Sabtu, 07 April 2012

PASSWORD

Mambengi koncoku dolan nyang omah, nggowo leptop jare kon marai nggarap tugas. Lagek teko leptop diselehne tapi dewek'e langsung nyang toilet jare kebelet ngiseng.

Nunggu koncoku leptope iku mau tak urepke, tapi ternyata leptope dipasangi password dadi aku gak iso mbukak.

"Kek, leptopmu gak knek dibukak kon nglebokne password, opo iki paswote?" Koncoku seng neng njero toilet iku maeng tak bengok'i.

"Jenengmu" Semaure ora kalah banter mbengok.

Langsung ge er sundul usuk aku, trenyuh atiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekne password ngge mbukak laptope, tapi yo gak heran wong aku karo dewek'e wes koyo sedulur lanang wae, konco kawit cilik, mangan bareng adus bareng turu bareng wes biasa, dadi yo masuk akal ae yen sampek jenengku didadekne password, mungkin supoyo eling terus marang aku kang dadi konco sejatine.

Jenengku "fariz" langsung tak ketik trus tak enter, Lho kok gak knek, Tak jijal maneh, Lho kok tetep gak knek, mungkin jeneng lengkapku, tambah keronto-ronto atiku ora ngiro yen sampek jeneng lengkapku lo seng dingge password leptop iki.

Jeneng lengkapkupun tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.

"Kok ndak knek to kek" Koncoku seng iseh ing jero toilet tak bengok'i maneh.

"Kaploken" Semaure ndak jelas opo maksute

"Apane seng dikaplok? leptope yo?"Aku takon gak paham

"Hurupe password iku ketiken ngangge hurup gedhi"

"Hoalaaaah...CapsLock" Lagek mudeng aku, untunge leptope urung tak kaplok tenan.

Tak jijal maneh jenengku tak ketik, saiki ngangge hurup gedhi , berbunga-bunga tenan hatiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek password leptope koncoku iki ngangge jenengku hurupe gedi pisan, ge er ku wes gak ketulungan.

Tak pijet enter, Lho... tapi kok tetep password yang anda masukkan salah.

"Ora knek" aku kondo naliko koncoku wes metu songko toilet.

Banjur leptop di cekel "Moso to, njijal ndelok"

Tombol CapsLock di dulek trus paswote diketik:

JENENGMU

Heladalaaaaaah.....
Ternyataaa.....
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

18 engkang sampun komentar:

  1. palingno kowe mau bubar mangan wedus disunduki tooo. dadi lali ra nyambung lek diwenehi weruh lek paswot te JENENGMU,sak jane kowe ra salah koncomu yoo ra salah, seng salah kuwi laptope koncomu kuwi loo. laa weruh kowe lek rangerti paswot te sing dileboke nek deweke kuwi kok kur paswot anda yang anda masukkan salah, kudune yoo yo lek ngomongi "NGENENO CARANE NGLEBOKE"

    BalasHapus
  2. palingno kowe mau bubar mangan wedus disunduki tooo. dadi lali ra nyambung lek diwenehi weruh lek paswot te JENENGMU,sak jane kowe ra salah koncomu yoo ra salah, seng salah kuwi laptope koncomu kuwi loo. laa weruh kowe lek rangerti paswot te sing dileboke nek deweke kuwi kok kur paswot anda yang anda masukkan salah, kudune yoo yo lek ngomongi "NGENENO CARANE NGLEBOKE"

    BalasHapus
  3. ngetok2i nek gak enek sinyal

    BalasHapus
  4. :'D

    "asem aku nangis moco tulisamu ing ndukur kui"

    BalasHapus
  5. hahhahaaa....
    sik tak tinggal nggolek kerja maning wae...
    :D

    BalasHapus
  6. kepuedenen iku kadungan, tibake..

    BalasHapus
  7. mas kenapa sih emang gak bisa pake bahsa yang umum saja , ( indonesia).

    BalasHapus
  8. HHHHHHHHHHHHHAAAAAAAAAA BU GURU TERTAWA

    BalasHapus
  9. yo....ben luwih ngerti,,,, q iso balek ngomong jowo sekarang.....

    BalasHapus
  10. wow.. mantapp rupane ono website sing khusus bahasa jowo... matur nuwun gae artikel e

    BalasHapus
  11. Wo asyuuuu...kapusan #juh :-t

    BalasHapus