Sabtu, 11 Februari 2023

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Penyakit Hati

  

الخطبة الأولى

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ، الْعَظِيْمِ الْجَبَّارِ الْكَرِيْمِ الْغَفَّارِ، الْعَالِمِ بِمَا فِي الصُّدُوْرِ وَخَفِيِّ الْأَسْرَارِ . اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْعَزِيْزُ الْجَبَّار، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى الْمُخْتَارَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍن الْاَخْيَار، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ صَلَاةً وَّسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ مَا دَامَ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰه، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَظِيْمِ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا، وَيَقُوْلُ عَزَّ وَجَلَّ: إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَٰئِكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ. صَدَقَ اللهُ اْلعَظِيْمُ.

 

Ma’asyirol Muslimin Jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh,

Takwa nuningih perkawis ingkang gampil dipun ucapaken, ananging sulit dipun tindak’aken. ringan ketingalanipun, ananing awrat sanget wonten ing timbanganipun amal. Takwa meniko panggenanipun wonten ing lebetipun manah. Nabi SAW naliko njelasaken perkawis taqwa, nyepeng jojonipun lajeng ngendikan :

التَّقْوَى هَا هُنَا، التَّقْوَى هَا هُنَا... (رواه احمد)

Takwa iku panggone ono ing kene, takwa iku panggone ono ing kene.

Artosipun wonten ing lebetipun dodo, Pramilo kagem nyempurnaaken takwa kito dumateng Gusti Alloh, secara definisi kito memang kedah saget nglaksanaaken sedoyo perintah, ugi nebihi sedoyo cegah, sedoyo meniko kedah dipun awiti saking manah, manah engkang suci, niat engkang sae, sahinggo perwujudan takwa saget dipun laksanaaken tumprapipun kulo panjenengan sami.

Ibaratipun, anggota badan meniko sebuah pasukan, manah menikolah komandanipun, bade tumindak kados pundi anggota badan bahkan pikiran, tergantung dos pundi kalian manahipun. Menawi manah meniko sae, saget andadosaken tumindak kito sae. Kosok wangsulipun, nalikanipun manah meniko rusak, mongko sedoyo anggota badan ugi nderek rusak, rusak dalam arti mboten sae engkang dipun tindaaken, soho awon punopo engkang dipun lampahi.

Ma’asyirol Muslimin Rohimakumulloh,

Pramilo saking meniko, sumonggo kito bersihaken manah kito saking penyakit-penyakit engkang saget ngrusak manah, engkang saget ndadosaken pikiran soho perbuatan kito mboten sae, Dipun jelasaken dening Imam Syarqowy wonten kitab Nahwu ilmu Nafsi Islamy bilih penyakit hati meniko antawisipun :

1.    Riya’ utawi pamer, khususipun pamer dalam hal ibadah amaliyah, sampun kito mangertosi bilih “ innamal a’malu binniyah” sedoyo amal ibadah meniko tergantung dos pundi niatipun, pramilo niat ibadah engkang kedahipun namung lillahi ta’ala kemawon, ampun ngantos tercampur kalian sifat riya’ utawi pamer. Tiyang engakang riya’ meniko pamrih saking ibadah engkang dipun lampahi supados dipun tingali tiyang lintu, sahinggo berharap kasebat sebagai ahli ibadah. Penyakit hati engkang kados mekaten kasebataken wonten ing Al-Qur’an Surat Annisa’ : 142, Gusti Alloh Ngendikan :

 

إِنَّ الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللّٰهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى الصَّلَاةِ قَامُوا كُسَالَىٰ، يُرَاءُونَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُونَ اللّٰهَ إِلَّا قَلِيلًا

 

Pancen wong-wong munafik iku ngapusi Gusti Allah, Tetapi Gusti Allah bakal mbales dheweke. Yoiku wong kang nalikane nglakoni sholat, podho ngadeg kanthi roso aras-arasen, lan ono ing jero ati kebak roso mamerake sholate marang manungso. ugo ora tau dzikir marang Gusti Alloh wong-wong iku mau, kejobo amung sethithik.

 

2.    Al-Ghodhob utawi Amarah, Inggih puniko puncakipun kepanikan utawi emosi wonten ing lebetipun manah, menawi mboten saget mengendalikan emosi, tiyang engkang anggadahi penyakit hati engkang kasebat amarah, meniko mangke bakalipun melampiaskan amarahipun awujud lisan engkang mboten terkendali, pikiran engkang negatif, ugi tindakan engkang sembrono. Bahkan Rosululloh ngantos dawuh :

لَا يَحْكُمُ أَحَدٌ بَيْنَ اثْنَيْنِ وَهُوَ غَضْبَانُ

 

Ora den keparengake wong kang mutusi perkoro ing antarane wong kang berselisih, banjur dewek’e ing dalem kahanan emosi utawi amarah. Muttafaqun ‘Alaih

 

3.    Ujub utawi sombong, ingging puniko keadaanipun hati engkang merasa dirinyalah engkang terbaik, ujub meniko bakal ndadosaken manah langkung lebet anggenipun terjerumus, hinggo tapo dipun sadari bilih manah engkang ujub saget ndadosaken pikiran tertutup, menganggap tiyang lintu lebih rendah dari pada dirinya, Qoul Hikmah ngemutaken :

لاَ تَحْتَقِرْ مَنْ دُوْنَكَ فَلِكُلِّ شَيْئٍ مَزِيَّةٌ

Ojo siro ngremehake wong kang luwih rendah dibandingake awakmu, kerono saben-saben sawiji iku mesthi nduweni keluwihan.

 

Peribahasa mengatakan, diatas langit masih ada langit.

 

4.    Al-Hasadu utawi iri dengki, inggih puniko penyakit hati engkang ndadosaken manah mboten nate ayem, keranten manah mboten nate remen menawi tiyang lintu meniko langkung sae, kosok wangsulipun, manah justru remen menawi tiyang lintu ciloko. Rosululloh dawuh :

 

إِيَّاكُمْ وَالْحَسَدَ فَإِنَّ الْحَسَدَ يَأْكُلُ الْحَسَنَاتِ كَمَا تَأْكُلُ النَّارُ الْحَطَبَ

 

Doh’ono siro kabeh ing sifat drengki, mongko saktemene sifat iri dengki iku bakal ngentek’ake kesaenan, koyo dene geni ngobong kayu bakar.

Artosipun menawi sifat iri meniko dipunbiaraken, bakalipun cepet sanget anggenipun menjalar kagem merusak kesaenanipun manah.

 

Menikolah ing antawisipun penyakit hati engkang rawan sanget menyerang kito sami, engkang saget ndadosaken tertutupipun manah, sahinggo awrat menawi manah meniko bade nampi kesaenan.

Akhirul khutbah, sumonggo saestu kito tela’ah, langkung-langkung saget nglampahi, pepiling gangsal perkawis engkang dados tombone ati, insyaalloh Gusti Alloh bakalipun nyembadani, sahinggo kanthi iman soho kesaenanipun manah mugi-mugi kito dadoso khoirul bariyyah, inggih puniko sebaik-baik ciptaanipun Gusti Alloh SWT. Aamiin.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

 

 

 

الخطبة الثانية

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى يُمْسِكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ أَنْ تَزُولَا، وَلَئِنْ زَالَتَا إِنْ أَمْسَكَهُمَا مِنْ أَحَدٍ مِنْ بَعْدِهِ، إِنَّهُ كَانَ حَلِيمًا غَفُورًا، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، اِلٰهٌ لَّمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ الْمُلْكِ اللّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ! اِتَّقُوا اللهَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ، وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، قَالَ تَعَالَى لَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا، إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ، عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ الْمُصْطَفَى، وَالنَّبِيُّ الْمُجْتَبَى، وَعَلَى آلِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ، وَعَلَى أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتُ الْمُؤْمِنِينَ، وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِينَ، وَالتَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إلَى يَوْمِ الدِّينِ، وَارْضَ وَعَنَا مَعَهُمْ بِعَفْوِكَ وُجُودِكَ وَإِحْسَانِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِينَ، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، وَيَاقَاضِىَ الْحَاجَاتِ. اللّٰهُمَّ أَتْمِمْ عَلَيْنَا نِعْمَتَكَ الْوَافِيَةَ، وَارْزُقْنَا الإخْلاصَ فِي أَعْمَالِنَا، وَالصِّدْقَ فِي أَقْوَالِنَا، وَعُدْ عَلَيْنَا بِإصْلَاحِ قُلُوبِنَا، وَاغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِديْنَا وَلِجَمِيعِ المُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَم الرَّاحِمِينَ. اللّٰهُمَّ جَمِّلْنَا بِالْعَافِيَةِ وَالسَّلاَمَةِ، وَحَقِّقْنَا بِالتَّقْوَى وَاْلاِسْتِقَامَةِ، وَأَعِذْنَا مِنْ مُوْجِبَاتِ النَّدَامَةِ فِى اْلحَالِّ وَالْمَآلِ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر

 

*Teks Meniko pareng dipun kopas damel materi khutbah jum’at

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar