الخطبة الأولى
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ
أَكْبَرُ ٣x
اللّٰهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ،
صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ
وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ
اْلحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ،
اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ، مُكَوِّرِ اللَّيْلِ عَلَى النَّهَارْ، تَذْكِرَةً
لِأُولِى الْقُلُوْبِ وَالْأَبْصَارْ، الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالصَّلَاةِ
وَالنَّحْرِ .أَشْهَدُ أَنْ
لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْغَفَّارْ،
وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ
الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ الْأَطْهَارْ. أَمَّا بَعْدُ .فَيَآأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ!
أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ.
وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ:
وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيْلًا،
وَقَالَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمِ: مَا عَمِلَ ابْنُ
آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً أحَبَّ إلَى اللهِ ـ عزَّ وجلَّ ـ مِنْ هِراقةِ
دَمٍ .صَدَقَ اللهُ
العَظِيمْ، وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمِ
Ma’asyirol
muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh
Sumonggo kito
tansah ningkataken takwa dumateng Gusti Alloh, keranten sarono takwalah engkang
saget ndadosaken kito langkung celak dumateng Pengeran, ningkataken takwa
minongko wujud raos syukur kito, ambudidoyo iman soho ambudidoyo agami kito
islam. Minongko wujud raos syukur dumateng Dzat engkang murbeing dumadi atas
sedoyo kanugrahan gesang engkang tanpo kendat, paring nikmat soho rohmat
dumateng kulo panjenengan sami.
Sholatulloh wa
salaamuhu katur kunjuk dumateng bendoro Rosul, Njeng Nabi Muhammad SAW,
minongko pengayomaning umat, engkang ngasto kayekten ingkang sampurno, ugi
risalah kesaenan dumugining akhir zaman samangke. Mugio rohmat kawilujengan
kaparingaken ugi dumateng poro keluargo, sohabat, penderek langkung-langkung
lumeber dumateng umatipun nun inggih kulo panjenengan sedoyo.
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ
أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.
Ma’asyirol
muslimiin rohimakumulloh
Sae sanget
nalikanipun kito kerso dados tiyang engkang ngasto perubahan, perubahan
sangking engkang awon tumuju gesang engkang langkung sae. Sepinten endahe
gesang, menawi kito pribadi saget nuwuhaken raos prihatin dumateng sesami, peka
dumateng lingkungan sekitar, ugi kerso soho rela berqurban, ngikhlasaken
sebagian hakipun kagem tiyang lintu, langkung-langkung saget ndadosaken raos
persatuan ugi kesatuan dalam rangka syi’ar li i’laahi kalimatillah, kados dene
sholat ied, ngumandangaken takbir dalasan ibadah qurban engkang kito lampahi awit
enjang meniko ngantos dumugi telasipun dinten tasrik mangke.
Dinten meniko
kawastanan dinten riyadin, riyadin haji utawi riyadin qurban, dipun sebat
riyadin haji keranten umat islam saking penjuru dunia sami kempal wonten ing
tanah suci Makkah Al-Mukarromah, nglaksanaaken ibadah rukun islam engkang ongko
gangsal nuninggih ibadah haji. Kagem umat islam engkang sampun nindaaken ibadah
haji meniko pantas bagi mereka untuk bersyukur, amargi mboten sedoyo tiyang
kagungan kesempatan nglaksanaaken ibadah meniko, agami islam ugi sampun paring
aturan bilih engkang dipunwajibaken nglampahi ibadah haji meniko namung tiyang
engkang mampu, khususipun mampu dalam hal biaya, ananging ugi wonten tiyang
engkang sejatosipun mampu dalam hal materi ananging dereng kagungan kesadaran
krenteking manah nuhoni nopo engkang dados panggilanipun Gusti, wonten ugi
engkang sejatosipun mampu ananging dereng kagungan kesempatan tindak tanah suci
amargi mekanisme soho sistem aturan engkang berlaku. Pramilo hal menikolah
engkang ndadosaken tiyang-tiyang engkang sampun kalaksanan nglampahi ibadah
meniko kedah ngathah-ngathahaken raos syukur. Sebab ujian level inggil saking
ketakwaanipun sampun nate dipun lampahi,
ngikhlasaken mboten sekedik saking bandhanipun namung kerono Alloh,
kagem nglampahi ibadah engkang sejatosipun sangat sulit dipun pahami kanthi
