Minggu, 11 Mei 2014

Contoh Atur Pasrah Penganten Kakung

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalah gotrah kulawarga,

Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung).......... ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

14 engkang sampun komentar:

  1. matursuwun.mugio tansah dados amal ibadah jariyah ingkang lumintu ganjaran ipun kangge sederek ingkang adamel makalah.kairingan Jazakumullah jaza'an katsiro

    BalasHapus
  2. hy teman'' pecinta poker...gabung yuk main poker dengan uang asli di WWW.ROYALFLUSH99.COM
    minimal melakukan deposit 50rb.. suport bank bca,bni dan mandiri..poker online yang sangat booming dan terpercaya saat ini..
    join ya teman" di WWW.ROYALFLUSH99.COM
    paling booming ni gan...asik gan

    BalasHapus
  3. yuk teman2 main yuk di situs poker online aman dan terpercaya www.royalflush99.com asik lo main poker online

    BalasHapus
  4. Matur nuwun mbah, niki nenyelamat kan kelompokke kulo

    BalasHapus
  5. matur sembah nuwun mugi dados tuladhaning putro wayah,,,, kagem uri - uri kabudayan jawi

    BalasHapus
  6. matursuwun mugi migunani tumrap kulo dalah para muda murih lestriningbudaya Jawi,..Suwuwn,.

    BalasHapus
  7. Nuwun sewu pak/buk/maz/mbaka,menopo conto wonten nginggil saget dipun donload ngih,klo ngaturaken pinuwun engkang anpo pepindan

    BalasHapus
  8. Kepareng kopi paste ..., matur nuwun ..., mugia tambah berkah.

    BalasHapus
  9. nyuwun pangapunten.......kawulo nderek copas .....ampun didukani njih Lik....

    BalasHapus
  10. Matur nuwun. Saged kangge referensi

    BalasHapus
  11. KANGGE AWALAN LAN SINAU COBI BAHASE PADOS
    INGKANG RODOK GAMPIL

    BalasHapus