Senin, 14 November 2011

Upacara Adat Tali Darma

Umumnya pahargyan pengantin itu dilakukan dua kali, satu kali di tempat mempelai putri, satu kali di tempat mempelai pria. Di tempat pengantin putri selain acara akad nikah juga ada upacara adat Panggih, sedang di tempat mempelai pria disebut pahargyan Ngundhuh Mantu atau Nekaake Nganten dan upacara adatnya disebut upacara adat Tali Darma atau upacara Wisudhan Temanten. Inti upacara ini adalah pernyataan pengakuan orang tua di hadapan orang banyak kepada anaknya untuk membina rumah tangga.
Tentang alat yang dipakai dalam upacara adat Tali Darma adalah :
  1. Sapu kecil untuk gepyokan
  2. Air, biasanya pakai kendi berikut nampan untuk menampung air kucurannya.
  3. Kalung untaian bunga
  4. Keris.
Langkah-langkahnya sbb:
  1. Pengantin dan rombongan masuk ke tempat upacara dengan iringan gendhing Ladrang Wilujeng atau Kebo Giro.
  2. Gendhing ganti Kodhok Ngorek, lalu upacara dimulai dengan Gepyokan, dengan sapu kecil tsb kaki pengantin disapu oleh ibu mempelai pria. Bagian ini biasanya sengaja dihilangkan oleh para juru rias karena dianggap ndeso.
  3. Ibu mempelai pria kemudian membasuh kaki pengantin dengan air, biasanya dengan cara mengucurkan air dari kendi di atas nampan yang disediakan atau mungkin pula pakai alat yang lain. Bagian ini kadang juga ditiadakan dengan alasan tertentu.
  4. Kemudian pengantin diberi minum air putih, bapak ibu yang pegang gelasnya.
  5. Sang bapak kemudian mengalungkan kalung pengantin yang biasanya berupa untaian bunga kepada mempelai pria. Bagian ini kadang diganti dengan sinduran, yaitu pengantin dipakaikan kain dengan motif tertentu di punggungnya, satu kain untuk kedua mempelai.
  6. Kemudian sang bapak memakaikan keris kepada mempelai pria, jika dari sananya sudah pakai keris maka saat itu diganti. Bagian ini juga kadang ditiadakan karena pakaian yang dikenakan pengantin bukan pakaian adat Jawa sehingga tidak memungkinkan pakai keris.
  7. Setelah selesai kemudian mereka naik ke sasana rinengga, bapak ibu (serta bapak ibu besan) kemudian duduk di tempat yang disediakan, saat itu gendhing dilanjutkan gendhing yang cocok untuk sungkeman, misalnya Ketawang Rujit.
  8. Pengantin sungkem kepada bapak ibu, (bapak ibu mempelai pria lebih dahulu).
  9. Biasanya kemudian diambil fotonya dengan berbagai variasi.
  10. Pengantin lalu didudukkan di singgasana dan dikipasi oleh kedua patah.
  11. Selesai, gendhing distop, berlanjut ke acara berikutnya.
 Berikut ini contoh panatacara membawakannya, (mungkin perlu disesuaikan dengan melewati atau merubah bagian tertentu).
========================
Salajengipun, ndungkap adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Upacara Wisudhan Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga, sumangga keparenga mratitisaken upacara menika.
Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, upacara menika samangke badhe kabiwardha ungeling gendhing2 Boyong Penganten, sumangga, nuwun.


==(gendhing Ladrang Wilujeng PLAY, penganten saking sasana busana mlampah mlebet sasana pawiwahan lajeng dijantur)==

Lamat-lamat katon tejane, saya sumunar cahyane, lah punika ta tejane sang anyar katon ingkang nembe manjing sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon?
Punika lah temanten sarimbit Sang Abagus …………. kalawan Rara Ayu …………. ingkang kawiwaha ing dinten pinilih kang katiti mangsa surya --11 November 2011 .
Kasilir ing samirana kongaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan.
Tata tumata lumaksana kanthi kebak ing trapsila,
Ing ngajeng patah sakembaran ingkang katindakaken anak ayu ……….. dalah rara ayu …………,
nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat gegandhengan asta..
Kinanthi Ibu Juru Sumbaga, hanenggih Ibu ..................
Manjing madyaning sasana pawiwahan ngarsane para pilenggah, para tamu tuwin para kadang, kang samya tulus asih asung pambageharja mring praptane Sang Narpati sehari.

==(dumugi papan upacara kendel sekedhap, gendhing Ladrang Wilujeng STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan. Putra temanten sarimbit sampun samapta wonten papan upacara, pramila tumuli ngancik tumapaking prastawa gati, nuwun inggih Upacara Wisudhan Temanten ingkang limrah kawastanan Upacara Tali Darma, binarung canthoka munya munggwing warih ing wayah sore.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala prastawa gati sri temanten sarimbit hanetepi upacara adat Tali Darma, nuwun inggih upacara Wisudhan Temanten.
(Gepyokan)
punika lah ingkang winastan Gepyokan, ingkang ibu hangicalaken sukerta, sesiku menapa dene reridhu ingkang mbok bilih nempel rikala penganten wiwit saking ..................... dumugi .............., kados sawan upaminipun.
(Wijik Suku)
kanthi wijik suku mugi-mugi temanten kekalih tuhu resik saking sukerta datan ana kang keri.
(Ngunjuk tirta wening)
Temanten pinaringan unjukan tirta wening, kanthi menika kaajab mugi-mugi, penganten kekalih tansaha kagungan manah ingkang wening, manah ingkang tansah tumuju dhateng kautaman, manah ingkang tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah mring Gusti Ingkang Maha Wikan.
(Ngagemaken sangsangan)
Ingkang rama hangagemaken sangsangan, punika mratandhani bilih tiyang sepuh sampun paring idi lan pangestu anggenipun penganten sarimbit badhe hamangun bale wisma.
(Ngagemaken dhuwung)
Salajengipun ingkang rama hangagemaken dhuwung, punika minangka sipat kandel utawi kapitadosan, nuwun inggih tiyang sepuh sampun pitados, bilih sakmenika Mas Bagus ....................... menika sampun ndungkap dhiwasa utawi mboten lare malih, ingkang ateges sampun saged ngrengga tanggel jawab bale wisma.

==(penganten mlebet sasana rinengga, gendhing Kodhok Ngorek STOP gantos Ketawang Rujit PLAY terus njantur)==

Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu..........
===(penganten sungkem)==
Risang penganten tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.........
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh............
Sanadyan lir sinendhal mayang penggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.....
===(penganten kalenggahaken)===
Wus purna putra temanten kekalih hanetepi upacara, pramila tumuli kalenggahaken ing sasana pinajang, hanyenyadhang berkah lan pendonga para pilenggah tuwin para tamu minulya.
==(gendhing STOP, padatanipun juru foto lajeng sibuk mendhet gambaripun)==

Sanggya adilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kanthi berkah pangestu panjenengan sedaya upacara wisudhan temanten sampun paripurna, pramila sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang urut angka 3, inggih menika ...................................


*) binarung canthoka munya munggwing warih ing wayah sore artinya: 'bersamaan kodok berbunyi di air saat senja' adalah sasmita pemutaran gendhing Kodhok Ngorek.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar