Jumat, 14 Januari 2011

Salah Kaprah

Sak jane salah tapi mergo wes kaprah dadine maleh dianggep bener, akeh perkoro sing wes kadung dadi kebiasaan mergo rumangsane bener tur wes kadung umum dilakoni wong akeh padahal asline iku salah.

Sholat sunnah tahiyatul masjid lan sholat sunnah qobliyah jum'ah emang akeh tur gedi pahalane, tapi nek terah niyatmu arep sholat sunnah yo budalo nang mesjid iku sak durunge adzan sholat jum'at. Rosululloh SAW bersabda:

روى عن ابى هريرة رضى الله عنه . انه قال , قال رسول الله صلىالله عليه وسلم . اذا قلت لصاحبك يوم الجمعة انصت , والامام يخطب فقد لغوت . انصتوا واسمعوا واطيعوا رحمكم الله , انصتوا واسمعوا واطيعوا رحمكم الله , انصتوا واسمعوا لعلكم ترحمون.متفق عليه

Intine hadist iku nek wes khutbah di mulai ojo ngetokne suoro walaupun sak kecap, tapi rungokno sing tenan opo sing disampekne khotib. bahkan ngongkon meneng wong sing nang sandingmu iku yo ora entuk, mergo menenge pas khutbah iku wajib hukume dalam kurung dadi wajibe ngrungokne digaris miringi haram hukume omong opo wae termasuk dzikir lan omongan sing meskipun iku amr ma'ruf nahi mungkar.

wes ngerti iku ono hadise artine Nabi Muhammad dewe sing ngongkon meneng, tiap-tiap saben khotib munggah mimbar di bengokne tapi yo mergo wes kadung kaprah iku maeng to, sering tur akeh umat sing ngakune islam wes nyoto-nyoto khutbah sedang di woco khotib nyapo kok malah podo sholat tahiyatul masjid, kok malah sholat qobliyah padahal khutbah jum'at wes dimulai.

"Iku kan sholat sunnah sing akeh pahalane."

Nek ono sing njawab koyo mangkono iku trus tetep wae sholat sunnah pas tengah-tengahe khutbah diwoco berarti iku jenenge "ninggalne perkoro wajib mung kanggo mburu sunnah sing salah panggon lan wayahe". Wes ora entuk pahala sholat sunnahe, sholat jum'ate ora oleh gae.

Bersambung ke episode selanjutnya....(walah koyo sinetron picisan wae)
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

23 engkang sampun komentar:

  1. salam sahabat
    healah kang lha nek salah kaprah diterusne iki nseng bahaya lhoh xixixixi ta tunggu episode selanjutnya ya

    BalasHapus
  2. (Maaf) izin mengamankan KEDUAX dulu. Boleh, kan?!
    Aku mau awan ugho kari jum'atan. Tekan masjid wes munggah khotibe. Lha, aku ora sholat sunnah trus banjur linggih wae. Karepe nengklengke khutbah, e... malah ngantuk.

    BalasHapus
  3. Sing ra melu jumatan oleh komen ora...?

    BalasHapus
  4. dhana*sek golek ide,hehehee
    alamendah*aku ora ngantuk,tapi malah keturon,hehee
    profijo*oleh ae sing ra sempakan tok sing gak entuk komen

    BalasHapus
  5. Malah ono sing nyambi SMS an...
    Trus pas tengah2e sholat HP ne muni...
    Kukuruyukkkkkkkkkk..........
    Crot!!!

    BalasHapus
  6. laek pak mars mesti malah nyambi ngeplurk

    BalasHapus
  7. mangstab tenan kang,
    matur nuwun wejanganipun ^^

    BalasHapus
  8. wah wah malah sing sip neh ki pas wayahe kutbah wes tekone kasep malah dadak jagongan nek kidule mejid jami' M**r*k, komat lg podo gruduk2 mlebu...jossss tenannnn

    BalasHapus
  9. walah mosok jumatan sambi sms, mesti iku lagi wae duwe hape...

    BalasHapus
  10. waduhh.. nggoleti translator sek lo mas :( oladalahhh...

    BalasHapus
  11. Yo karepe wes jarno. Katene dikandani malah ilang wajibe ngrungokno khutbah jumate.
    Lek sik panggah sms an, kepruk wae karo jidor. Ora kakean omong toh

    BalasHapus
  12. pancen bener, mas. aku termasuk golongan iki. shalat tahiyyatul masjid nalika khatib wis medhar khotbah. doh, kena aku, hiks.

    BalasHapus
  13. Salah kaprah iku nek ora oleh gawe berarti koyodening mung olah raga jentat-jentit nok masjid nuh..

    BalasHapus
  14. jemahan kok SMSan ke gek eyip nolo ??

    BalasHapus
  15. Kula mboten sumerap maksude panjenengan.
    Ngge intine sakniki wonten artikel salah kaprah,ngge

    mampir ten blog kula,Ngge?

    BalasHapus
  16. jenenge kok ganti segawon? ha ha ha...apik rek postingan boso jowo, bertahan terus yo...

    BalasHapus
  17. yup kebiasaan yg salah kaprah
    mungkin perlu diberitahu masalah mana yang wajib, mana yang sunat

    BalasHapus
  18. hayyah..! la sing "pindah turu" gak dibahas..

    BalasHapus
  19. wes epidode piro kie? kok wes bersambung?

    BalasHapus
  20. Neng Indonesia kok mas.... wis biasa ngono kui...
    lha kok suwi banget lagi ketok to maaaas....

    BalasHapus
  21. Biasa bos, jarang onlen, mergo dompet jarang terisi.

    BalasHapus
  22. salam kenal dari BIG,,jgn lupa kunjungi semoga bermanfaat ,trims
    http://yoyon12.wordpress.com

    BalasHapus