Opo nyono opo ngiro yen garising takdir Gusti iki bedo karo kekarepaning kawulo. Ora kiro yen jaman semono raket ibarate den pulut tan keno dipisah njur saiki ilang tanpo perasaan. Ora nyalahne, Lha tapi, lorone wong kelangan tresno opo iso den tambani? Loro sak njoning manah luwih parah tinimbang loroning tibo nyandung watu.
Ibarate cebol nggayuh lintang, tanganku wus ora candak ngrogoh sukmamu. Yen pepujaning ati wus dadi duwek'e liyan, opo yo mungkin sliraku ngrebut kang iku wes mustahil dak lakoni. Ora tak pikir nanging loro iki ora bakal biso ilang. Lelakon kang wus kapungkur bakal dadi cambuk lakonku ing ngarep. Tak cukupi tresnaku tekan semene, sumeleh ati legowo nrimo keputusan seng tak anggep ora adil. Tak lilakno kusumaning atiku seng aku ndungo mugo luh ing pipimu ora banjir koyo tumetesing pipiku.
Senajan ora ono liyan kang bakal biso ngganteni sliramu, nanging tak cubo ngudhal ruweting ati iki. Pacobaning urip ora mung cukup semene, yakin sek ono kang luweh abot seng bakal dak lakoni.
Sirno, ilang, lebur lan ajur atiku. Nanging aku ndungo, mugi loro iki ora suwi-suwi nggrogoti ati :'(
Senin, 08 April 2013
Related Posts
Kursi Legislatif
Ono anggota DPRD songko ndeso sing asline tukang becak sing kepilih pas pemilu kepungkur murni songko hati nurani hasil pilihan rakyat, tanpo modal t ...Titip Kangen
Liwat angin sore Titip kangen ning ati Numpang ngapurane Durung biso nemoni Tak suwun slirane Gelem sabar ngenteni Percoyo oh sayang Aku ra bakal lal ...Njowotenan Edisi Ramadhan
Definisi makna poso iku kan seng luweh pas yoiku ngempet howo nepsu, yen mung ora mangan ora ngombe ora "anu" iku howo nepsu seng ringan, menurutku s ...مرحبا يا رمضان
Pertama ndue blog aku ngangge jeneng Cah Ndeso, eh ternyata wes okeh sing madani, trus tak ganti ngangge jeneng Cah Ndueso, bertahan pirang-pirang wu ...Lagu Anak-anak
Lagu asli :Satu-satu aku sayang ibuDua-dua juga sayang ayahTiga-tiga sayang adik kakakSatu dua tiga sayang semuanyaVersi cilik'ane Cah Ndueso lagu ik ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
mugi2 nggak suwe sakit hatinya hehehe....ganti performa ;lagi ceritanya???
BalasHapusmaklum lg galau berat
Hapusaamiin, pacobaning urip mugi-mugi ndang sirno, ganti karo kabegjan
BalasHapusamin banget
HapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.