nalar, sangat sulit manawi dipun fikir ngagem logika otak manusia, engkang
fikiran meniko memang sangatlah terbatas, keranten haji sejatosipun ibadah
engkang dipun khususaken kagem nguji keikhlasanipun umat, dospundi tiyang
meniko menyikapi sak sampunipun kehilangan puluhan juta arto kagem nglampahi
ibadah meniko, wonten tiyang engkang pamrih sak kondoripun saking tanah suci
kedah dipun timbali kanti sebutan pak haji, ibu hajah, wonten ingkang kondur
saking tanah suci mboten saget crito dospundi nikmatipun ibadah wonten ing mriko,
sagetipun namung crito megahipun bangunan engkang dipun pirsani. Pramilo tiyang
engkang lulus saking ujian ketakwaan soho keihlasan ing dalem ibadah haji
meniko dipun sebat sebagai haji engkang mambrur. Selain keikhlasan, haji ugi
ibadah kagem nguji ketaatan, sebab ibadah haji ingkang awujud towaf, sa’i,
wukuf, ugi mbalang jumroh, mboten wonten unsur nalar ing dalem ibadah meniko,
tetapi namung semata-mata nderek dawuh nopo engkang sampun dados perintah,
pramilo ketaatan umat meniko dipun uji dospundi ibadahipun haji, namung saget nderek
perintah tanpa mempertanyakan, ben piye, ben nyapo kok kudu ngno, tengnopo kok
kedah nglampahi mekaten sak dangunipun ibadah haji dipun laksanaaken, menikolah
engkang dipun sebat sebagai taat dumateng Gusti. Rosululloh SAW ngendikan :
إِنَّ
اللهَ لاَ يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ، وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى
قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ.
“Saktemene
Gusti Alloh ora mirsani marang bentuk rupo ugo bondo seng mbok duweni, tetapi
Gusti Alloh mirsani marang isine manah lan amal ibadahmu.” (HR. Muslim)
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ
أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.
Ma’asyirol
muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh
Dinten meniko
kawastanan dinten riyadin qurban, keranten umat islam wonten ing penjuru dunia
engkang mboten nglaksanaaken ibadah haji, sami nglaksanaaken ibadah qurban. Ampun
sami kuciwo menawi dereng saget tindak haji, keranten Gusti Alloh paring
kesempatan dumateng kito mawi ibadah lintu kados dene sholat ied ugi mragat
mendo utawi lembu. Dawuhipun Alloh :
فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ
Mongko lakonono solat iku mung kerono ibadah marang
Pengeranmu, lan qurbano siro ugo kerono taat marang Pengeranmu. (Al-Kaustar :
2)
Qurban secara lughot artosipiun pendekatan,
nuninggih mendekatkan diri dumateng Gusti. Sedangkan secara makna artosipun
pengorbanan, nuninggih mengorbankan sebagian harta kagem mewujudkan ketakwaan
dumateng Alloh SWT.
Sami kalian ibadah haji, ibadah qurban
sejatosipun ugi ujian keikhlasan, keikhlasan ngurbanaken sebagaian harta, dipun
niati kathi lillaahi ta’ala. Menawi ibadah qurban meniko dipun landasaken
kanthi keikhlasan, insyaAlloh keikhlasan meniko ndadosaken qurban dipun tampi
dening Gusti Alloh, kados dene keikhlasanipun Nabi Ibrohim ngurbanaken putro
kinasih Nabiyulloh Ismail, engkang dipun landasi ketaatan, ketakwaan soho
keikhlasan, netepi nopo engkang dipun dawuhaken Pengeran. Pramilo Gusti Alloh
paring ganti pengurbanan Nabiyulloh Ibrohim kanthi mendo engkang sampurno. Gusti
Alloh mboten memandang sepinten agenge hewan qurban, Gusti Alloh ugi mboten
mirsani pinten jumlahe hewan qurban, kados dene engkang sampun dipun firmanaken
wonten ing Al-Qur’an :
لَنْ يَنَالَ اللّٰهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا
وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ
Dudu daging qurban utawo getih seng diqurbanake,
tetapi ketakwaanmulah seng biso ndadeake pengorbananmu ditompo dening Alloh
SWT.
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ
أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.
Ma’asyirol
muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh
Kito mboten saget mbayangaken dospundi
perasaanipun Nabi Ibrohim nalikanipun seorang bapak engkang sampun dangu
berharap kagungan keturunan, tetapi naliko sampun dikaruniai seorang putro
justru dipun perintahaken supados putro kinasih dipun qurbanaken. Meniko
i’tibar kagem kulo panjenengan sami bahwa keikhlasan mengorbankan sesuatu
engkang dipun cintai memang aurat sanget menawi dipun lampahi.
Kito ugi mboten saget mbayangaken dospundi
caranipun bopo biyung matur dumateng putro kinasih bahwa sang putro bakalipun
pejah dados qurban persembahan, ananging ing mriki kito ugi dipun paringi
i’tibar tulodho saking putro nuninggih Nabi Ismail AS, dawuhipun :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ
إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا
أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللّٰهُ مِنَ الصَّابِرِينَ.
Mongko naliko
sang putro (Nabi Ismail) sampun ngancik dewoso, Boponipun (Nabi Ibrahim) banjur
matur, saktemene ingsun diperintah Gusti Alloh supoyo ngurbanake awak iro,
banjur kepriye pendapatmu? Nabi Ismail mangsuli, Duh Bopo sumonggo panjenengan
lampahi nopo engkang dados perintahipun Gusti, insyaalloh panjenengan bakal
mangertos bilih kawulo ugi termasuk tiyang-tiyang engkang sabar. (Ashoffat :
102)
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ
أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.
Ma’asyirol
muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh
Mugi-mugi kulo panjenengan sami saget
mengambil hikmah saking dinten ageng meniko, saget nuladani nopo engkang dipun
ajaraken dening Nabi Ibrohim ugi Nabi Ismail, saget nglampahi nderek tindak
haji, saget nglaksanaaken ibadah qurban, kanthi keikhlasan, ketaatan, soho
ketakwaan. Sedoyo meniko kolo wau semata-mata namung dalam rangka mewujudkan
syi’aripun agami islam ugi taqorrub ilalloh, engkang ndadosaken kito paham
bahwa pengorbanan engkang dipun landasi keikhlasan bakalipun nuwuhaken raos
kepedulian kito dumateng sesami. Akhirul Khutbah, Mugi-mugi kanthi keikhlasan
ibadah kito sami, Gusti Alloh paring derajat ketakwaan soho ganjaran engkang
tanpo upami. Amiin YRA.
جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ
وَاْلفَائِزِيْنَ. وَأَدْخَلَناَ وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِباَدِهِ
المُتَّقِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِيْنَ.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم.
الخطبة الثانية
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ،
اللّٰهُ أَكْبَرُ ٢
xاللّٰهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلاَ
نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ
الْكَافِرُوْنَ، وَلَوْكَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ، وَلَوْكَرِهَ الْمُنَافِقُوْنَ. الحَمْدُ
لِلّٰهِ الَّذِيْ اَفْهَمَنَا بِالشَّرِيْعَةِ وَ بِالْهِدَايَةِ. اللّٰهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ ابْنِ عَبْدِ اللهِ وَعَلَى
اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ!
اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَاجْتَنِبُوا عَنِ السَّيِّئَاتِ.
وَاعْلَمُوا اَنَّ اللّٰهَ تَعَالَى قَدْ قَالَ فِالْهُدَى وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا
مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ
إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللّٰهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا. اللّٰهُمَّ
صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا
صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ،
وبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا
بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ.
فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ وقَاضِيَ
الْحَاجات، اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً، وَاجْعَلْ صَلَاتَنَا
واُضْحِيَتَنَا مَقْبُولَةً. اَللّٰهُمَّ جَمِّلْنَا بِالْعَافِيَةِ وَالسَّلَامَةِ
وَحَقِّقنَا بِالتَّقْوٰى وَالْاِسْتِقَامَةِ وَاَعِذْناَ مِنْ مُوجِبَاتِ
النَّدَامَةِ فِى الْحَالِ وَالْمَالِ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ .رَبِّ
اجْعَلْ هَٰذَا بَلَدًا آمِنًا وَارْزُقْنَا أَهْلَهُ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا
حَسَنًا حَلَالًا طَيِّبًا مُبَارَكًا بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْن. رَبَّنَا
تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا ۚ
اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ، فصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ
اْلاُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وبارك وَسَلَّمَ٠ والْحَمدُ
لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. وَلَذِكْرُ الله اَكْبَرْ!
Cathetan : Sinten engkang kerso ngopas teks meniko kagem materi khutbah dipun sumanggaaken
Jazakallah, mugi barokah
BalasHapusSaya sedang mengalami kesulitan keuangan dengan bisnis saya ketika saya menemukan situs web perusahaan pinjaman Tn. Pedro. Saya menghubungi mereka di pedroloanss@gmail.com dan WhatsApp +393510140339, dan mereka menyetujui pinjaman sebesar £86.000 dengan pengembalian tahunan 2% untuk membantu bisnis saya. Prosesnya transparan dan cepat. Saya sangat merekomendasikan mereka untuk pinjaman yang dapat diandalkan.
BalasHapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.