الخطبة الأولى
الحَمْدُ
لِلّٰهِ، الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَـعَـلَ رَمَـضَـانَ شَـهْـرَ الـصِّيـَامِ، شَهْرٌ
فِيهِ تُطَهِّرُ أَنْفُسُنَا مِنَ الْمَعَاصِى وَالْأَثـَامِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا
إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الْـمَـلِكُ الْـقُـدُّوْسُ
الـسَّــلَامُ، وَأَشْـهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ، اللّٰهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِّصْبَاحِ الظَّلاَمِ، صَلاَةً
تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامِ، أَمَّا بَعْـدُ فَيَا
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ فِيْ كُلِّ الْاَيَّامِ،
تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ، فَقَدْ
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكِرَامِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ
اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى
وَالْفُرْقَانِ، فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ، وَمَنْ كَانَ
مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ، يُرِيْدُ اللّٰهُ
بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ، وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ
وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ. وَقَالَ
رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ صَامَ يَوْمًا فِي سَبِيلِ
اللّٰهِ بَعَّدَ اللّٰهُ وجْهَهُ عَنِ النَّارِ سَبْعِينَ خَرِيفًا. صَدَقَ
اللّٰهُ الْعَظِيمُ وَبَلَغَ رَسُولَهُ الْكَرِيمَ.
Ma’asyirol muslimin
rohimakumulloh
Sumonggo
sesarengan kito panjataken raos syukur dumateng Gusti Alloh SWT atas sedoyo
rohmatipun engkang sampun kito tampi, langkung-langkung wonten ing kesempatan
engkang minulyo, wekdal engkang minulyo, dinten engkang engkang minulyo, wulan
engkang minulyo meniko. Kanthi niat hurmat dumateng wulan romadhon, mugi-mugi
saget ndadosaken takwa kito soyo kandel, tambah meningkat, sahinggo ajrih kito
dumateng Gusti Alloh sarono netepi dawuh ugi ninggalaken awisanipun engkang
dipun cegah, ndadosaken tambahipun iman, ugi tambahipun semangat anggen kito
ngathah-ngathahaken ibadah khususipun siam romadhon kito awit awal ngantos
dinten meniko, saget ndadosaken kito kagolong tiyang engkang kasebat wonten ing
Al-Qur’an “la’allakum tattaquun”, golonganipun tiyang-tiyang engkang bertakwa.
Jama’ah
jum’ah rohimakumulloh
Hukum
wajib nglampahi siap Romadhon meniko wonten ing dalem ilmu fiqih termasuk ma’lum
minad din bidh dhoruuroh, artosipun hukumipun siam meniko mboten wonten
khilaf utawi perselisihan wonten ing kalanganipun ulama’, bahkan tiyang engkang
awam sekalipun mangertos bahwa siam meniko hukumipun Wajib. Kewajiban puasa Romodhon
sampun dipun tetapakan wonten ing Al-Qur’an, wonten ing hadits ugi ijma’ipun poro Ulama’.
Allah SWT
berfirman: فَمَنْ
شَهِدَ مِنكُمُ ٱلشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ (QS
Al-Baqarah: 183).
Mongko
sopo wonge kang nemoni wulan iku (inggih puniko Romadhon), mongko lakonono
ibadah poso.”
Pramilo
sinten tiyang engkang ingkar, menganggap bahwa siam romadhon meniko mboten
wajib, mongko tiyang meniko wonten ilmu fiqih kasebat sebagai tiyang engkang
mendustakan agama. Keranten saking hal meniko kito kedah bersyukur kulo
panjenengan sami taksih kepanggih kalian wulan romadhon, sahinggo kito taksih saget
netepi dawuhipun Gusti Alloh inggih puniko ibadah siam wonten ing wulan romadhon.
Wulan
romadhon dipun sebat sebagai sahrul mubarok, wulan engkang berkah, kathah
sanget keberkahanipun wulan meniko. Bahkan keranten wulan romadhon menikolah
salah setunggalipun perkawis engkang ndadosaken kito sebagai umatipun Kanjeng
Nabi Muhammad SAW langkung spesial menggahipun Gusti Alloh menawi dipun
bandingaken kalian umatipun nabi-nabi sak lintunipun Nabi Muhammad SAW.
Kasebataken
ing kitab taurot, kitab ingkang dipun tampi Nabi Musa AS, bahwa mbenjang ing
akhirat wonten umat engkang gesang ing akhir zaman tetapi mlebetipun suargo
langkung rumiyin. Nabi Musa matur dumateng Gusti Alloh “Duh Gusti, kulo
berharap umat engkang kasebat meniko inggih puniko umat kaulo.”
Tetapi
Gusti Alloh menjawab “Iku umate Muhammad”
Nabi Musa matur maleh, “Duh Gusti Wonten Kitab Panjenengan kasebat wonten umat
engkang siam sewulan dangunipun lajeng Panjenengan pangapunten doso-dosanipun,
kulo berharap umat meniko inggih puniko umat kulo”
Tetapi
Gusti Alloh menjawab “Iku umate Muhammad”
Nabi
Musa matur maleh, “Wonten Kitab Panjenengan kasebat wonten umat engkang berniat
ibadah tetapi dereng sempat melaksanakan, umat meniko sampun pikantuk setunggalipun
ganjaran, tetapi ketika umat meniko sa’estu nglampahi ibadah, panjenengan
paringi sedoso ganjaran, bahkan dipun lipat gandakan ngantos pitung atus
kesaenan, kulo berharap umat meniko inggih puniko umat kulo”
Tetapi
Gusti Alloh menjawab “Iku umate Muhammad”
Sak
rampungipun dialog meniko Nabi Musa lajeng tanglet dumateng Gusti Alloh “Duh
Gusti, hal punopo engkang ndadosaken umatipun Muhammad pikantuk keberkahan
engkang kados mekaten?”
Gusti
Alloh lajeng ngendikan dumateng Nabi Musa” Ngertio siro yen umate Muhammad
mbesok tak wehi cahaya 2 seng biso nylametake songko kegelapan 2”
Nabi
Musa tanglet, “cahaya kaleh meniko menopo kemawon, Gusti?”
Gusti
Alloh jawab “Yoiku cahayane Romadhon lan cahayane Al-Qur’an”
Nabi
Musa tangket maleh “Lajeng kedua cahaya kolo wau saget nylametaken saking
kegelapan kaleh meniko kegelapan engkang kados punopo, Duh Gusti?
Gusti
Alloh jawab, “Yoiku Petenge Alam Kubur lan Peteng’e Akhirat”
Saking
keterangan meniko kito saget mengambil hikmahipun, ampun ngantos kito menyia-nyiakan kesempatan
kagem beribadah wonten ing wulan Romadhon, keranten keberkahan romadon saget
nylametaken kito saking kegelapanipun alam kubur ugi kegelapanipun akhirat.
Jama’ah
Jum’ah rohimakumulloh
Sampun
masyhur dados pangertosan kito, bahwa wonten dua ibadah engkang mencolok sak
dangunipun wulan romadhon, nuwun inggih kito nglampahi siam wajib naliko siang,
soho tadarus Al-Qur’an ing wekdal dalu. Nabi Muhammad paring kabar gembira
dumateng kito engkang kerso nglampahi dua ibadah meniko, Dawuhipun :
الصِّيَامُ وَﺍﻟْﻘُﺮْﺁنُ
ﻳَﺸْﻔَﻌَﺎنِ لِلْعَبْدِ ﻳَﻮْمَ ﺍﻟْﻘِﻴَﺎﻣَﺔِ، ﻳَﻘُﻮﻝُ الصِّيَامُ : ﺃَﻱْ رَبِّ، ﻣَﻨَﻌْﺘُﻪُ
الطَّعَامَ وَﺍﻟﺸَّﻬَﻮَﺍتَ ﺑِﺎﻟﻨَّﻬَﺎرِ، ﻓَﺸَﻔِّﻌْﻨِﻲ فِيْهِ، ﻭَﻳَﻘُﻮﻝُ ﺍﻟْﻘُﺮْﺁنُ:
ﻣَﻨَﻌْﺘُﻪُ ﺍﻟﻨَّﻮْمَ ﺑِﺎﻟﻠَّﻴْﻞِ، ﻓَﺸَﻔِّﻌْﻨِﻲ فِيْهِ ﻗَﺎﻝَ: ﻓَﻴُﺸَﻔَّﻌَﺎنِ
Poso
lan Al-Qur’an aweh syafa’at karone ing dino kiyamat, Poso matur dumateng Gusti
Alloh, Duh Pengeran... kulo sampun nyegah tiyang saking dahar ugi sahwat ing
wekdal siang, mongko kulo nyuwun keslametanipun tiyang engkang nglampahi siam.
Lajeng Al-Qur’an ugi matur dumateng Gusti Alloh, Duh Pengeran... kulo sampun
nyegah tiyang saking tilemipun ing wekdal dalu keranten maos Al-Qur’an, pramilo
kulo nyuwun keslametanipun tiyang meniko. Mongko Gusti Alloh paring ijin
dumateng kekalihipun supados nylametaken tiyang engkang poso ing wekdal siangipun
lan maos Al-Qur’an ing wekdal dalunipun. HR. Ahmad, Thobroni, Hakim.
Ma’asyirol muslimin
jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Kathah
sanget keberkahan, kemulyaan soho kesaenan ing dalem wulan romadhon engkang
dereng dipun sebataken, menawi manungso meniko mangertos wujut’e ganjaran
romadhon, Rosululloh ndawuhaken mongko manungso iku bakal kepengen setahun iki
romadhon sak teruse.
Akhirul
Khutbah, mugi-mugi kulo panjenengan sami saestu saget nglanggengaken ibadah
kito sak dangunipun wulan romadhon mangke, siam kito, tadarus, qiyamul lail,
shodaqoh, tolabul ilmi, soho ibadah lintunipun sageto kito langgengaken,
keranten poro ulama’ ndawuhaken sebaik-baik ibadah adalah ibadah engkang
istiqomah. Kito berharap mugi-mugi ibadah kito dipun tampi dening Gusti Alloh,
sakinggo kito sedoyo kaparingan ganjaran kanthi sak sae-saenipun ganjaran
saking Alloh SWT. Amiin Amiin Ya Robbal ‘alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِىْ
وَلَكُمْ فِى هٰذَا الشَّهْرِ الْكَرِيْمِ، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ
عِبَادِهِ المُتَّقِيْنَ، تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تَقَبَّلَ يَا
كَرِيْم. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ
الرَّحِيْمُ.
الخطبة الثانية
أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ،
أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ، يُكَوِّرُ
الَّيْلَ عَلَى النَّهَارِ وَيُكَوِّرُ النَّهَارَ عَلَى الَّيْلِ وَسَخَّرَ
الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ، كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّى، اَلَا هُوَ
الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً
تَمْلَأُ خَزَائِنَ اللهِ نُوْرًا، وَتَكُوْنُ لَنَا وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ فَرَجًا
وَّفَرْحًا وَّسُرُوْرًا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا
أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ
الْعَظِيْمِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ
بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ
وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَى عَنَّا
مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ، يَاقَاضِى الْحَاجَاتِ. اللَٰهُمَّ
إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمٌ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا يَا كَرِيْم ٣،
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَتُبْ
عَلَيْنَا اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، سُبْحَانَ
رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ
وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ
اللهَ يَأْمُرُنَا بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَا وَإِيْتآءِ ذِي الْقُرْبىَ وَيَنْهَى
عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.
klik disini ya Guys
BalasHapusgk bisa didonlof.
BalasHapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.