Selasa, 28 Desember 2010

ATUR PAMBUKA PURWANING PAHARGYAN

Assalamu'alaikum wr. wb.

(ayat)

Sih rahmat tentrem rahayu nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, tansah tumedhak waradin sagung dumadi, kajiwa lan kasarira ing panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ngonjukaken raos syukur dhumateng sahandhap pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat, Allah SWT, kanthi sesarengan kula lan panjenengan ikroraken maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu nirmala, niskala, uwal saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Allahumma amin.

Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ........................ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun para 'alim para 'ulama, para kyai lan para ustadz ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu berkah pangestu, pendonga miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapa dene para pengombyong temanten saking _____________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda. Nuwun inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ___________________ ingkang hamengku gati, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih adicara pahargyan dhedhaupanipun Anak Ajeng ______________________ kaliyan Sang Abagus______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu ______________ ingkang pidalem ing _____________________.

Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Sanggya adilenggah, para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, keparenga atur uninga bilih prastawa gati akad nikahing putra temanten, alhamdulillah sampun kaleksanan dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten ________________ watawis tabuh ________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, nyarengi surya kaping ____________________ mapan wonten ing _______________ kanthi sineksenan dening para kadang kulawarga minggahipun para sesepuh lan pinisepuh kanthi manggih wilujeng, kalis ing sambekala.

Wondene menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik, rinumpat, lan rinumpaka dening para kadang kulawangsa kangge hangrenggani pahargyan samangke, nuwun inggih kadi ingkang badhe katur mekaten:
  • Titilaksana ingkang sepisan, tinarbuka kanthi pambuka
  • Urut angka 2, nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.
  • minangka urut angka 3, nenggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an
  • Atur Pambagyaharja, minangka urut angka 4
  • Srah Tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut angka 5 lan 6.
  • Salajengipun Kirab lan Sumene minangka urut angka 7
  • Dene urut angka 8, nuwun inggih SabdaTama utawi Mau'idzah Hasanah
  • Lan urut ingkang pungkasan inggih menika Donga lan panutup

Wondene adicara ingkang badhe kawengku ing salebeting Upacara Panggih inggih menika:
  • Urut ingkang sepisan, sowanipun risang putra calon temanten putri kalenggahaken ing sasana rinengga.
  • Kalajengaken praptanipun putra calon temanten kakung minangka urut angka 2.
  • Dene urut angka 3 nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur, lan sru panyuwunipun Bp/Ibu ____________________ sagung kulawarga, mugi panjenengan sedaya keparenga paring puja-puji pangastuti tumrap sri temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.

Wondene minangka tandha purnaning adicara pahargyan prasaja menika, nuwun inggih menawi mangke putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga, lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (>>wiwaraning pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged lancar, rancag tanpa manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Minangka pambukaning adicara sumangga nuwun kula dherekaken maos Ummul Kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala wa lisyafa'ati rosulillah shollallohu 'alaihi wasallam, al faatihah.

===(maos fatihah)===

Matur nuwun. Mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing siang/dalu menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Atur Panatacara Nglenggahaken Penganten Putri

Para rawuh para lenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu kakung sumawana putri, salajengipun nuwun inggih risang putra temanten putri badhe sowan mangarak ngarsa panjenengan sedaya kalenggahaken ing sasana rinengga. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga nuwun inggih Ibu ______________ keparenga mratitisaken putra temanten putri. Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, praptanipun putra temanten putri samangke badhe kabiwardha ungeling Ketawang Sekarteja. Sumangga, nuwun.

===( gendhing Ketawang Sekarteja PLAY, lajeng njantur/nyandra )

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Sekarteja, ana ganda arum mangambar katiyubing samirana manda. Sang mantyasaning pawiwahan ingkang sampun purna hangadi busana hamulas wadana – kawistara mijil saking tepas wangi - kinanthi sang Juru Sumbaga ingkang pinaragan Ibu ___________ ( lan Ibu ___________ ) manjing madyaning sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon, hanenggih punika ingkang sesilih kusumaning ayu Rara ____________ putri atmajanipun Bp/Ibu ____________ .
Lumaksana lengkeh - lengkeh hamucang kanginan, pindha singa lupa, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Hangagem busana ingkang sarwa retna, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring bagaskara/pandam, katingal hangrenggani sasana adi pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspita rinonce, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongaaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah widadari tumurun.
Kuwung-kuwung hangenguwung hangawengi, hambabar teja mandamaya. Tan kuciwa memanise - sedheng dedeg piadege, sembada genging salira - sesolahe milangoni - lelewane anuju prana, dhasar karengga ing busana edi, kathik sinumbaga dening asta trampil Juru Paes kang wus kulina - hanenggih Ibu ___________. Kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra, kurang ukara.
Karengga endahing sasana adi saya katingal sulistya ing warni warnaning putra temanten putri ,
Pramila tumuli kanthi trampil kadang juru tedhak sungging hanenggih Mas ......................... saking ....................... Foto Studio hamendhet gambaripun kinarya pepenget ing salami-lami.
Risang penganten kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
===(gendhing STOP)

Atur Panatacara ing Praptanipun Temanten Kakung

Sagung para rawuh, para adi lenggah ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten putri sampun lenggah anggana raras wonten sasana rinengga.
Pramila saking menika, sumangga adicara kalajengaken adicara ingkang salajengipun, nuwun inggih Praptanipun Putra Temanten Kakung. Ingkang menika katur panjenenganipun para-para ingkang kajibah hangayap hangombyong Putra Temanten Kakung kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===( Gendhing Lancaran Kebo Giro PLAY, lajeng njantur/nyandra )
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng *), kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman. Ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis ing sakara-kara, kalis ing sambekala.
Sinten ta sambating wewangi sang narpati ing dinten punika?
Wenang den ucapna hanenggih Mas Bagus ...................... putra panjenenganipun .......................... saking ..........................
Kawistingal gumebyar busanane, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, kasorot sunaring bagaskara/pandam pating calorot pating pancurat pan yayah asilih prenahing kartika.
Lumaksana lengkeeeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging papan upacara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
===(gendhing STOP)

*)Lancaran Kebo Giro

Upacara PANGGIH

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun kula dherekaken ngancik tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun inggih upacara Panggih kalajengaken upacara adat Krobongan lan Sungkeman. Ingkang menika kula suwun para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng sadanguning Upacara Panggih menika.
Katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur/nyandra)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi Adat Widhi Widana Panggih.
Adat tegesipun tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa.
Dene Panggih werdinipun Pangudi Gambuhing Penggalih.
Sri temanten badhe sarwi ambalang/(liron-lung-tinampen*) gantal, gantal putri winastanan Gondhang Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.
Gantal dumadi saking suruh utawi sedhah ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.
== (penganten sarwi ambalang/liron gantal)==
Suruh, sumurupa nganti weruh. Suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha sedyane.
Lininting tegesipun nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun kaiket ing prasedya luhur.
==(wiji dadi)==
Temanten kakung mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.
==(wijik suku)==
Temanten putri hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.
Kambang-kambang kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung manis lumantar kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung kumanthil-kanthil.
==(lantingan)==
Lantingan, penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar ing bebrayanipun.
==(singeb sindur)==
Penganten kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan, kanthi dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating raos ingkang jagad tanpa timbang, ingkang namung wonten ing akrami.
Selendhang sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun bebrayan kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang rama minangka cucuking lampah, punika tegesipun supados putra temanten kekalih tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu hangempit saking wingking, punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri handayani.
==(temanten mlebet sasana rinengga)==
Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi lulus raharja saking sakathahing rubeda. Sumangga para rawuh para pilenggah kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.

