Minggu, 23 Januari 2011

Atur Panatacara ing Standing Party

Para tamu kakung miwah putri ingkang tansah winantu ing karahayon.
Nuwun, ngaturi uninga bilih Bp _____(pemangkugati)_________ sakulawangsa ngambali sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa upami, awit dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh paring berkah pangestu dhateng putra temanten kekalih, nuwun inggih ____(temanten kakung)________ lan ______(temanten putri)_____ ing wiwawahan jumeneng wekdal punika. Saksampunipun paring berkah pangestu kanthi jawat asta saha paring pangandika, ing salajengipun kersaa para tamu angrahabi lan angresepi pasugatan prasaja kanthi mardu mardikaning penggalih, inggih punika kanthi cara prasmanan ing papan ingkang sampun kasamektakaken. Sumangga, nuwun.

===================

Para tamu kakung miwah putri ingkang sinudarsana.
Bp ____(pemangkugati)________ sakulawarga saestu bombong bingah ing manah, pramila sanget-sanget anggenipun ngaturaken agenging panuwun dhumateng para tamu kakung putri ingkang sampun kersa rawuh saha paring berkah pangestu ing wiwahan punika. Saksampunipun angrahabi lan angresepi pasugatan ingkang sarwi prasaja, saha wawan pangandikan kaliyan para kadang karuh, menawi kapenggalih cekap, saha ngersakaken kondur, kawula sedaya namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi tansah winantua ing karahayon. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Keterangan
Pawiwahan Jumeneng (=standing party) biasanya tak ada upacara apa-apa, hanya tamu-tamu yang silih ganti berdatangan, karena itu kata-kata MCnya juga hanya itu-itu saja, tetapi justru lebih melelahkan karena bisa jadi seharian tak henti-henti mengulang dan mengulang kata-kata. Untuk meringankan tugas biasanya juga ada 'orjen tunggal' atau minimal memutar musik, karenanya perlu juga berimprovisasi dalam hal musik tersebut. 
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar