Pak Umar si bos kantor isuk maeng nesu-nesu, amergo ono karyawane seng ngangge klambi reget.
"Udin, nek sesok maneh aku ngerti koe ngangge klambi reget nyang kantor tak pecat koe sesok" Pak umar moring-moring marang Uding sang karyawan.
"Sepurane, Pak. sragam kulo namung niki, mboten gadhah serep" Jawab Udin membela diri.
"Iyo tapi mbok yo diumbah, moso klambi reget koyo ngno dingge nyang kantor, seh? padakne nyang warung ae."
"Padahal sampun kulo umbah lo Pak niki, reget niki angel di icali." Udin tetep ngeyel
"Lha emange bar kok umbah kok jemur nengdi?" Pak umar takon.
"Teng wingking griyo, Pak." Jawab udin ndredek
"Sesok maneh yen ngumbah klambi ojo di jemur neng mburitan, reget ing klambimu iku angel ilange yen kok jemur ing mburitan" Pak umar aweh saran
"Lha terus dijemur teng pundi?" Udin takon penasaran
"Njajal sesok umbahen klambimu gek jemuren neng pager ngarep omahmu" nasehat Pak Umar
Sesok Isuk'e
"Nah, yo ngno lo nek nyang kantor kie klambine seng resik koyo ngno kui" Pak Umar seneng amergo Udin wes ngangge kalambi resik.
"Tapi niki klambi anyar pak, sanes seng dek wingi" udin njelasne
"Lha terus klambimu wingi?" Takon Pak Umar
"Alhamdulilah, berkat nasehat bapak klambi kulo wingi kulo umbah gek kulo jemur teng ngajeng griyo" Jawab Udin.
"Gek piye, ilang to reget ing klambimu wingi iku?"
"Ilang sih ilang pak, tapi mboten namung regete sing ilang, sak klambi-klambine ilang di gondol maling." Udin mrengut lan Pak Umar nglunuh ngaleh ethok-etkok gak krungu tapi ngalih karo ngempet ngguyu.
Sabtu, 28 September 2013
Related Posts
Berdo'a Sambil Mleding
Ono seng takon, "Kapan dimana dan bagaimana sebaiknya kita berdoa?"Kyai Segawon njawab, "Sak wayah-wayah, nengdi ae entuk, neng WC ae oleh ndungo kok ...NGRETENG
Ngempakne lampu sien pas arep menggok nek nang gonaku istilahe jenenge "ngreteng", ngreteng huruf e diwoco podo karo huruf e nang kata tempe.Isuk mae ...Kencan Malming Makan Gratis
Entah mergo nyapo aku yo gak ngerti, padahal ora valentine ora hari besar lan ora mergo sebab opo-opo. Tiba-tiba wae restoran kelas atas dan menenga ...Lowongan Pekerjaan (Part III)
Syarat Pendaftaran :Pria/Wanita.Sudah mempunyai usia yang matang, kalo belum matang hendaknya di goreng lagi.Ijasah minimal punya.Sehat jas mani dan ...IKLAN
.Kepingin ngrasakne "Mieyabi"?Mie instan paling hot sak indonesa,Dengan rasa daging mentah,Sekali coba dijamin sewulan sek kroso nikmate,Beli 5 dapat ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
nice post gan
BalasHapusben ben
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.