Jumat, 13 Agustus 2021

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Tahun Baru 1443 H - 76 Tahun HUT RI

 

اَلحَمدُ لله. اَلحَمدُ لله مُجَدِّدِ الْأَعْوَامِ عَامًا بَعدَ عَامٍ، الَّذِي افتَتَحَ بِأَفْضَلِ الأَشهُرِ شَهرِ المحَرَّمِ هَذَا العَام. أَشهَدُ أَن لَا إله إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ المَلكُ العَلّام. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الأَنَامِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَولَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَينِ مُتَلَازِمَينِ فِى كُلِّ أَيَّامٍ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الله، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. صدق الله العظيم.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Mboten wonten kalimat, engkang langkung sae kito ucapaken kagem mensyukuri nikmat, kejawi waosan tahmid alhamdulillah, mugio kanthi syukur saget ndadosaken kualitas takwa kito meningkat, sahinggo kito langkung ikhlas ing dalem nglampahi sedoyo dawuh-dawuhupun Gusti Kang Hakaryo Jagat.

Sholawatulloh wasalamuhu tansah katur kunjuk dumateng Nabi Agung Rusululloh bi qouli Allohumma Sholli ‘ala sayyidina Muhammad, mugio kanthi sholawat saget ndadosaken raos tresno kito dumateng Kanjeng Nabi tansah meningkat, sahinggo kito kagolongaken umatipun engkang nampi syafaat, langkung-langkung mbenjang wonten ing dalem akherat. Amin Allohumma Amiin.

Kaum Muslimin rohimakumulloh.

Wonten ing dalem sepekan meniko, kito kapinggihaken kaleh dinten engkang agung, agung menggahipun kito umat islam, ugi agung menggahipun kito bangsa Indonesia. Seloso kapengker kito sampun mlebet wonten ing wulan enggal inggih puniko wulan muharrom utawi wulan suro menggahipun tiyang jawi, artosipun kito memasuki tahun enggal 1443 Hijriyah. Lajeng Seloso engkang badhe dateng kito ugi bade manggihi tanggal 17 agustus inggih puniko dinten peringatan proklamasi, dinten kawitanipun Bangsa Indonesia diakui oleh dunia internasional sebagai negara engkang merdeka.

Tahun enggal mboten cekap namung sekedar sebagai peringatan ke mawon, ananging saestu kito selaku umat islam, ugi kedah saget mundut hikmahipun. tahun hijriyah mboten diawiti saking timuripun Kanjeng Nabi, mboten ugi diawiti nalikanipun agami islam mulai dipun ajaraken dening Kanjeng Nabi, ananging tahun hijriyah meniko dipun awiti tigang welas tahun sak sampunipun kenabian, dipun awiti sak sampunipun ikhtiar ugi usaha engkang mboten tepang kalimat putus asa. Mboten sekedar hijroh secara dzohir, ananging secara batin umat islam ugi saestu hijroh saking zaman jahiliyah engkang gelap gulita penuh kegelapan.

Kasebataken kathah riwayat wonten ing tarikhul islam, bileh zaman jahiliyah meniko saestu zaman engkang memprihatinkan, mboten namung Kanjeng Nabi ingkang prihatin ananging prihatin ugi tumrapipun umat islam, kados dene Sahabat Usman bin Affan, Bilal bin Robbah, Amr bin Yasir, Mus’ab bin Umair, meniko namung sebagaian tulodo engkang ngraosaken siksaan bahkan nampi perilaku engkang mboten manusiawi saking kafir quraisy ing zaman jahiliyah. Ananging sak sampunipun poro muhajirin inggih puniko sebutanipun poro shohabat engkang hijroh saking Makkah, bersatu kalian poro shohabat Ansor wonten ing Madinah, nembe saget dipun raosaken buahipun perjuangan, keranten persatuan menikolah engkang saget ndadosaken umat islam kiyat. Saling menghargai perbedaan, paring pambiyantu setunggal tiyang dumateng tiyang lintu, ngraosaken tiyang sanes engkang seagami meniko kados dene sederek piyambak, saling menghargai, ugi saling menghormati. ing akhiripun tercipta kesatuan dibawah panji agami islam, sahinggo saget mujutaken kemerdekaan tumrapipun umat islam ingkang masyhur kasebat Fathul Makkah.

Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh,

Hijroh meniko artosipun berpindah, menawi dipun terapaken ing zaman meniko, hijroh mboten kedah berpindah secara dzohir ananging engkang pasti berpindah saking engkang awon dumateng engkang sae, saking engkang sae dumateng engkang langkung sae maleh, artosipun selama kito saget berupaya memperbaiki diri, ikhtiyar kagem perubahan engkang sae, saking wekdal engkang sampun berlalu, dumateng kesaenan engkang bade dateng, insyaAlloh pitulunganipun Gusti Alloh tansah nyartani kulo panjengan sami, firmanipun Alloh :

وَالَّذِينَ هَاجَرُوا فِي اللّهِ مِنْ بَعْدِ مَا ظُلِمُوا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً ۖ وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

Lan wong-wong kang podo hijroh kerono Alloh sak wuse wong iku den dzolimi mongko Gusti Alloh paring panggonan kang endah ing alam dunyo, lan sak temene ganjaran ing akhirat iku luwih gedhe lamun to wong-wong iku podo mangerti. QS An-Nahl : 41

Dawuhipun sanes :

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللّهِ وَالَّذِينَ آوَوْا وَنَصَرُوا أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ

Lan wong-wong kang iman iku banjur hijroh berjuang ing dalane Gusti Alloh lan paring pitulungan marang liyan, sak temene ikulah iman kang sak temene iman, kanggo wong-wong iku Gusti Alloh bakal paring magfiroh, lan rejeki soho kamulyan. QS. Al-Anfal : 74

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Semanten ugi sebagai bangsa Indonesai, dinten seloso engkang badhe dateng kito bade memperingati 76 tahun kemerdekaan Indonesia, meniko ugi mboten namung sekedar peringatan rutinitas, ananging kito ugi kedah saget mengambil hikmah saking perjuanganipun poro pahlawan kemerdekaan. dinten meniko, wulan meniko, tahun meniko mboten saget kemerdekaan dipun peringati kanti kemeriahan, keranten bangsa Indonesia saat meniko sedang prihatin, negri Indonesia meniko sedang berduka, sedang menderita, mbetahaken perjuangan soho ikhtiar saking kulo panjenengan sedoyo, dinten meniko mboten wekdalipun hura-hura, wekdal meniko saget dados pembuktian dospundi usaha kito nerusaken perjuanganipun poro pahlawan. kito kedah emut kados dene nopo engkang dipun aturaken dening mbah-mbah kito, betapa beratnya perjuanganipun ing zaman penjajahan, bahkan namung sekedar kagem dahar mawon tanah ngantos dipun sade, ageman, rasukan sampun mboten kados pakaian, nopo maleh babagan pendidikan, tiyang engkang saget berhitung, saget membaca meniko prestasi engkang langka, kito ugi prihatin, jaman semanten rakyat meniko dipun paksa bekerja, tanpo wonten hak engkang dipun terima. Ananging keranten ikhtiaripun poro pejuang kemerdekaan, saking Sabang sampai Merauke bersatu tanpa membedakan agama dan suku, akhiripun cita-cita bangsa Indonesia meniko terwujud, kemerdekaan dipun proklamasikan.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Keranten kulo panjenengan sami meniko tiyang alit, tiyang awam engkang mungkin dereng kagungan peran utawi dereng saget nderek-nderek kagem mengisi kemerdekaan, ananging kito kedah mangertos bileh hubbulwaton minal iman, cinta dumateng tanah air meiko sebagian saking iman, Dawuhipun Sayyidina Umar bin Khottob :

ﻟَﻮْلَا ﺣُﺐُّ ﺍﻟْﻮَﻃَﻦِ ﻟَﺨَﺮُﺏَ ﺑَﻠَﺪُ ﺍﻟﺴُّﻮْﺀ ﻓَﺒِﺤُﺐِّ ﺍﻟْﺎَﻭْﻃَﺎﻥِ ﻋُﻤِﺮَﺕِ ﺍْﻟﺒُﻠْﺪَﺍﻥُ

Lamunto rakyat ora tresno marang negerane, mongko negoro iku bakal rusak, kanthi cinta tanah air negoro iki bakale manjing kejayaan.

berjuang saat meniko mboten kedah mengangkat senjata, saget mawi tenaga, harta benda, saget mawi ide pemikiran sae, Dawuhipun Alloh :

الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ أَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللَّهِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ

Wong kang iman banjur hijroh lan berjuang fisabulllahh, kanthi bandhane lan awak dewene, iku luwih duwur derajate mungguhe Pengeran, lan wong-wong ikulah sing bakale entuk kemenangan. QS. Attaubah : 20

Negri Indonesia saat meniko nglampahi cobaan pandemi, Negri meniko mbetahaken kulo panjenengan sami, menawi mboten mampu paring pambiyantu secara dzohir, sumonggo secara batin kito nderek-nderek nenuwun wonten ing ngarsanipun Gusti, kanthi ngathah-ngathahaken waosan do’a khanti ngathah-ngathahaken waosan ayat-ayat suci, insyaAlloh ing tahun enggal meniko dados kawitanipun bangsa meniko lepas saking cobaan. Kados dene petunjukipun Engkang Moho Kuaos Kasebataken wonten ing Al-Qur’an

وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْآنِ مَا هُوَ شِفَاءٌ وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

Lan den turunake saking Al-Qur’an iku dadi obat lan rohmat kanggo wong kang iman QS. Al-Isro’ : 82

Minimal ugi wonten ing peringatan kemerdekaan meniko kito saget nindaaken kewajiban sebagai tiyang engkang taksih gesang, inggih puniko ndungakaken dumateng engkang sampun mboten wonten, khususipun poro leluhur, poro pahlawan engkang sampun memperjuangkan kemerdekaan bangsa meniko.

Pramilo sumonggo sebagai wujud syukur atas kemerdekaan ugi ikhtiar kito wonten ing dinten seloso tanggal 17 Agustus engkang badhe dateng inggih puniko awit tabuh 10.17 menit ngantos tabuh 10.20 antawisipun namung 3 menit, kito hentikan aktifitas sejenak mengheningkan cipta maosaken do’a kagem poro leluhur pejuang bangsa meniko, soho doa kagem kesaenan soho kemaslahatan negari kito Indonesia.

Ing pangajab mugi-mugi poro leluhur, poro pejuang engkang sampun ngrumiyini kulo panjenengan sami, saestu pikantuk rohmatipun Pengeran dados piwales ganjaran atas perjuanganipun poro pahlawan.

Akhirul khutbah mugi-mugi Gusti Alloh enggal paring pitulungan dumateng Negri kita tercinta puniki, soho barokahipun kacurahno dumateng generasi penerus inggih puniko kulo panjengan sami. Tansah manjing kawilujengan wilujeng fidiini waddunya hattal akhiroh, Amin-amiin YRA.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.

وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

 

 

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الّذي جَعَلَ الشّهرَ هٰذَا شهرَ الاستقلال . اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوآللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ بَحْرِ أَنْوَارِكَ وَمَعْدِنِ أَسْرَارِكَ وَلِسَانِ حُجَّتِكَ وَعَرُوسِ مَمْلَكَتِكَ وَإِمَامِ حَضْرَتِكَ وَطِرَازِ مُلْكِكَ وَخَزَائِنِ رَحْمَتِكَ وَطَرِيقِ شَرِيعَتِكَ الْمُتَلَذِّذِ بِتَوْحِيدِكَ إِنْسَانِ عَيْنِ الْوُجُودِ وَالسَّبَبِ فِي كُلِّ مَوْجُودٍ عَيْنِ أَعْيَانِ خَلْقِكَ الْمُتَقَدِّمِ مِنْ نُورِ ضِيَائِكَ صَلاَةً تَدُومُ بِدَوَامِكَ وَتَبْقَى بِبَقَائِكَ لاَ مُنْتَهَى لَهَا دُونَ عِلْمِكَ صَلاَةً تُرِضِيكَ وَتُرْضِيهِ وَتَرْضَى بِهَا عَنَّا يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، وجميعِ مؤسسِ بَلدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا هذا، وَجميعِ اُصولهِم وفُروعِهِم وذَوِي الحُقوقِ عليهِم اَجمعيْنَ، اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِين وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغلاء وَالبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا وقَريتِنا كافونان خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.

فصلى اللهُ على سيدنا محمد النبي الأمي وعلى آله وصحبه بارَكَ وسلَّمَ. والحمد لله رب العالمين.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ  

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar