Kamis, 04 Februari 2010

Universitas Kelas Ndueso




Aku melu Lomba Blog Universitas Islam Indonesia, emboh oleh opo ora ngangge boso jowo ngene iki, sing penting tujuanku iki mung ikut berparty si sapi eh berpartisipasi maksudku, hehehe....

Aku dudu mahasiswa tapi senajan aku iki cah ndueso yo ora kepingin ketinggalan informasi. aku ora kuliah, aku sakjane kepingin kuliah tapi lek enek ki mbok yo ora mung biyayane murah tapi gratisan pisan ngono lho. gek mlebune seminggu peng pisan opo peng pindo wae sabtu karo minggu tok ngono. dadi dino-dino liyane aku iso kerjo. akeh wong sing ora mampu koyo aku ngene iki kepingin kuliah tapi ora keturutan, tapi nyapo kok yo akeh wong sing mampu malah ora tenanan lek kuliah yo?

Jare neng luar negri iku ono lho kuliah sing ora mbayar tapi malah dibayar. bener kan? neng indonesia Universitas ngendi sing ngene iki?

Jaman saiki meh ora enek lowongan pekerjaan sing ora mencantumkan syarat pendidikan sarjana. lha terus karyawan TU alias petani utun koyo aku iki kon kerjo opo? moso neng sawaaaaaah wae. WALEH. mas tani koyo aku ora butuh gelar sarjana tapi mas tani tetep wajib menuntut ilmu kan? jare "uthlubil 'ilma minal mahdi ilal lahdi" alias golek'o ilmu sampek kowe mati. dadi aku kepingin kuliah iku ora kok mergo arep golek ijasah, tapi mung arep memenuhi dawuhe kanjeng Rosul golek ngelmu. enek opo ora yo universitas sing gratis tis ora mbayar blas? lek enek aku arep daftar ora oleh ijasah yo ora opo-opo sing penting aku oleh ngelmune poro doktor lan propesor.

Aku pernah ketemu salah sijine pejabat pemerintah ngomong nyang aku ngene "ora usah kulih-kuliahan ritek lek mung arep golek ijasah, kerjo wae saiki sing mempeng, lek wis sugih gampang engko ijasah keno dituku koc?". aku prihatin banget moso koyo ngono iku to watak'e poro pejabat? opo yo kabeh universitas neng indonesia adol ijasah sing keno dituku wong sugih ngono iku yo? tapi yo ono benere kok, lek niate mung golek ijasah ora usah kangelan sinau, tuku wae kan enek universitas sing adol ijasah to?

Universitas Islam Indonesia aku yakin tidak seperti iki kan?

Intine universitas idamane cah ndueso yoiku sing gratisan, ha..ha..ha.....

opo yo enek to kek.....!!!


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

54 engkang sampun komentar:

  1. SIP...sesama pemburu gratisan aku dukung kang....hahahaha

    BalasHapus
  2. salam sahabat
    weleh melu tah mMas.lha kok aku weruhe telat ngene dadi ra sido nuh,Mas nMas sasi ngarep/maret emben iki aku mulih ayo ketemuan ben jotos jotosan wakakakak...sukses lan mugo oleh hadiahe yo Mas makasih alias matur nuwun

    BalasHapus
  3. subhanallah.. makin banyak kompetisi nih. semoga menang

    BalasHapus
  4. yowes pakde,tak dungakne menang, engko ojo lali traktirane yoh

    BalasHapus
  5. waduh aku nga ngerti,,hanya ingin mengucapkan: salam kenal sobat

    BalasHapus
  6. walah...bahasa ne kereeeennnn abieeezzz...sampe saya gak ngerti...hehehehe

    Sukses selalu ya

    BalasHapus
  7. gratisan? ngenteni pemimpine ga curcol tok ae .. ekekekke

    BalasHapus
  8. sip buat kontesnya mas..
    semoga menang..

    BalasHapus
  9. uhuyyyyyyyyy cemangat

    BalasHapus
  10. jan tenan wong iki NDEEESSSSO banget, tapi pikirane KKKKUUUUtttOOOO

    BalasHapus
  11. huuu jebole yooo glunatan melu lomba barang yo kwe....hmmmm manteb....pak tani melu lomba blog..brarti petani indonesia ki soyo maju yoo...? manteb boz..hehee

    BalasHapus
  12. wakakk,,
    salam kenal ae mas,,
    jowone seru,,,

    BalasHapus
  13. sugeng sonten gaan
    aku mampir sopo ngertio ono wedang ronde karo sego angkring.... opo hubgane...he..he.., wedang ronde karo sego angkring kesenengane wong ndeso juga kaya aku iki..

    BalasHapus
  14. @joresan freedom: aku rung rabi kek,mas tani ngono lho...ojo pak tano to.
    @badruz:wedang ronde gak enek bos,rondo nggae wedang enek,hahaha...arep ye?

    BalasHapus
  15. Assalamu'alaikum, Semoga harapannya untuk bisa kuliah bisa terwujud, amin. saya tidak ngerti bahasa jawa, jadi mhn maaf kalau komentarnya kurang pas. (Dewi Yana)

    BalasHapus
  16. semoga menang ya mas...terus..tetep semangat,gak kuliah bukan berarti gak bisa maju, buktinya mas..mas tani tapi melek teknologi ;).

    BalasHapus
  17. Hehe... lansung tuing-tuing pas bacanya :)
    Pokoknya semoga sukses aja deh...
    Makasih udah mampir ke tempat saya :)

    BalasHapus
  18. mlakumlaku ping kapisan
    kesandung watu sempoyongan
    paling asyik emang gratisan
    duwet liyane iso kanggo mangan..

    BalasHapus
  19. Kanthi hawa sing tak unjal.. tak dongakne njenengan kekabul, opo sing njenengan gayuh..

    BalasHapus
  20. semoga sukses Cah Ndueso. Sinau iku ora mesti neng universitas. Mungkin angel nek arep nggolek sing gratisan. Tapi tetap optimis, belajar bisa dari mana saja, kan katanya ora nggolek ijasah to.. sing penting oleh ngelmune.

    BalasHapus
  21. lha emang ada kuliyah gratisan ya mas
    aku ikut juga dooong

    BalasHapus
  22. nek jare guruku matematika jaman SMP sing mirip karo Doraemon,

    nek pengen gratis, yo sekolaho ning gone mbahmu...

    sambil nglempar hasil ulangan nyang nilainya 1-5

    beuhhhh....

    BalasHapus
  23. Nek kepingin murah tur mlebune sakarepe, ngerti-ngerti ujian ... ndaftar wae nang UNTERBUK [Universitas terbuka]
    Yen kepingin gratis ? Wah kuwi aku yo gelem. Yen ono kandani aku yo :)

    Mas Ben
    http://bentoelisan.blog.com

    BalasHapus
  24. @mas ben: kalo ada yang jual ijasah S1 hubungi aku ya?hehehehe...

    BalasHapus
  25. mas tani pancen kudu ngono pikirane maju, ojo pisan2 ceklek asa (putus asa), hehe....
    tani lak gaweane tapi pikirane menteri, yo ye...haha
    ekonomi kerakyatan-lanjutkan-lebih cepat lebih baik............

    BalasHapus
  26. hehehehe...waduh ga ngerti Mas...

    BalasHapus
  27. Kuliah Gratis??? Weleh ... aku ya super gelem!

    BalasHapus
  28. dadi sarjana jaman saiki pancen ora ana jaminan mesti bakal entuk gawean sing kaya dikarepake, mas. nanging tambah sedih yen ana pejabat kok malah ngomong kaya ngono. kudune kan malah bisa menehi patuladan lan motivasi supaya mempeng anggone kuliyah.

    BalasHapus
  29. Melu lombaan ?
    Opo arep melu kuliah ? izasah ra penting Mas, sing penting kui duit'e okeh.

    BalasHapus
  30. wong indonesia, senengane sing gratis gratis

    BalasHapus
  31. weh...kuq ono yo postingan jowo kabeh hehehe..dadine lucu mas..
    mugo² menang mas amin

    BalasHapus
  32. baca tulisan ini bikin saya ketawa ngakak..hahaha
    baru kali ini saya baca blog buat kontes pake basa jawatulen...
    saya tau artinya kuq, krn saya lahir di tanah jawa juga..

    BalasHapus
  33. kalah menang wis biasa...coba ae kang...sopo ngerti rejekine sampeyan, ojo lali traktirane lek menang

    BalasHapus
  34. kalah menang yo sak sire juri no.....hahaha....

    BalasHapus
  35. sugeng kontes mugi mugi menang

    BalasHapus
  36. wis ora susah susah nggolek sekolah gratisan neng Indonesia, wis dijamin ora ono, laiki wae otodidak wis dadi blogger, yo, ngoone blog gratis, akeh kancane sing gelem dijak sinau bareng, meh takok opo to, ngko tak takokke nyam mbah guggel khan mesti njawab tanpo njaloook bayaran :)
    yo siji meneh mugo mugo menang lombane :D

    BalasHapus
  37. @sri:iyo kang,mbah gogle emange dosen sing paling cespleng,ora enek sing iso nyaingi pintere mbah gogel, yo ye?

    BalasHapus
  38. podo wae mas sak jane ngunu aq yo pengen kuliah meneh, tp yo piye ati karep bondo cupet

    BalasHapus
  39. nek neng luar negeri seng sekolah di bayar sak elingku ora ono tapi nek ora mbayar alias gratis ono sak ngertiku tapi... conto ne nek jepang koyo to wong asing nek kene blajar opo sekolah bahasa jepang gratis ora mbayar...

    BalasHapus
  40. hayo sing podho kuliah kae piye jal? lha nek aku nu ancen ga kuliah. :p

    BalasHapus
  41. mugo-moga iso direalisasikan.. kuliah gratis. mas.. he..he. suwun...

    BalasHapus
  42. Berkunjung menjalin relasi dan mencari ilmu yang bermanfaat. Sukses yach ^_^ Salam dari teamronggolawe.com

    BalasHapus
  43. Bahasanya tidak saya mengerti nih.. kalo di translate ke english malah makin puyeng.hehhe
    komentari perguruan tinggi idaman saya ya..

    BalasHapus
  44. mugo2 kontese menang, trus hadiae ti tumbasne sawah. sawahe ditanduri nek panen kenek ge ragat kuliah. hehehehhe

    BalasHapus