Pak Umar si bos kantor isuk maeng nesu-nesu, amergo ono karyawane seng ngangge klambi reget.
"Udin, nek sesok maneh aku ngerti koe ngangge klambi reget nyang kantor tak pecat koe sesok" Pak umar moring-moring marang Uding sang karyawan.
"Sepurane, Pak. sragam kulo namung niki, mboten gadhah serep" Jawab Udin membela diri.
"Iyo tapi mbok yo diumbah, moso klambi reget koyo ngno dingge nyang kantor, seh? padakne nyang warung ae."
"Padahal sampun kulo umbah lo Pak niki, reget niki angel di icali." Udin tetep ngeyel
"Lha emange bar kok umbah kok jemur nengdi?" Pak umar takon.
"Teng wingking griyo, Pak." Jawab udin ndredek
"Sesok maneh yen ngumbah klambi ojo di jemur neng mburitan, reget ing klambimu iku angel ilange yen kok jemur ing mburitan" Pak umar aweh saran
"Lha terus dijemur teng pundi?" Udin takon penasaran
"Njajal sesok umbahen klambimu gek jemuren neng pager ngarep omahmu" nasehat Pak Umar
Sesok Isuk'e
"Nah, yo ngno lo nek nyang kantor kie klambine seng resik koyo ngno kui" Pak Umar seneng amergo Udin wes ngangge kalambi resik.
"Tapi niki klambi anyar pak, sanes seng dek wingi" udin njelasne
"Lha terus klambimu wingi?" Takon Pak Umar
"Alhamdulilah, berkat nasehat bapak klambi kulo wingi kulo umbah gek kulo jemur teng ngajeng griyo" Jawab Udin.
"Gek piye, ilang to reget ing klambimu wingi iku?"
"Ilang sih ilang pak, tapi mboten namung regete sing ilang, sak klambi-klambine ilang di gondol maling." Udin mrengut lan Pak Umar nglunuh ngaleh ethok-etkok gak krungu tapi ngalih karo ngempet ngguyu.
Sabtu, 28 September 2013
Related Posts
Dilarang Nguyuh
Perjalanan adoh iku emang paling ribet yen lagi kebelet nguyuh, nek nggowo kendarakan dewe jek penak iso mandek nengdi wae sak karepe dewe, lha nek ...Mukidi Episode Ben Ndang Mlebu
Bu guru SD kelas 6 bingung ndeleng kelakuan anak muride sing jenenge Mukidi , seng senengane ngidu neng tangan bar kui di usapne nang Endase nek pas ...Plan Tomorrow
Wektu iku Bos Perusahaan terkenal nyeluk sekretarise banjur ngomong, "Sesok meeting nyang luar kota siapno opo wae sing dibutuhne."Sambil siap-siap S ...NGRETENG
Ngempakne lampu sien pas arep menggok nek nang gonaku istilahe jenenge "ngreteng", ngreteng huruf e diwoco podo karo huruf e nang kata tempe.Isuk mae ...Mukidi Episode Numpak Montor Mabur
iSak plok'e pindhah songko ndeso nyang kutho, Mukidi rejekine lancar. Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang. "Pak awak'e ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
nice post gan
BalasHapusben ben
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.