==(upacara Krobongan)==
Sanggya adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten kekalih kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang rama mangsuli “ah, padha wae” , punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun putra lan mantu, sedaya sampun karengkuh putra piyambak.
==(tanceban)==
Tanceban, punika winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados Temanten.
==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur, punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban: masrahaken asil guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang garwa kedah saged nyekapaken ing reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin adamel renaning tiyang sepuhipun.
==(dulangan)==
Dulangan, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.
==(ngunjuk tirta wening)==
Ngunjuk Tirta Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih enggala pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha kanthi manah ingkang wening tumuju ing kautaman.
==(gendhing STOP)==
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah jurung pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi upacara Panggih lan Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang menika dhumateng panjenengan kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika SUNGKEMAN

========(gendhing Ketawang Rujit PLAY lajeng njantur)
Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, gya jengkar saking palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu.
===(penganten sungkem)==
Risang penganten jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh.

Sanadyan lir sinendhal mayang panggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.
===(gendhing STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Awit saking berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih, Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara pawiwahan sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten, dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun.

Panatacara atur wekdal Waosan Pustaka Suci Al Qur'an

Adicara salajengipun inggih menika Kumandhanging Waosan Ayat Pustaka Suci Al Qur'an. Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ................................................kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===========(Waosan Pustaka Suci Al Qur'an)

Mekaten waosan ayat suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos panjenenganipun ................................, mugi-mugi saged anambahi raos iman kula panjenengan sedaya dhumateng Allah SWT. Allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun .................................................... kula aturaken agunging panuwun.

Panatacara atur wekdal Pambagyaharja

Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenganipun Bp/Ibu ......................(pemangkugati)....................... ingkang badhe dipun sulih salirani dening panjenenganipun Bp....................................... Dhumateng panjenenganipun Bp ......................................... kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===========(Atur Pambagyaharja)==============


Kanthi terang terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana anggenipun Bp/Ibu ...................(pemangkugati)................. ngaturaken wedharing gantha wigatosing perlu, ingkang sampun tinalang basa dening panjenenganipun Bp .................................. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Panatacara atur wekdal Pasrah Temanten Kakung

Panjenenganipun para tamu, para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan, minangka adicara ingkang salajengipun inggih menika Atur Pasrah putra temanten kakung. Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===============(Pasrah Temanten Kakung)===============

Satuhu tatas titis, wijang gamblang atur pangandika panjenenganipun ingkang sampun hamasrahaken putra temanten kakung. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Panatacara atur wekdal Panampi Temanten

Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ...........................................
Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

========(Tampi Temanten)=======

Terang terwaca cetha Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp ................................... Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

"Kirab" lan Sumene

Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan. Adicara salajengipun nuwun inggih Sumene. Para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis. Ananging saderengipun wekdal kula aturaken dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi, putra pinanganten sarimbit langkung rumiyin badhe kajengkaraken saking sasana rinengga tumuju panti busana, lan mangke tumuli badhe sowan malih lenggah wonten ing sasana rinengga. Ingkang menika keparenga panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga mratitisaken temanten kekalih anggenipun jengkar tumuju panti busana. Sumangga, nuwun.

( Gendhing Langen Gita Sri Narendra PLAY lajeng njantur/nyandra)

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing kayuwanan kakung miwah putri, awit saking sumuking swasana, tinambah panasing penggalihe, kaselak notol pikire, awit sampun katekan sedyane, penganten lenggah jajar kalawan janma ingkang kinarepake, wusana gumrobyos riwene, sumuk, nelesi busana temanten sakarone.

Jalma limpat seprapat tamat, para-para kang hanawung kridha wus mulat, titiwanci penganten jengkar saking pasewakan wus ndhungkap, penganten sarimbit kang kalawau wus manunggal ing tekad, manunggal ing niat anggebyur alaming bebrayan, jengkar saking palenggahan tumuju ing panti busana.

===Sinten ta ingkang ing ari punika dadya mustikaning pahargyan, anggung ginunggung sinuba sinukarta, tan sanes hanenggih Bagus _________________ kaliyan Rara _________________ ingkang nembe anambut silaning akrami, hanggebyur samodraning bebrayan agung.

Ing ngajeng ana rerupan pindha golek kencana, kembar busanane, sami dedeg piadege, tindake sakepenake, nanging dadi lan pantese. Punika risang patah temanten, Nimas ____________ lan Nimas _____________, sanadyan lampahe sakepenake, parandene datan saru dinulu, malah dadi reseping pandulu. Iku ngemu pralampita, bocah alit ingkang dereng andarbeni dosa, suci sarta resik penggalihe, satemah bisa tentrem ayem jinak jinem.

Gebyar gumebyaaar busananing temanten kasorot sunaring surya/pandam kaya ndaru lelana, gumebyar cahyane, cumalorot kadya teja angenguwung, amimbuhi pekiking warna temanten kakung.
Penganten putri pranyata tan kuciwa memanise, ayu respati karengga busana edi, meloking wadana sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar, kebayak landhung kembar padha pengageme ingkang kakung, iku minangka pralampita kalamun sri temanten sakarone wus kembar padha tresnane, raket keket kekanthen asta, renggang gula kumepyur pulut pepindhane, bebasan datan mundur salwiring geguntur, datan lilih salwiring pangarih-arih.

===Samana, lampahe sri temanten wus manjing wiwaraning sasana busana, lulus widada nir ing sambekala, pramila sigeg, semanten rumiyin ingkang anyandra, awit sampun mboten kawistingal saking papan manatacara.

==(Gendhing STOP)

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, adicara salajengipun nuwun inggih Sumene, katur dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi wekdal kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
=============(pasugatan kaladosaken)==========

Sumangga keparenga angrahabi pasugatan sepala menika kanthi mardu mardikaning penggalih.
Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur ingkang kaaturaken kadang panata pitaswara inggih Mas __________ saking ________ SoundSystem. Sumangga, nuwun.
=======================

Njantur Temanten Manjing Pahargyan Wangsul "KIRAB"

Sagung para rawuh para pilenggah ingkang winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Sampun wonten pratandha saking panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga bilih putra temanten sarimbit sampun badhe sowan marak malih wonten ngarsa panjenengan sedaya, pramila nyuwun pangapunten adicara sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.

(Gendhing Subakastawa PLAY lajeng njantur/nyandra)

Rawat-rawat rinumpaka, wauta, nadyan seje kandhane nanging maksih nunggal caritane, ingkang adoh ginawe perak, ingkang perak ginawe adoh, lah apa ta sebabe winastan mangkono ?
Nuju ari pinilih dinten piniji ana titahing Gusti ingkang sinung Bp _________________ wus kuwagang netepi darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi.

Kawistingal, risang temanten kang wus purna hangadi busana  katingal wangsul sowan malih ing ngarsaning para tamu. 
Hanenggih punika wujuding pepacangan ingkang kasurung raos kencang anyancang janji wekasan, ingkang kaesthi dadi, ingkang jinangka teka.
Lumampah atut runtut arebut patut, gliyak-gliyak sajak kepenak mboten ngoyak, tataaaa tumata kanthi trapsila kebak ing pralampita. Iku asung gegambaran yen kekarone mugi-mugi, denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah nengenaken pangati-ati, pepayung budi rahayu linambaran rasa tepa-tresna-sembada lan kumawula.
Lire tepa, sirik ing kadurakan, tresna – mamrih marang karukunan, dene sembada – dhadhag wani ndhadha kaluputan, lan kumawula ateges mangertos marang kuwajibane.

Patah sakembaran kang pindha abdi kinasih temanten putri, iku asung gegambaran marang temanten kekarone, kalamun patah sakembaran maksih prasaja samubarange, prasaja ciptane, prasaja rasane, prasaja karyane, hanenggih Nimas ____________ miwah Nimas _______________. Pranyata sanadyan durung tedhas nggeget kinang nora tedhas nggigit jambe, parandene datan saru dinulu malah dadi reseping pandulu.

Sinigeg kang winuwus, wauta, gumantya ingkang cinandra.
Temanten kakung pekik ing warna, nora sangsaya surem nanging malah sangsaya dados lan kabregasanipun, dhasar tetesing kusuma rembesing madu, dharahing atapa wijiling wong andanawarih, susila anoraga, tansah nengenaken dhateng kasubratan, mila datan elok lan mokal kalamun ingkang ginayuh tansah kasembadan.
Temanten putri sulistya ing warna, kawistingal hambabar teja mandamaya, sesolahe milangoni lelewane hanuju prana, dhasar busana edi ingkang karengga, dhasar Ibu _________ ingkang dados Juru Sumbaga, kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra kurang ukara.
Astane penganten putri bakuh kukuh gegondhelan astane ingkang kakung, pepuletan kekanthen asta paribasan renggang gula kumepyur pulut, sasat ora kena ginggang pinara sasra. Lamun cinandra kadya widadara widadari saking swargaloka tumurun ing ngarcapada, njujug aneng Desa __________ dalemipun Bp ________.

Para mudha myang taruna, jejaka sarta kenya warara, kang pirsa thukul osiking driya, dhuh kapan ya, bisa dadi manten kaya ngana ? Para sepuh kang wus sepi hawa, jroning nala anglocita, mbesuk kapan ya bisa mantu amahargya putra kaya ing dinten punika. Nanging keladuking kandha kang ngaya wara, uga ana priya tuwa kang anggadhuh angkara murka, mbesuk kapan ya bisa nggandheng kenya sesisih lima.

Para tamu kakung miwah putri sami suka jroning ati, tumut mangayubagya lan paring puja-puji pangastuti, mugi risang temanten kekalih tansah manggih basuki, raharja tulus widada, tan ana sakara-kara, atut runtut pindha mimi kang nembe hamintuna, pindha Dewi Ratih lan Bethara Kamajaya, tansah sakiyeg saeka praya, sayuk rukun anggayuh geyonganing kayun, padha kersane padha karepe, kaya suruh lumah lawan kurebe, sinawang seje rupane yen ginigit padha rasane.

===Penganten wus lenggah ing sasana rinengga, pramila semanten ature ingkang anyandra, lamun lepat nyuwun agunging pangaksama, kanthi pepuji rahayu widada dhumateng ingkang nembe nambut silaning krama.

( Gendhing STOP )

Atur Panatacara Badhe Mau'idzah Hasanah

Para rawuh saha para tamu ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten kekalih sampun lenggah malih wonten sasana rinengga, sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-hasanah minangka sanguning para putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung. Dene ing kalodhangan menika Mau'idzah Khasanah badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .................................................... Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

ATUR PANUTUP PANATACARA ING PAHARGYAN

Sagung para rawuh para pilenggah, ingkang tuhu luhur ing budi. Mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................. Mugi-mugi saged dados sanguning putra temanten kekalih anggenipun sami badhe lelayaran ing samodraning bebrayan agung lan nyumrambahana dhumateng kula panjenengan sedaya. Allahumma amin.
Dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ........................... kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .................................. .

Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur, bilih tandha purnaning adicara pahargyan menika menawi putra temanten sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika kula suwun kanthi sanget - pirenaning penggalih panjenengan sedaya, saksampunipun donga paripurna, keparenga nyrantos sawetawis kabedholipun putra temanten saking sasana rinengga - ngantos temanten sarimbit jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) - kakanthi tiyang sepuhipun, lajeng nembe panjenengan sedaya sumusul jengkar saking palenggahan, setunggal-mbaka-setunggal, jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi donga pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
  • Kula pun ............................................ minangka Panatacara,
  • Ibu ................................................. minangka Juru Sumbaga
  • Mas .......................................... minangka Juru Panata Pitaswara saking .............................. Sound System
  • Dalah ....................................... minangka Juru Foto saking ........................................
  • Menapadene para kadang kaneman ingkang dados juru ladi
  • Saha sanggyaning brayat ageng Bp .......................................... Ibu ................................................ (pemangku gati)
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga diagung ing pangaksami.

Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken "Ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem."

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Katur panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................................ kula sumanggaaken. Nuwun.

========(Donga)=========

====(Gendhing Ladrang Gleyong -- Bedholan)====
Kamis, 02 Desember 2010

Ganyang Malaysia

.Dawuhe Bung Karno "Ganyang Malaysia", Ternyata ora perlu ngangge pedang ora perlu ngangge senapan ora perlu bom nuklir, cukup wong 11 wae "Timnas Indonesia", wes cukup kanggo ganyang malaysia, padahal Indonesia mung modal "dengkul" alias modal sikel dolanan bal-balan.


Ora koyo mahasiswa sing isane mung nyocot, bengok-bengok demo kakean cangkem ora ono prakteke, justru Timnas Indonesia sing berhasil mbuktekne yen biso ganyang malaysia, scor 5-1 kokean sakjane, tapi yo mergo jenenge wae ganyang tanggung nek arep ganyang tapi kok mung sithik, ganyang yo sing okeh pisan.


Koyo pilem india lakone kalah disek menang keri. Markus Horison kebobolan disek nang menit 18 tapi Indonesia iso bangkit menyamakan kedudukan goro-goro gobloke bek malaysia sing bunuh diri. Christian 'El Loco' Gonzales nglekasi pembantaian nang menit 33. Indonesia ganti unggul 2-1.


Muhammad Ridwan nambah gol nang menit 55 berkat umpan terobosan Ahmad Bustomi. Scor 3-1 ora cukup, Arif Suyono nambah gol nang menit 77 Okto maniani sing aweh asist. Kedudukan 4-1 Indonesia diatas angin.


Injury time, Indonesia bener-bener mengganyang malaysia, Irfan Bachdim sing nutup pengganyangan Malaysia. Brafo Timnas Indonesia, do'a kami dinadimu.
Senin, 15 November 2010

NGRETENG

Ngempakne lampu sien pas arep menggok nek nang gonaku istilahe jenenge "ngreteng", ngreteng huruf e diwoco podo karo huruf e nang kata tempe.

Isuk maeng nang prapatan ono bocah arep budal sekolah meh ketabrak montor songko mburi mergo pas arep menggok nengen telat ngreteng. akhire bocah mau diwei nasehat pak polisi sing lagi ngatur lalu lintas "Besok lagi kalo mau belok kanan jangan menyalakan lampu sien mendadak ya, bahaya."

Kata-katane pak polisi terngiang-ngiang nang kupinge bocah iku, mergo nek ketangkep pak polisi maneh dendone tambah okeh.

Sesuk'e bocah iku ketemu maneh karo pak polisi sing d'wingi, pak polisi tersenyum banjur ngomong "Nah...gitu dong, kalo menyalakan lampu sien tidak mendadak kan yang belakang gak menyalip, aman, gak ketabrak kan?"

"Aman piye to pak, goro-goro nasehate sampean ora entuk ngreteng mendadak aku malah di omeli uwong sak dawane dalan teko kene"

"Lha memangnya sejak dari mana kamu tadi menyalakan lampu sien?"

"Yo songko ngomah to pak, jare sampean ora entuk ngreteng mendadak, mulane lampu reteng wes tak empakne songko ngomah pas arep budal mau"

"KOPLAK"
Sabtu, 06 November 2010

Mu'jizat Alloh, Bencana, Dan Misteri Tanggal 26



Mu'jizat sing biasane ditulis mukjizat definisine menurut aqidah islam yoiku perkoro sing luar biasa sing iso nggawe mung Gusti Alloh kanggo nguatake kenabiane seorang Nabi lan kerosulane seorang Rosul, ora ono sing nduweni mu'jizat kejobo Nabi lan Rosul Alloh. Nek menungso jaman saiki ono sing nduweni kekuatan luar biasa atas ijin Alloh iku jenenge dudu muk'jizat tapi jenenge karomah.

Wes akeh uwong kang menggembor-nyocotkan misteri tanggal 26 lan bencana-bencana sing terjadi, itu bukan mu'jizat su...

Mu'jizat iku terjadi mung ono ing jamane Nabi lan Rosul. Nek ono kejadian bencana sing luar biasa ing jaman iki, arane dudu mu'jizat maneh, tapi iso berupa cobaan lan ujian utowo adzab'e Alloh maring menungso sing kelakuane ora mung koyo tapi wes podo karo asu.

Bencana yo bencana tapi nyapo kok dadak dikait-kaitne tanggal 26? nek mergo akeh bencana terjadi tanggal iki njajal itungen bencana nang indonesia enek piro wae? sing tanggal 26 enek piro? sing tanggal liyane enek piro? Lumpur lapindo menenggelamkan Sidoarjo tanggal 29 tuh? Banjir bandang wasior yo tanggal 5 lo..?

Nek ono sing mengkait-kaitkan bencana tanggal 26 dengan surat Al-Qur'an ayat 26, mung ono pirang surat sing ayate tentang azab Alloh? itulah menungso sing kurang penggawean, njijal golek'ono ayat liyane tentang adzab Alloh? puluhan ayat sing nyebutne bencana lan azab Alloh ora neng ayat 26 kan?

Eling-eling siro manungso merapi opo tsunami iku dudu mu'jizat Alloh tetapine ujian lan cobaan kanggo siro sing beriman, ugo adzab marang siro kang fasiq. mulo siro kudu eling pawelinge leluhur siro leluhur tanah jowo.
Sabtu, 30 Oktober 2010

MIC (Part 2)


Organisasi PEneLItian dAn SUrvei Pemerintah nemokne fakta tebaru, Ternyata entute wong lanang ki suarane luweh banter lo tinimbang entute wong wedok, Nah pertanyaane saiki: Nyapo entute wong lanang kok suarane luweh banter?

Setelah dilakukan riset dan uji laborat jawabane ternyata cukup simpel, Entute wong lanang luweh banter ki amergo cedak karo mic mulane suarane luweh banter tinimbang entute wong wedok.

Tapi urung di uji coba lo nek wong wedok dicedaki "mic" tambah banter opo ora yo suarane?

Silahkan di praktekan, buktekno dewe. Hasil penelitian anda laporkan nang kolom komentar ngesor iki.

Matur sembah ing panuwun atas kerja sama anda.
Kamis, 28 Oktober 2010

Paweling Leluhur Tanah Jowo

Peweling Leluhur Nuswantoro Paweling Leluhur Tahan Jawa.

Angidungo piweling kaki,
Sabdopalon pamong nuswantoro,
Ameco sengsarane,
Rakyate nuswantoro gung,
Nampi sasmitaning hyang widdhi,
Kalambangan wong anyabrang,
Prapteng tengah tempuh,
Songko bantere kang beno,
Yoiku ‘ gapuro-sapto-ngesti-aji’
Keh jalmo kang praloyo.

Nandang rekoso wong tanah jawi
Kadyo kersaning sang murbeng alam
Meruhno pro kawulane
Lamunto jagad puniku
Pangeran kang mengku adil
Nuju becik lan olo
Kang nandur kang ngunduh
Nanduro wohing priyonggo
Den alami kinaryo amertandani.

Sarananing peparing warni-warni
Sangkan paran wujuding beboyo
Angrusak tonggo jawine
Wong aglidig datan cukup
Nyambut karyo datan nyekapi
Priyayi akeh kaliren
Sodagar do ambruk
Tatanan akeh kang sirno
Rinusak ing homo katerak ing paceklik
Abot uriping jalmo.

Raharjaning bumi ilang yekti
Mubale hardo sakkelangkung ndodro
Tuhu agung karusakane
Keh padung wanci dalu
Datan tentrem uripe jalmi
Ing rahina akeh begal
Podo rebut ducung
Mbalelo tindak durjono
Nagri kawedan anggenira ngadili
Jalaran tan cilik pidono.

Kalampahan dangune tigang warsi
Jalmo taksih jroning huru-horo
Rebutan sandang pangane
Lali sanak sedulur
Margo tanpa ono sihing ati
Lali angering projo
Amung mburu nafsu
Gyo katunggko praptaniro
Pageblug kang anyar ing tanah jawi
Keh jalma kang praloyo.


Dadyo rusak pro umat sami
Kesandung bae temah praloyo
Tigang wujud dadine
Udan barat angagung
Kayu gung samyo rebah sami
Mlasah sami rebah
Kali beno nggegirisi satuhu
Kadya benaning samudra
Kang katerak datan saged nanggulangi
Larut kableber sirna.

Tanda ingkang sanget anggegirisi
Alun samyo minggah ing daratan
Angrusak tepis wiring
Karyo getering kalbu
Kang dumunung ing kanan kering
Kayu-kayu keh kang kendang
Podo sirno larut
Selo ageng samyo brosto
Gumalundung mblasah katut iline kali
Gumludug swaraniro.

Sakhatahing redi mbledos sami
Nggegirisi urubing dahono
Gumleger sru swarane
Muntah lahar lan watu
Mlabar ngelepi kanan kering
Nrajang wono lan deso
Manungso keh lampus
Kebo sapi gusis samyo
Rojo kayadatan ono sawiji
Tan wonten monggo puliho.

Wasono sebel horoging bumi
Ono lindhu ping pitu sedino
Karyo ngrusak jalmane
Anelo sitinipun
Brekasakan sami kaeksi
Nyeret sagunging jalmo
Ginaruk waluku
Nlisip selo-seloniro
Yoiku jalmo kang weruh sahadat jati
Wisiking hyang suksmo.

Lamun mangke tetenger wus kaeksi
Ingkang prapti ing tanah jowo
Manjat ing tengah rakyate
Kinanthi anak putu
Wujud brekasakan lan demit
Sun sebar kawruh nyoto
Agomo satuhu
Meruhno ing makripat
Gami budhi nenggih kawruh kang sejati
Kinaryan wisik hyang suksmo.

Papesthene nuso tekan janji
Yen wus jangkep pitung atus warso
Kapetung jaman Islame
Musno bali maringsun
Gami budhi madeg sawiji
Sopo kang ngemohno
Yekti nompo bendu
Sun pakakno putuning wong
Nedyo pratondho wastane linun demit
Gegilo meyang leloro.

Dateng weweko tendon demit
Ojo siro samyo angedirno
Anedyo lawan demite
Yekti sira diguyu
Para demit ya putu mami
Ojo anantang yudho
Ngedirno ngelmu
Myang srono marupi-rupi
Kabeh moro tan pasrah ing awak demit
Balik nyabet mring siro.

Jangkane nuso wus akeh wangsit
Wineco ing jalmo kang waskitho
Ing primbon joyoboyone
Janmo tan panggah-pungguh
Wineco sirnaning sepalih
Dene ingkang waluyo
Perlu samyo weruh
Takokno guru kang sejati
Kang wus putus kawruhyo
Wikan manjing alus
Biso ngajal jroning gesang
Wuninga marang sangkan paraning dumadi
Perlu siro upoyo.

Nyatakno yen siro wis wiwit
Kabeh wasitane gurunira
Meruhno makripate
Manungso urip iku
Suket aneng wono petani
Yen wus tekane mongso
Ginaruk waluku
Ingkang mleset seloniro
Iku jalmo kang weruh sahadat jati
Wisiking hyang suksmo.

Menawi siro anyulayani
Marang geguritaniro gesang
Lamun abot pinangkane
Urip iku satuhu
Nggowo sarengate hyang widhi
Kurdo nyidro mring karso
Karsaning hyang Agung
Marang geguritane gesang
Gesang mbabar sangkan paraning dumadi
Waskiyo madyo padho.

Gegelare sahadat sejati
Kerso lamun iku tinggal
Tunggal kabeh myang uripe
Kabeh urip myang lampus
Pratondo yen Agung Hyang Widhi
Kuwoso nganakne jagad
Meyang kuwoso ngukut
Paraniro kabeh sipat
Marang sangkan paraning dumadi
Yekti sumber purnoniro.

Mbabar gesang wujuding dumadi
Gelar wawaraning Kawruh
Waroto poro umate
Tumeko janjinipun
Poro umat ngungkurno kawruh
Tan taksih ngrasuk agomo
Tan weruh kang satuhu
Amung anggondeli sarengat
Agami tan wuningo ing ati
Ngrusakke sang kawulo.

Thathit kliweran ing nuso jawi
Pratondo mring wong nuduhno
Sampurnakno agamane
Yeku kawruh nyoto
Ngelmu nyoto kang sampurno
Duk jaman browijoyo
Ingsun datan purun
Angrasuk agomo islam
Margo ingsun uningo agomo niki
Nlisik saking kang nyoto.

Ngelingono he poro umat sami
Yen siro tan ngetut kersaning wong
Yekti abot panandange
Ingsun pikukuhipun
Nuswantoro ing saindenging
Bawono kang sisih wetan
Asia puniku
Kasigegan swasono
Sabdo kasabdakno mring bawono wadag iki
Lumantar sri Buwono.

Semut ireng ngendog jroning geni
Ono merak memitran lan boyo
Keyong sak kenong matane
Tikuse podo ngidung
Kucing gering kang nunggoni
Kodok newu segoro
Oleh bantheng sewu
Precil-precil kang anjogo
Semut ngangrang angrangsang gunung merapi
Wit ranti woh delimo.
Rabu, 13 Oktober 2010

Wudhu Cadangan

Sholat jum'at,

Aku teko mesjid khutbah durung mulai, aku wudhu nang toilet mesjid ketemu kang komar aku antri nang mburine, aneh kang komar wudhu di bolan-baleni sampek ono ping limo. aku ngenteni sampek anyel campur penasaran. mari wudu kang komar tak takoni,

"Nyapo sampean wudhu kok dibaleni sampek ping limo kang?"

"Lha piye lho, Aku ki gampang banget ngentut, diluk-diluk kudu ngentut, opo maneh pas ngenteni suine khutbah, dari pada bolak balik menyang toilet, mending wudhu wae ping akeh, nek aku ngentut pas khutbah kan sek ono wudu cadangan, dadine ora bola-balek menyang toilet." Jawabe Kang komar nyantei nglunuh mlebu mejid.

"Dasar... uwong koplak"
Rabu, 29 September 2010

Riyoyo Nang Deso Kaponan




Riyoyo Syawal 1431 h ing Deso Kaponan Mlarak tahun iki bener-bener meriah. Dimulai buka bersama terakhir ing wulan poso nang mejid karo REMASDAR (Remaja masjid Darusholihin) arek-arek cilik wong tuwek, lanang wadon, mangan ambeng limang tumpeng, dilanjut takbir keliling dimeriahkan kembang api kang cemlorot cahyane ing langit wengi malem riyoyo.

Isuk'e bubar sholat id ambengan maneh tambah akeh tumpeng sing teko, tak etung meh enek 50 tumpeng digowo nang mejid nggonaku Masjid Darushsholihin Desa Kaponan. dipangan bareng-bareng tandane bungah atine guyup rukun wargane syukur marang Kang Kuwoso.

Sing paling ditunggu-tunggu lan sing paling meriah yoiku naliko pesta mercon dimulai. meh ono satus mercon disumet dibledosne kanggo memeriahkan riyoyo tahun iki. songko mercon sing cilik dewe kiro-kiro sak gelas gedine, sedengan, lan sing paling gedi dewe kiro-kiro sak cagak listrik gedine disumet nang latar mejid. Perlu diacungi jempol kemeriahan mercon iki nek nggawe dewe kreatifitas pemudane desoku. ora ono mercon tukon.

Bubar nyumet mercon diterusne ngumbulake balon sing dawane limang meter diametere ono 2 meter. Pesta berakhir ditandai balon sing mumbul sampek ilang ora ketoro, uwong-uwong muleh nggowo brekat banjur diterusake acara silaturohmi menyang sanak kadang, poro sedulur lan tonggo teparo.

Saiki karek ndungo wae mugo-mugo ketemu maneh poso lan riyoyo tahun ngarep kang luweh meriah maneh.
Kamis, 16 September 2010

Ilmu Kebal Panas

Ono salah sawijining ngelmu kang ora kabeh uwong iso ngelakoni. Arane Ilmu Kebal Panas. Sopo sing nguasai ngelmu iki ora bakal mempan diobong. Umpomo kabeh uwong iso ngelmu iki, pemadam kebakaran ora perlu ngangge klambi anti panas.

Asal usul ilmu iki kasebut ing akeh kitab kang masyhur, kitab Al-Qur'an contone jelas nyebutaken yen Nabi Ibrohim ora ngrasak'ake panas naliko di obong dening kaume. Kitab Ramayana nyebutaken yen Anoman ora mempan naliko diobong Dosomuko Rojo Ngalengko.

Ing jaman saiki tahun 2010 wus jarang banget sing iso ngelmu iki, Salah sawijining uwong sing nguasai ilmu iki yoiku kyai Segawon , Piyambak'ipun nate dawuh : "aku kepingin nurunake ilmu iki marang siro kabeh supoyo ilmu iki ora muspro. nanging welingki yen wis iso ngelmu iki ojo digunak'ake kangge kemungkaran."

Sak temene ora angel mempelajari ilmu iki cukup apalno dungane yen wis apal coba dijajal disek, ojo langsung dipraktekne tapi dijajal disek, carane yoiku siapno wedang kopi panas lek perlu banyune umub. yen ora ngangge dungo, kok sebul peng piro wae, sui yen kepingin ndadeake wedang iku adem, tapi yen ngangge dungo iki tak jamin sampe ndungo kopimu langsung adem tanpo disebul. yen wiz berhasil lagek oleh kok praktekne.


dungone yoiki : يا نار كوني بردا وسلاما على إبراهيم

NB:
  • Dungone sengojo ora ditulis ngangge boso jowo perlune supoyo ngelmu iki ora sembarangan di gawe dolanan, mung uwong tertentu sing iso moco dungo iki.
  • Syarate dungo iku di woco peng satus, lagek iso mumpuni
  • Yen ngelmu iki ternyata ora mandi ojo nyalahne sing ndue blog

Rabu, 08 September 2010

Kyai Segawon

Kyai Segawon yoiku Cah Ndueso sing nduwe jeneng asli Paris Mubaqi. lair neng Ponorogo pase deso Kaponan kecamatan Mlarak dul etane kutho Ponorogo.

Profesi penggaweanku macem-macem, biasane kerjo ning bangunan, lek musime nggarap utowo panen yo nyang sawah, kadang-kadang yo ngeterne barang mebel koyo lemari, kursi, bipet, mejo tergantung pesenanlah. maklum cah ndeso, sing penting nduwe duit, yoye?

Pendidikanku s3, meksute esde, esempe, esema, he..he…… aku lulus ko Al-Islam Joresan taun 2007 bar kuwi mondok ning Banyuwangi karotengah taon. Aku ora kuliah, maklum cah mlarat ora nduwe ragat, timbang kuliah mbayar angur nguli malah dibayar, yoye?
Kelahiran Ponorogo, 28 pebruari 1988, unik lho... sebab ulang tahunku patang taon pisan. lek kowe eroh cah utun berjenggot nyandi-nyandi tumpaane yamaha 75 abang, gawanane hape jadul. berarti kuwi aku he…he…. lek ora percoyo aku ke cah ndueso utun bukaen tur wacanen wae kabeh postingan neng blogku iki.

Hobi sing paling taksenengi moco buku, luwih-luwih novel detektive, sampek komic detektive conan tak koleksi teko nomer 59. Mben bengi nyang warnet ora ketang sak jam, soale kedanan ngeblog luwih-luwih bar eroh KRC, aku salah sijine member ing www.kotareyog.com , maklum cah ndeso ora nduwe leptop. Opo maneh lek enek bal-balan lha mbok tengah wengi aku mesti nonton. aku termasuk Liverpildians lho...
Minggu, 05 September 2010

Sepertiga Akhir Ramadhan

Akhir Romadlon 1431H
Jam 08.00 Waktu Indonesia Bagian Njeblog.

Kyai Segawon mangkat nang sawah mampir warung, ketemu Saleh, tonggone Kyai Segawon sing ora poso lagi ngopi nang warung iku, sok ngalim Kyai Segawon takon,"Sampean ora poso to kang?". Saleh njawab,"Yo poso to Mbah...aku yo wong islam kok". Kyai Segawon takon maneh,"Lha iku kok malah ngopi wis yah mene?". Saleh ora kalah semaur,"Lha piye to Mbah, jaremu mambengi pas kultum, mengakhirkan saur kan entuk pahala to? Lha iki aku yo lagi mengakhirkan saur Lo, hehehe...Sampean dewe nyapo kok nyang warung yen sampean poso?". Kyai Segawon puter kepala,eh puter otak maksude,"Anu leh..anu..aku maeng arep tuku korek ngge ngebong damen nang sawah." Cepet-cepet Kyai Segawon metu ko warung.

Nang ngarep warung ono truk ngusung pasir mandek, ora ngertio sopire ternyata Parmin yo tonggone Kyai Segawon. Kyai Segawon merasa bertanggung jawab atas umate banjur takon "Ora poso to min? arep nyapo kok mampir warung?". enteng wae Parmin njawab."Musafir Mbah...entuk keringanan entuk yen ora poso to mbah?". Kyai Segawon mung gedek-gedek, cepet-cepet ngaleh wis ora betah...

Teko sawah Kyai Segawon ndodok nang pinggir galengan banjur merenung," Ndunyo bener-bener arep kiamat iki, wis akeh umat sing lali marang karo kewajiban, Lali perintahe Gusti kang Kuoso. Ojo maneh diajak perang jihad fi sabilillah ngrewangi sedulur nang palestina, merangi howo nafsune dewe wae wis ora sanggup."

Kyai segawon terus mikirake prihatin kepriye nasibe umat iki mbesok nang akherat, panase geni neroko wes ora sabar bakalan ngobong...opo,geni? ngobong? ujug-ujug Kyai Segawon jenggirat tangi cepet-cepet ngadek lan ngrogoh kantonge, Rokok Surya sak uthil lan korek ditok'ake songko kantonge, banjur diakep ing lambe trus disumet rokok mau, disedot bulek'e lan di tok'ake maneh. ternyata Kyai Segawon ing warung mau cepet-cepet ngaleh mergo wis ora betah arep ngrokok. Nikmate bulek rokok wis nglaleake segawon kang kyai koyo opo panase geni neroko.

Selasa, 17 Agustus 2010

Filsafat Sholat Tarweh

Tarweh secara etimologi berasal songko kata التراويح yoiku bentuk jamak songko kata ترويح sing artine ngaso sedilut, berarti tarweh artine bolak-balek leren sedilut. Tarweh secara terminologi yoiku Sholat sunnah sing dilakoni bar salat ngisak ngangge niat sholat tarweh. lek ngangge niat sholat liyane jenenge uduk sholat taraweh.

Manfaat Sholat Taraweh akeh banget, Yoiku :
  • Gantine lek ora sempat olah raga
  • Ono panganan gratis
  • Disayang morotuo
  • Sandal elek iso dadi anyar
  • Entuk pahala, opo wae pahalane? klik nang kene
  • Lan liyo liyane

Miturut dawuhe Syeh Segawon, sak jeroning TARWEH iku ono enem huruf sing nduweni maksud kang bedo-bedo, yoiku :

T = Tawadu'
A = Amar ma'ruf nahi mungkar
R = Ruhul jihad fi sabilillah
W = Waro'i
E = Ekhlas lahir lan batin
H = Howo nepsu supados dibelenggu

Lek sek ono sing eyel-eyelan piro sing bener jumlah roka'at sholat tarweh ikulah wong sing goblok, kurang penggawean. Tapi lek sampean tetep ngeyel takon piro sing bener, tak jawab kabeh bener. Lha lek kabeh bener terus sing salah sing ndi? Jawabane wes maton, sing salah yoiku sing ora gelem nindakne sholat.


Minggu, 08 Agustus 2010

مرحبا يا رمضان

Pertama ndue blog aku ngangge jeneng Cah Ndeso, eh ternyata wes okeh sing madani, trus tak ganti ngangge jeneng Cah Ndueso, bertahan pirang-pirang wulan ora enek sing podo, eh Lha kok akhir-akhir iki lekas okeh sing melu-melu ngangge jeneng Cah Ndueso. Arep ganti jeneng maneh urung ketemu jeneng sing cocok opo yo?

Jare Mbah William Shakespeare "Apalah Arti Sebuah Nama" tapi lek tak pikir-pikir umpomo aku ganti jeneng opo enek sing kenal aku? Lha aku wes kadung kondang ngangge jeneng Cah Ndueso je...

Asmo Kinaryo Jopo mungkin istilah jowo iki sing luweh pas. Nggawe jeneng ojo sembarangan amergo jeneng iku termasuk dungo. Lha terus dungo piye sing cocok karo jenengku engko?

Aku ora njaluk usulmu piye jenengku sing anyar, meskipun sampean usul paling yo terserah karepku piye lek ku arep nggae jeneng.

Sing jelas ben nyambung karo judule aku posting iki dalam rangka meyambut bulan suci romadlon.

wis...nyambung saiki judul karo isine posting.


Sabtu, 24 Juli 2010

Kaji Koplak

Pak kaji sing wes kadung adol sapi ngge munggah kaji ora ono sing gelem nyeluk pak kaji ngangge gelar kajine, padahal saben dino pak kaji wes ngangge kenthu kaji eh kethu kaji. meskipun pak kaji wes pasang papan nama neng sebelah lawang ngarep ngangge gelar kaji, tetep wae ora ono sing sudi nyeluk pak kaji. eh ternyata sebab musabape ora enek sing gelem nyeluk pak kaji ki ternyata anak'e pak kaji doyan maen judi.

Cah Ndueso tonggone Pak kaji uluk salam marang pak kaji difaseh-fasehne salame ben dikiro ngormati pak kaji. ora ngertio malah dikiro ra ndue dugo " Assalamu'alacium pak kaji...."

Pak kaji njawab salam ora kalah faseh "wa'alaciumen dengkulmu kuwi, uluk salam neng pak kaji ke sing apik to lee......" tuh kan, njaluk diceluk pak kaji, mulane tak celuk pak kaji wae ben marem wonge...

Digawe ngene waelah tulisane percakapanku karo pak kaji ben penak di woco.

Pak Kaji : " Ono opo kok bengak-bengok sajak'e penting yo?"
Cah Ndueso : " Anu pak kaji..."
Pak Kaji : " Anu opo? dijelasne sing genah to, anu ki opo lek ora kok jelasne iso salah paham Lho sing moco blogmu ngko(Loh..) mergo anu ki biasane barang ngono kae lho"

Cah Ndueso : "Anu pak kaji, anak'e sampean maeng maen judi"
Pak Kaji : "Astaghfirullohal'adziiiiiiiiiiiiiiiiiiiim....."
Cah Ndueso : " Tapi menang sepuluh juta..."
Pak Kaji : "Alhamdulillaaaaaaaaaaaaaaaaaaaah...."


Selasa, 20 Juli 2010

M I C

Ono bocah lanang kembar bingung aku piye lek arep mbedakne, ndi sing adine ndi sing kakangane? akhire tak takoni wae. ternyata sing awak'e gedi sing rambute luweh ketel malah sing adine. mboso kakangane kok malah awak'e cilik.
"Loh...Lha kok iso ngunu? kudune kan kakangane sing luweh gedi?"

Adine njawab, "awak'ku iso luweh gedi mergo aku kerasan neng njero wetenge ibuk'ku, arep mangan iwak ati ono, arep mangan rempelo nyepak. opo-opo wae tersedia. luweh kerasan maneh mergo iso karaokenan."

"Loh...Lha kok iso karaoke to?"

"Iyo...Lha bapak'ku wae kadang-kadang ngeteri MIC kok."


Rabu, 30 Juni 2010
Sabtu, 26 Juni 2010

Sekte Saru

Sekte secara terminologi *walah sok in telek* artine ajaran sing identik dengan kesesatan. Lha nek Saru ki biasane dikaitkan karo hal-hal sing ora sopan, emboh cocote emboh klakuane, Pokok'e lek ora sopan ki jenenge saru.

Nah....Lek Sekte Saru iki aliran kiri dunia maya sing nyleneh, menyesatkan jare wong sing ora ngerti, Berbahaya jare wong sing ora paham, lan menjerumuskan jare wong sing sok suci.

Berawal songko FB sing jare haram, Cah Ndueso kembali menekuni dunia plurk, lebokne email, lebokne paswot, Login. walah you have forgotten your password, paswote lali, (DOH)...terpaksa nggawe akun anyar, ngangge akun anyar kok ternyata oleh konco koplak kabeh, ya...ternyata aku tersesat didalam sekte saru...

Mboh kapan ngadek'e sekte iki, mboh ngendi kantor pusate aku ora genah, pemimpine sopo aku yo ora ngerti, sing jelas anggotane sing saru nanging seru iki luweh penak ditemui di dunia plurk utowo di bengawan

Lek sampean nemokne kesaruan neng njero blog iki yo dimaklumi aja, Sekte Saru iso luweh saru yen ngangge bahasa saru, bahasa sing paling penak ngge nyaru opo maneh lek uduk boso jowo.

Tapi aneh'e sekte saru dianggap seru jare wong sing paham, mempererat persaudaraan jare wong sing ngerti, menghibur jare wong sing koplak, menyenangkan jare sing njowotenan.
Rabu, 16 Juni 2010

Siaran Langsung Piala Dunia 2010 On Global TV

Ora kok karena kualitase siaran sing elek utowo negoro sing disiarne ora bermutu Tapi muales aku lek kon ndelok bal-balan sing disiarne Global TV. Mergane mung siji, Komentatore sing ndak mening, opo maneh mendatangngkan bintang tamu songko dunia artis sing gak ngerti opo-opo blas tentang bal-balan, komentare ndak nyambung blas....

Pembawa Acara : "Negara mana yang menjadi favorit juara anda?"
Bintang tamu. .... : "Jerman donk.....!"
Pembawa acara : "Kenapa pilih Jerman?"
Bintang Tamu. .. : "Karena Jerman
kan pemainnya ganteng-ganteng..."

jian...ndak nyambung...blas...

NB :
- Jadwal dan Hasil Pertandingan Piala Dunia 2010 klik disini Atau disini Utowo neng kene
- Ndelok Klasmen Sementara Piala Dunia 2010 Kliken iki
- Klik gambar lek arep ndelok Jadwal Siaran Langsung TV Piala Dunia 2010 Lengkap by Cah Ndueso



Minggu, 13 Juni 2010

Istirahat Ditengah Jalan Bukan Solusi Yang Tepat Ketika Capek Saat Perjalanan Jauh

Walah, Judule Kok Dowo Eram....

Mulai Tahun 2010 iki lek sampean melakukan perjalanan songko arah Suroboyo ke Jakarta atau sebaliknya songko arah Jakarta nang Suroboyo lewat Jalur Pantura Alias Jalan Daendels, Ojo pisan-pisan istirahat di tengah jalan.

"Loh... lha nyapo kok gak oleh?"
"Opo amergo akeh perampok?"
"Opo karena sering kecelakaan?"
"Lha lek kebelet e'ek piye?"
"Lha lek kudu pipis piye?"
"Moso gak boleh berhenti?"

Ora...ora kok ngunu.....
Lek sampean kepingin bongko ditabrak bis yo mandek'o nang tengah ndalan.
Istirahat kok ditengah jalan, wkakakakkaaaaa....
Selasa, 08 Juni 2010

Susu Soda


Susu Soda ditambahi opo supoyo tambah enak?

Wes ngonoae, Lek kepingin njawab komentaro.
Lek kepingin ngerti jawabane bloken tulisan nang ngesore tulisan iki.
Ditambahi "RA" dadine kan maleh Susu Sodara,
Ditambahi "RI" yo tambah enak pindo paling, hehehe....
Kamis, 03 Juni 2010

Jadwal Piala Dunia 2010

Ngenteni tanggal sewelas rasane kok sui banget, Wes ah..., ra usah posting dowo-dowo, pertanyaanku mung siji, Sampean njago ngendi?

Lek kepingin ngerti Jadwal Lengkap Piala Dunia 2010 Afrika Selatan klik wae disini.
Lek ora seneng sing iku kliken nang kene wae.
Lek kepingin sing bedo klik iki yo knek.
Lek siarane RCTI iki jadwale kliken.
Selasa, 25 Mei 2010

Cara Mencegah Orang Merokok

Sampean pecandu rokok?
Sampean kepingin berhenti merokok?

