Opo nyono opo ngiro yen garising takdir Gusti iki bedo karo kekarepaning kawulo. Ora kiro yen jaman semono raket ibarate den pulut tan keno dipisah njur saiki ilang tanpo perasaan. Ora nyalahne, Lha tapi, lorone wong kelangan tresno opo iso den tambani? Loro sak njoning manah luwih parah tinimbang loroning tibo nyandung watu.
Ibarate cebol nggayuh lintang, tanganku wus ora candak ngrogoh sukmamu. Yen pepujaning ati wus dadi duwek'e liyan, opo yo mungkin sliraku ngrebut kang iku wes mustahil dak lakoni. Ora tak pikir nanging loro iki ora bakal biso ilang. Lelakon kang wus kapungkur bakal dadi cambuk lakonku ing ngarep. Tak cukupi tresnaku tekan semene, sumeleh ati legowo nrimo keputusan seng tak anggep ora adil. Tak lilakno kusumaning atiku seng aku ndungo mugo luh ing pipimu ora banjir koyo tumetesing pipiku.
Senajan ora ono liyan kang bakal biso ngganteni sliramu, nanging tak cubo ngudhal ruweting ati iki. Pacobaning urip ora mung cukup semene, yakin sek ono kang luweh abot seng bakal dak lakoni.
Sirno, ilang, lebur lan ajur atiku. Nanging aku ndungo, mugi loro iki ora suwi-suwi nggrogoti ati :'(
Senin, 08 April 2013
Related Posts
NGLAYAT IKU TAKZIAH
Ujuk-Ujuk"Klonthang-klonthang"suoro opo iku?suarane hapeku tibak'eenek satu nyu mesegtak woco"Wes nglayat opo urung kek?"mak dek,kuaget aku,sopo sing ...Jare Peduli Rakyat Miskin
Pemerintah wes terlanjur menaikkan regane BBM subsidi tanggal 22 Juni 2013, bensin premium dadi Rp 6.500/liter lan solar Rp 5.500/liter. Akeh demo p ...مرحبا يا رمضان
Pertama ndue blog aku ngangge jeneng Cah Ndeso, eh ternyata wes okeh sing madani, trus tak ganti ngangge jeneng Cah Ndueso, bertahan pirang-pirang wu ...Slirane
Jalmo kang misuwur endah esem manis pasuryane. Ora kalah dening cahyane langit pitung warni. Toto laksono pitutur solah bawane. Aran tresno nggondo a ...Definisi Tresno
Opo to sejatineng tresno iku? akeh uwong kang ngomongne tresno tresno lan tresno ananging ora ngerti opo to artine tresno kui. Aku dewe mboh iki yo ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
mugi2 nggak suwe sakit hatinya hehehe....ganti performa ;lagi ceritanya???
BalasHapusmaklum lg galau berat
Hapusaamiin, pacobaning urip mugi-mugi ndang sirno, ganti karo kabegjan
BalasHapusamin banget
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.