Opo nyono opo ngiro yen garising takdir Gusti iki bedo karo kekarepaning kawulo. Ora kiro yen jaman semono raket ibarate den pulut tan keno dipisah njur saiki ilang tanpo perasaan. Ora nyalahne, Lha tapi, lorone wong kelangan tresno opo iso den tambani? Loro sak njoning manah luwih parah tinimbang loroning tibo nyandung watu.
Ibarate cebol nggayuh lintang, tanganku wus ora candak ngrogoh sukmamu. Yen pepujaning ati wus dadi duwek'e liyan, opo yo mungkin sliraku ngrebut kang iku wes mustahil dak lakoni. Ora tak pikir nanging loro iki ora bakal biso ilang. Lelakon kang wus kapungkur bakal dadi cambuk lakonku ing ngarep. Tak cukupi tresnaku tekan semene, sumeleh ati legowo nrimo keputusan seng tak anggep ora adil. Tak lilakno kusumaning atiku seng aku ndungo mugo luh ing pipimu ora banjir koyo tumetesing pipiku.
Senajan ora ono liyan kang bakal biso ngganteni sliramu, nanging tak cubo ngudhal ruweting ati iki. Pacobaning urip ora mung cukup semene, yakin sek ono kang luweh abot seng bakal dak lakoni.
Sirno, ilang, lebur lan ajur atiku. Nanging aku ndungo, mugi loro iki ora suwi-suwi nggrogoti ati :'(
Senin, 08 April 2013
Related Posts
Sugeng Riyadin 1434 H
NGATURAKEN Sugeng Riyadin 1434 H Bektos kulo, Kalepatan kulo Nuwun agunging pangapunten @njowotenan liyane ...Kumpul kebo
Esuk maeng pas kerjo, aku diomongi wong tuwek, "Le...thole, kowe oleh wae pacaran, tapi eling-elingen pesenku, kowe ojo pisan-pisan kumpul kebo."Mer ...Keunikan Tarweh 10 Akhir Ramadhan
Bermain tanpa bek dan pemain tengah, pertandingan tarweh di akhir babak ramadhan iki jama'ahe dadi streiker kabeh, alias mung sak baris ngarep dew ...Sirno Tan Biso Ketulungan
Jeng... Udan grimis sore iki nggowo angin gilir gumanti Ora koyo wingi kang kebak pangarep-arep Kanggo opo ora leren tak getuni Yen nyatane lemah ...Slirane
Jalmo kang misuwur endah esem manis pasuryane. Ora kalah dening cahyane langit pitung warni. Toto laksono pitutur solah bawane. Aran tresno nggondo a ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
mugi2 nggak suwe sakit hatinya hehehe....ganti performa ;lagi ceritanya???
BalasHapusmaklum lg galau berat
Hapusaamiin, pacobaning urip mugi-mugi ndang sirno, ganti karo kabegjan
BalasHapusamin banget
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.