Berikut Tips Mencegah Orang Merokok :

1. Lek ono uwong sing lagi ngrokok ojo malah dijauhi, tapi jusrtu harus didekati.

2. Lek wes dekat rebuten rokok'e, ojo mung rokok sing bungkusan, sing lagi disumet barang rebuten trus gawanen mlayu...

3. Nah... Lek sampean berhasil kabur, ora sempat ditabok'i wong sing lagi ngrokok maeng, berarti sampean wes berhasil mencegah orang merokok.


"Wkakakakakakampret..."

"Lha terus ngge opo pertanyaan nduwur dewe iku maeng?"

"Iku kan cuma pertanyaan, bah arep kok jawab bah ora, sing penting berhasil mencegak orang merokok, Yo ye...
Senin, 10 Mei 2010

Lagu Anak-anak

Lagu asli :

Satu-satu aku sayang ibu
Dua-dua juga sayang ayah
Tiga-tiga sayang adik kakak
Satu dua tiga sayang semuanya

Versi cilik'ane Cah Ndueso lagu iki ngene lek nyanyi :

Satu-satu ayo golek watu
Dua-dua antemke pak guru
Tiga-tiga ayo gek ndang mlayu
Satu dua tiga sesok ora mlebu
Kamis, 06 Mei 2010

Indonesiaku Bukan Indonesia-Indonesiaan


Asline aku gak ngerti oleh opo ora melu-melu lomba Ma Chung Blog Competition 2010, amergo bahasa utama sing dipersyarakan adalah bahasa Indonesia, yo sak jane oleh seh selain bahasa indonesia tapi lek jurine paham bahasaku, marai aku gak ngerti seh sopo jurine, mugo-mugo wae jurine yo paham boso jowo,hehehe.... Lah...yoez ben lah sing penting seperi biasa Cah Ndueso ikut berparty si sapi, hehehe...

Dalam rangka Hari Kebangkitan Nasional jare Ma Chung, aku nulis iki bukan karena tergiur hadiahe tapi yo mung bangga wae dadi wong indonesia, eh kok bangga? emange opo sing iso dibanggakan dadi wong indonesia?

Lek tak pikir-pikir aku yo bingung dewe je... lek Indonesia tak elek-elek ki yo negoroku dewe, yoezlah sing penting menyalurkan aspirasi wae yo ye?

Mungkin sing paling bisa dibanggakan mergo paling kondang sak dunia yoiku pulau Dewata alias Bali sing mashur pantaine kute. tapi yo arep bangga ki akhir-akhir ki malah tercemar gigolo lho...

Yo Candi Boro budur lekno, dadi wong indonesia kudune bangga salah siji Candine dadi keajaiban dunia, tapi arep dibanggakan ki yo mung numpuk watu, lha cah saiki ke isane malah bangga ndue hape paling canggih tapi ora iso nggawe lho ora kok bangga iso nggawe hape ngono seh...arep bangga Pak Habibie iso nggae pesawat yo malah sing ngakoni wong jerman.....

Kalo gitu bangga ndue suku bangsa terbanyak waelah, tapi arep dibanggakan ki sukune ora leren lek perang lan tukaran lho... Sampit vs Madura, Mimika di Papua lan liyo liyane piye ngene iki....

Sak jane sebagai wong indonesia yo harus bangga ndue makanan khas sing beraneka ragam, tapi arep bangga ki kok panganan, dikiro indonesia ki isane mung mbadog tok engko..

Kebudayaan Indonesia sing beraneka ragam pantes dibangakan, tapi arep bangga ki Reog Ponorogo, Batik karo tari pendet wae diaku-aku dadi kebudayaane wong malaysia lho...

Lha terus opo maneh sing bisa dibanggakan dari Indonesia?

Yo lek aku bangga indonesia ndue provinsi sing jenenge Jawa Timur, aku bangga Jawa Timur ndue kabupaten sing jenenge Ponorogo, aku bangga Ponorogo ndue kecamatan sing jenenge Mlarak, aku bangga Mlarak ndue deso sing jenenge Kaponan kang kondang Mbakone. Mbako Kaponan terkenal unggul kualitase lho...[lah malah iklan] aku bangga Kaponan dadi omahku ora ketang numpang neng omahe Romo lan Simbok, lek ora arep turu nengdi aku?

Eh ono ding sing pantas dibanggakan, tapi lek aku bangga aku engko di kiro melu-melu...

Sak jane Indonesia kan nduwe wong pinter-pinter to, sing tak maksud ki teroris, hehee... teroris Indonesia kan wes kondang sak dunia, bahkan Amerika wae wedi, kudune poro teroris koyo to Amrozi, Nor din M Top lan sak bolo-balane ki ora kok malah dihukum mati, bener lek di ditangkap lan dipenjara itu harus, tapi lek umpamane dimanfaatne utek'e ngge nggawe Bom Atom ngge memperkuat pertahanan NKRI kan mening to? Jepang, Irak, Iran wae nggawe pabrik Bom Nuklir BOM Atom moso Indonesia sing nduewe umbruk-umbruk'an Propesor doktor kadas pol kok gak iso nyaingi, yo lek terah gak iso kan iso ngakali poro teroris iku maeng kan, dari pada ilmune nganggur kan iso dimanfaatne to?
Senin, 03 Mei 2010

Pacaran

Pacaran ke oleh opo ora to jane?
Opo to hukum pacaran dalam agama islam?
Gek yo nyapo to kok dadak mbahas pacaran?

Coba jawaben trus angen-angenen pertanyaanku nang nduwur iku!

Naah, saiki cocokno jawabanmu karo kesimpulanku iki, cocok ndak?

Lek sampean njawab pertanyaanku jawabane ternyata koyo ngene, "pacaran nyapo kok ora oleh, yo oleh wae to...."Maka berarti kesimpulane, kemungkinan besar sampean saiki iki lagi ngrasakne opo sing jenenge pacaran. utowo lek sampean saiki wes kawin eh kok kawin koyo wedus ae, nikah maksudku, berarti nikahmu mbiyen kemungkinan goro-goro pacaran.

Trus lek sampean njawab pacaran hukume haram, alias ora oleh, berarti iku malah ngetok-ngetok'i lek sampean ki ora payu.

Lek sampean njawab hukume pacaran ki sunnah alias jika di kerjakan mendapat pahala jika ditinggalkan mendapat siksa, maka sampean kemungkinane saat iki sedang melakukan sing jenenge pedekate.

kemudian lek sampean njawab hukume pacaran ki makruh alias jika di kerjakan mendapat siksa dan jika ditinggalkan malah mendapat pahala, iku artine sampean saiki kemungkinan sedang putus cinta.

Naaaaaaah.....
Nyapo kok Cah Ndueso sing ndak tau pacaran kok malah membahas bab pacaran?

Jawabane cukup sederhana, setelah beberapa minggu ditelit i [sengaja huruf 'i' dipisah dengan sepasi] Cah Ndueso menyimpulkan [iso menyimpulkan ngene iki berarti mesthi wes mempraktekkan] ternyata ada satu fakta yang tidak disadari oleh para remaja yang sedang jatuh cinta. Ternyata, pacaran ki iso ndadekne uwong maleh resik'an. mulo saking meniko saran kulo, sinten sing kepingin urip sehat mongko kudu resik'an, lek kepingin dadi wong resik'an monggo engal-enggal pacaran. wkakakka.....