Senin, 29 Agustus 2016

Mukidi Episode Nandur Telo

Mbah Diyono nulis layang kanggo anake, Mukidi, sing lagi dipenjara mergo dikiro teroris, isi layange:

"Di, bapak wis tuwo tur ringkih, isih ngono sedih mikirne awakmu.. Saiki wis mangsane tandur telo, le. Kowe opo isih suwe ditahan? Njur iki sopo sing arep ngrewangi bapak macul?"

Kacek seminggu Mukidi mbales layange bapakne, anggone ngirim layang dititipake sipir penjara.

Isi layange Mukidi :
"Pak, aku njaluk tulung tenan yo, kebon'e ojo dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedhil karo granat ning kebon kono kuwi, Pak. Tenan yo pak, ojo dipaculi dhisik.."

Ora ngertio, layang songko Mukidi mau disensor dhisik karo petugas penjara.

Seminggu bar kuwi mbah Diyono kirim layang maneh:
"Di, sak bar-e aku nompo layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebon-e bapak.. Jarene nggoleki bedhil karo granat. Nyatane ora ono. Trus aku kudu piye iki, Di?".

Mukidi genti bales kirim layang maneh:
"Pak, saiki langsung ditanduri telo ae Pak.. Kan wis dipaculke karo bapak-bapak Densus. Ojo lali ngaturke matur nuwun marang bapak-bapak Densus ya Pak, muga-muga entuk piwales saka Gusti Allah...".
😄😄😄😄😄

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

3 engkang sampun komentar:

  1. wkwkwkwkw,,,,,mukidi mukidi,,,, kak ada info menarik Jasa Pembuatan Aplikasi Android Webview dan Upload Ke Google Play Store https://app.arkinar.co.id/ siapa tau http://njowotenan.blogspot.co.id/ mau dibikin APK.... INDAHNYA BERBAGI....

    BalasHapus
  2. siapa bilang dengan modal kecil tidak bisa menang banyak?
    Dengan modal Rp10.000,

    Anda bisa menang "Puluhan Juta" !!!
    Hanya di Nasapoker. com

    Untuk info lebih lanjut, Hubungi :
    contact :
    bbm 2870ACC5
    instagram : NASA_POKER
    LINE : NASA.POKER
    Wechat : nasapoker7M

    Link Poker

    BalasHapus