawarga mboten kuwawi atur piwales menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi-mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Jazakumullah ahsanal jaza'. Allahumma amin.

Ewa semanten, Bp/Ibu ............................. sakulawarga tasih badhe nggresahi malih, dhumateng para kadang anem langkung-langkung warga RT .... ngriki, mbenjang tasih badhe kasuwun pambiyantunipun, nuwun inggih ngondur-ngonduraken ampilan, kados dene kursi, meja, tratag, menapa dene lagan tuwin pecah belah lan sanesipun.

Para rawuh pambela raos ingkang pantes sinudarsana, Bp/Ibu ............................. sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbok bilih Bp/Ibu ....................... sakulawarga, anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Ugi mbokbilih ndadosaken kuciwaning penggalih, dene Bp/Ibu .............................. sakulawarga mboten saged atur papan pilenggahan ingkang sarwa sekeca, ingkang samurwat kaliyan kawibawan panjenengan, menapadene atur pasugatan ing mangke ingkang sarwa kirang mahanani, pramila saking menika Bp/Ibu .............................. sakulawarga nyuwun agunging pangapunten panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah pambela raos ingkang satuhu luhur ing budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, ing mangke saparipurnaning waosan tahlil, kasuwun tetep lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, awit para kadang kulawarga badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis.

Salajengipun wangsul dhumateng kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur, keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb

Dhumateng panjenenganipun Bp ............................... kasumanggaaken. Nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar