Sabtu, 27 Agustus 2016

Mukidi Episode Pacaran

Mukidi dolan nang omahe pacare sing jenenge Mida.

Sak wise tekan omahe,
Mukidi bisiki neng kupinge Mida : "Da, aku kepingin ndudohke sesuatu karo kowe..”

Mida njawab  karo deg-degan : “Opo to Kang..?”

Mukidi : “Neng kamarmu wae yo..?” 

Mida (karo mesam-mesem manis) : “Iyo lah Kang, yuk..!”  

Sak wise mlebu kamar.

Mukidi : “Oleh ditutup lawange, Da..?” 

Mida : “Oleh kok Kang, lha ono opo to, Kang?”

Mukidi : “Sssst.. oleh dikunci ora?”

Mida : “Dikunci oleeh.. opo to, Kaang?"
(deg-deg-an)

Mukidi neruske aksine.

Mukidi : “Oleh ditutup jendelane?”

Mida (soyo penasaran) : “Oleh..!” 

Mukidi : “Oleh dipateni ora lampune?” 

Mida (bergairah) : “Oleh banget, Kaang.” 
Sak wise lampu mati.

Mukidi : “Da, kowe kepingin ngerti opo sing arep tak weruhke kowe?” 

Mida : “Iyoo cayang..”

Mukidi : “Kene rodo cedhak aku, Da.. Cubo cekelen tanganku..”

Mida : “Iiiihhh.. opo to, Kang..? Wis ora sabar lho..!”

Mukidi : “Sawangen, Da.. Jam tanganku lampune iso murup.."

😂😂😂😂😂

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar