Kamis, 20 Januari 2011

Salah Kaprah Maneh

Aku kapan kae jagongan karo wong jubahan putih songkok kaji putih jengggote yo putih, sayange untune kuning. omahe Si Jenggot Putih iku sandinge omah sing tak cet (maklum aku iki yo tukang cat lho)

Dino pertama kenalan, biasa omongane sok alim ngimbangi jubahe sing koyo mantel jas udan.

Dino kepindo Si Jenggot Putih wes lekas wani nuturi aku, wejangan jare. Ayat Al-Qur'an, Hadist kabeh dalil metu songko cangkeme sing mundak ombo. Bener sih tujuane yo apik lek diikuti, aku di wejang keutamaane sholat lail alias solat malam, tahajut, sholat tasbih, sholat hajat, lan sholat-sholat sunnah liyane sing akeh tur gedi banget pahalane. sakjane aku yo wes ngerti lha aku lho elek-elek koyo ngene ritek yo kyai lho... ra ketang Kyai Segawon, yo mung minongko menghormati tak rungokne wae piye karepe. intine Si Jenggot Putih nyombongne yen dewek'e saben dino sholat wengi, apik sih maksude supoyo aku melu-melu sholat wengi, tapi...

Dino ketelune, tumben Si Jenggot Putih wes jam songo sing biasane wes ceramah ngrusuhi aku kerjo kok durung muncul kawit esuk mau. pembantune sing bahenol egal-egol lagi nyapu tak takoni menyang ngendi juragane kok wes awan durung ngetoro.

Wah...luar biasa jawaban pembantune Si Jenggot Putih,"Bapak MBANGKONG mas, lha niko tasik ngorok teng ngajeng tivi"

Padahal pembantune iku kawit jam 3 isuk wes tangi masak terus umbah-umbah, memang bener Si Jenggot Putih sholat wengi (iki jare pembantune lho) pas pembantune tangi terahno Si Jenggot Putih iku lagi wae sampe sholat sunnah, bubar iku nytel tivi nonton Liga Inggris, trus keturon sampek akhire mbangkong jam 9 awan durung tangi isek ngorok nang ngarep tivi.

Dos...ora kubok karo nek nyocot d'wingi, iki lho sing tak maksud salah, bener sholat tahajut iku akeh pahalane tapi kan sunnah, ngge opo sholat tahajut sing mung sunnah wae dilakoni yen sholat subuh sing wajib malah ditinggalne?

Yen ngene iki kedadeane iku arane "ninggalne perkoro wajib mung kanggo mburu sunnah sing ora ngerti wayah" yen goro-goro sholat tahajud nyebabne mbangkong lali sholat subuhe yo mending ora usah tahajud ritek, sholat subuhe iku wae diopeni diaktipne tangi tepat waktu nek perlu bojone digugah diajak jama'ah ojo malah digugah njaluk imbuh numpak, sukur yen gelem ngadani mesjid sing saiki wes sepi jama'ah.

Nah, yen wes iso tepat waktu sholat subuhe yo ayo podo sing sregep sholat tahajude. ojo malah tahajud wes ora iso tangi, subuh yo malah mbangkong, walah tambah parah.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

18 engkang sampun komentar:

  1. iia kang, justru yang wajib kebanyakan yg malah ditinggal, yg sunah pada rajin2 banged :p

    BalasHapus
  2. ancene sik luwih mening kyai segawon,
    mosok sunah yo wajib ora, sing betul koyo kyai segawon iku, sunnah ora, wajibe yo ora

    BalasHapus
  3. sing terakhir statemenmu benar-benar mengena..! itu gue banget bro..! hahaha..(maaf masih dalam tahap perbaikan moral)

    BalasHapus
  4. salam sahabat, mampir ini blog kren saya suka, tapi bahasanya Mas belum paham-jika diterjemahkan menggunakan bhs Indo bagaimana ini hanya saran lo mas... ini juga sudah bagus kok, nice post. Ditunggu kunjungan Gan ya?

    BalasHapus
  5. apik iki mas, tapi rasane koyo moco joyo boyo ya...ha ha ha

    BalasHapus
  6. wong ngendi lho wie, kabeh kok serba putih, jangan-jangan a**ne ngko yo putih

    BalasHapus
  7. bangun subuh tuh yang dianggap berat oleh banyak orang.

    BalasHapus
  8. pancen kok, mas, menungsa mono dununge lali dan luput.

    BalasHapus
  9. Wedus2... aku ngguyu moco bahasamu lik... lik.... wkwkwkwk

    BalasHapus
  10. hahaha telat koment aku mas....seeeeeep

    BalasHapus
  11. kamu jangan samapi ikut2 kyai jenggot puteh loh sob

    BalasHapus
  12. Lha koq "untu kuning" e digowo2... ckckckckckc....

    tapi bener trae, kudune sing wajib tu emang dihahulukan.

    BalasHapus