Kamis, 25 Maret 2021

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa (Nisfu Sya'ban)

 

KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ….. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ لَهُ الْمُلْكُ وَ لَهُ الْحَمْدُ كُلُّهُ, وَ بِيَدِهِ الْخَيْرُ كُلُّهُ, وَ إِلَيْهِ يَرْجِعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ, أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وتعالى وَأَشْكُرُهُ أَسْتَغْفِرُهُ وَأَسْتَعِينُهُ. وإِنِّي بِحَقِّ الْيَقِينِ َأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ. ثُمَّ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى. فَقَالَ اللهُ عَزَّ وجل مِنْ قَائِلٍ : لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ . صدق الله العظيم.

 

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Ngemutaken dumateng pribadi kulo khususipun, soho umumipun dumateng poro jama’ah sedoyo, bilih dinten meniko dinten jum’at legi tanggal 12 Sya’ban, artosipun dinten ahad pon malem senin wage mbenjing mben meniko, sampun malem 15 Sya’ban, kasebat malem nisfu sya’ban engkang istimewa sanget wekdalipun. Kados dene dipun dawuhaken Imam Syafi’i bileh Nisfu Sya’ban meniko termasuk wekdal engkang mustajabah kagem ndungo dumateng Dzat Engkang Moho Kuaos, keranten wonten ing malam nisu Sya’ban Rohmatipun Alloh dipun turunaken dumateng sinten mawon engkang nenuwun. Awit saking wekdal maghrib ngantos wekdal fajar, dumateng sinten mawon engkang tobat Gusti Alloh paring pangapunten, sinten engkang nyuwun rizqi Gusti Alloh paring risqi, sinten engkang sakit nyuwun kesarasan Gusti Alloh paring kesehatan, ugi sedoyo hajat bade dipun kabulaken. Dawuhipun Rosul :

يطَّلِعُ اللهُ إلى خلقِه في ليلةِ النِّصفِ مِن شعبانَ فيغفرُ لجميعِ خلقِه إلَّا لمشركٍ أو مشاحنٍ.

Gusti Alloh ing malam nisfu sya’ban paring pangapunten dumateng sedoyo makhluk engkang bertaubat, kejawi tiyang musyrik lan tiyang engkang bermusuhan.

Senaoso Gusti Alloh paring ijabah dumateng sedoyo dungo, kados dene nopo engkang kadawuhaken  ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ  ananging kito ugi kedah tau diri, ibaratpun warga negara yang baik, mboten mungkin kito nyuwun fasilitas sae bade dipun kabulaken, menawi kito meniko seorang kriminal engkang melanggar aturan, Ibaratipun tiyang sepah, mboten mungkin ngabulaken panyuwunanipun putro menawi engkang putro meniko lare nakal, nopo maleh naliko nyuwunipun kanthi tanpo adab.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Pramilo sumonggo kito selaku hamba Alloh tentu kito kedah ngathah-ngathahaken amal ibadah sak derengipun ndedungo, sumonggo kito bertaubat saking maksiat engkang sampun kito lampahi, sak derengipun kito kagungan hajat ndungo dumateng Gusti. Kito tingkataken amal ibadah kito, arupi nopokemawon, awit saking ibadah sholat, siam, shodaqoh, maos Al-Qur’an, ngathah-ngathahaken dzikir lan sholawat, tolabul ilmi, lan amal ibadah sae sanesipun. Keranten wulan Sya’ban meniko kadang terlupakan amargi kito terlalu fokus dumateng Romadlon engkang sekedap maleh badhe dateng.

Kasebataken wonten riwayatipun imam Nasa’i Dawuhipun Rosululloh SAW :

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

Wulan iku sering dilalekake manungso, wulan ing antarane rojab lan romadhon, yoiku sya’ban, ing wulan iku den angkat amale manungso maring Gusti Kang nguasani sekabehane jagat.

Nabi Muhammad SAW meniko remen, nalikane cathetan amalipun diangkat Gusti Alloh, Panjenenganipun wonteng ing kahanan ibadah. Meniko engkang kedah kito tuladhani, ibaratipun ujian kelulusan ampun ngantos naliko ujian awalipun sampun sae, ananging naliko ujian akhir kito pikantuk nilai merah, ing artosipun ampun ngantos naliko cathetan amal kito dipun angkat ternyata justru dosa maksiat engkang kito lampahi. Na’udzubillahi min dzaalik.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Wonten ing wulan Sya’ban meniko wonten beberapa peristiwa penting engkang kito kedah mangertosi, engkang pertama, ing wulan sya’ban meniko kasebat dados wulanipun kanjeng Nabi, keranten ing wulan meniko ayat perintah sholawat Qur’an Surat al-Ahzab ayat 56 dipun turunaken, engkang bunyinipun “Saktemene Gusti Alloh lan poro Malaikat ngaturaken sholawat dumateng Nabi, Mongko siro he wong-wong kang mukmin, sholawato siro kabeh lan ucapno salam penghormatan marang Nabi.” Ingih puniko Kanjeng nabi Muhammad SAW. Pramilo saking asbabun Nuzul ayat meniko saget dipun simpulaken bileh ngathah-ngathahaken dzikir sholawat ing wulan meniko tentu sangat dianjurkan.

Engkang ongko kaleh, ing wulan sya’ban wonten peristiwa bersejarah dipun awiti Ka’bah Wonten ing Masjidil Harom dados kiblatipun umat islam engkang sakderengipun kiblatipun dumateng Baitul Maqdis Masjidil Aqsho. Wonten ing malem nisfu sya’ban, Gusti Alloh perintah dumateng Kanjeng Nabi kanthi dipun turunaken QS. Al-Baqoroh ayat 144.

قَدْ نَرَى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ

meniko peristiwa agung engkang dados ujian keimanan umat islam, nuduhaken bileh sejatosipun engkang dipun sembah inggih puniko Gusti Alloh, Sanes Masjidil Aqsho sanes ugi Ka’bah wonten ing masjidil Harom engkang dados kiblatipun umat islam naliko sholat. Prailo ngathah-ngathahaken sholat sunnah ing malem nisfu sya’ban ugi sanget dipun anjuraken.

Engkang ongko tigo, wonten ing wulan sya’ban tahun 2 Hijriyah, ayat perintah siam ugi dipun turunaken, engkang sakderengipun umat islam meniko siam wajib wonten ing 3 dinten setiap wulanipun, sak sampunipun turun ayat

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Mongko kewajiban siam kagem umat islam dipun tetapaken dados sewulan penuh ing wulan romadlon. Pramilo kito kedah emut bilih perintah siam meniko turun wonten ing wulan sya’ban, naliko semanten poro shohabat mempersiapkan diri ing wulan sya’ban kanthi nglampahi siam sunnah, supados terbiasa ugi mboten kaget naliko manjing wulan siam romahon, wonten ing wulan sya’ban sak derengipun Romadhon dugi Rosululloh SAW ugi dawuh :

صوموا لرؤيتهِ وأفطِروا لرؤيتهِ فإنْ غُمَّ عليكم فأكمِلوا عدَّةَ شعبانَ ثلاثين يومًا

Poso’o siro kabeh kerono siro wis mirsani hilal, mongko lamun paningal siro katutup mendung sempurnakno wilangane sya’ban khanthi 30 dino.

Pramilo ing pertengahan akhir sya’ban meniko sumonggo kito laksanaaken sedoyo perintahipun Gusti, ugi kito laksanaaken sabdo dawuh sunahipun Rosululloh SAW, sahinggo kito kagolong dados tiyang-tiyang engkang bertaqwa.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Akhirul khutbah, ing wekdal sya’ban meniko sumonggo kito manfaataken kanthi sak sae-saenipun, khususipun saget taqorub ilalloh ing malem nisfu sya’ban mangke. mugi Gusti paring barokah dumateng kito sedoyo, dipun paringi panjang yuswo, mirah rezeqi, sehat lahir soho batih kito, sahinggo kapanggihaken wulan romadhon wulan mulyo engkang badhe dateng. Aamiin YRA.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ الآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

 

KHUTBAH II

الحمد لله….. الحمد لله الذي خلق الموجودات من ظلمة العدم بنور الإيجاد. وجعلها دليلا على وحدانيته لذوي البصائر إلى يوم المعاد. وشرع شرعا اختاره لنفسه. وأنزل به كتابه وأرسل به سيد العباد . أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِيْ تُنْحَلُ بِهَ الْعُقَدُ وَتَنْفَرِجُ بِهِ الْكُرَبُ وَتُقْضَى بِهِ الْحَوَائِجُ وَتُنَالُ بِهِ الرَّغَائِبُ وَحُسْنُ الْخَوَاتِيْمِ وَيُسْتَسْقَى الْغَمَامُ بِوَجْهِهِ الْكَرِيْمِ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ عَدَدَ كُلِّ مَعْلُوْمٍ لَكَ.

( أمّا بعدُ ) فيَآايُّهاالنّاسُ اتَّقُوا اللهَ تعالى وَذَرُوا الْفَواحِشَ ما ظهَرَ مِنْها وما بَطَنَ. وحافظُوا على الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمُعَةِ والجَماعَةِ . وَاعْلَمُوا  أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيه بِنَفْسِهِ, وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بقُدْسِهِ. فَقالَ تعالى ولَمْ يَزَلْ قائِلاً عَلِيمًا: إِنَّ اللهَ وَملائكتَهُ يُصَلُّونَ على النَّبِيِّ يَآ أَيّها الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ و بَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدُ. وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاء الرّاشِدِينَ وعَنْ سائِرِ أَصْحابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعينَ وَعَنِ التَّابِعِينَ وتَابِعِي التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسانٍ إِلَى يَومِ الدِّينِ,  وَارْضَ عَنا معهم برحمتك يا ارحم الراحمين.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، فَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَالِحَ أَعْمَالِنا وَاجْعَلهَا خَالِصةً لِوَجْهِكَ الكَرِيمِ

اللَّهُمَّ اجْعَلْ لَنا مِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجاً، وَمِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجاً، وَمِنْ كُلِّ بَلاَءٍ عَافِيَةً

أللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَان

اللَّهُمَّ إِنا نعُوْذُ بِكَ مِنْ جَهْدِ الْبَلاَءِ وَدَرْكِ الشَّقَاءِ وَسُوْءِ الْقَضَاءِ وَشَمَاتَةِ اْلأَعْدَاءِ.

إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَئٍ قَدِيْرٌ وَبِالْإِجَابَةِ جَدِيْرٌ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

فصلى الله  على سيدنا محمد صلاَةً   تدوم  بِدوامك و تبقَى بِبقاَئك لاَمنتهى لَها دونَ علْمك صلاَةً ترضيك و ترضيه و ترضى بِها عناَّ  ياَرب اْلعاَلَمين, والحمد لله رب العالمين.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ. وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.

 

 

 

 

 

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar