Rabu, 12 Maret 2014

Dilarang Nguyuh

Perjalanan adoh iku emang paling ribet yen lagi kebelet nguyuh, nek nggowo kendarakan dewe jek penak iso mandek nengdi wae sak karepe dewe, lha nek numpak bis, opo yo gelem sopire dikon mandek sak penakmu.

Critane iki Sarkun lagi numpak bis perjalanan menyang Jakarta. Kersaningalah dewek'e kebelet nguyuh ora kenek diempet, njur ngomong menyang kernet ngajak mandek sedilut barang sak menitan. Sarkun kepengen mudun bis mergo arep nyuyuh, ananging si kernet bis nolak permintaane Sarkun. Amergo praupane kernet sing galak Sarkun gak wani ngeyel, terpaksalah uyuh'e diempet sak kuate, raine abang ireng, aku seng ono ing sandinge sampek mesakne campur kudu ngguyu.

Untunge limang menit sak bare iku bis mlebu pom ngisi solar lan sopire ngomong yen ono seng kepingin menyang toilet diwehi kesempatan kon mudun. Sarkun seng wis kebelet langsung mudun lan aku nginthil ing mburine, kersanengalah toilet umum kanggo kabeh ora enek seng kosong. Lingak-linguk golek panggon nguyuh, Sarkun sumringah ono mesjid cedak'e pom lan untunge ono toilet seng kosong, age age wae sarkun mlayu menyang mesjid nanging tak bengok'i.

"Arep nyandi koe, Kun?" aku takon karo nututi ing mburine
"Arep nyang mesjid, wis ora betah iki" jawabe Sarkun pringisan
"Sek to ojo mrono, tenan mandek'o"
"Lha emange nyapo?"
"Opo ora ngerti kowe, gak entuk lho nguyuh neng mesjid iku"
"Loh, lha emange nyapo? wis kebelet tenan iki" Sarkun mandek sajak'e nesu mergo tak larang
"Sumpah ojo nguyuh neng mesjid, kowe mengko ditabok'i wong akeh nek sampek wani-wanine nguyuh neng mesjid kene"
"Lha terus piye iki, aku wis ora kuat ngempet" Sarkun wis pasrah yen bakale ngompol neng sual
"Gampang nek pancen kowe wis ra betah ngempet, nguyuho neng toilet'e mesjid wae, ojo nguyuh neng mesjid, di jotosi takmir sak merbote koe engko"
"Diamput...Asssuuu...." Sarkun wis ora perduli karo aku seng cekakak'an, langsung mlayu menyang mesjid, eh toilet mesjid.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

7 engkang sampun komentar:

  1. obat hebal tradisionalRabu, 12 Maret, 2014

    menarik sekali artikelnya gan :D

    BalasHapus
  2. aduh kebelet pipiss https://lh3.googleusercontent.com/-duNoMAb1RS4/T2WEWrOfR8I/AAAAAAAACZ0/ObgHf-PmTuE/s36/03.gif

    BalasHapus
  3. gak mesisan ditambahi aturane : dilarang nguyuh sendirian, kudu bareng wakqkqkqkq pedang-pedangan

    BalasHapus
  4. wkwkwkkw... puancet, enggak genah genah ket biyen, jane seng kebelet sarkun opo sampean =))

    BalasHapus
  5. salahe rak sangu botol po kresek.. (p)

    BalasHapus
  6. untung enek toilet masjid, jal nek ngucur neng katok piye :>)

    BalasHapus