Jumat, 18 Mei 2012

TKI Kesuksesan Fatamorgana


Urip ono ing deso opo sing iso diandalne kejobo sawah lan tegalan, sing dadi pekerjaan lan penghasilan utama wong ndeso sebagian besar lan roto-roto mesthilah dadi petani. Pegawai, wira swasta, paling yo mung 10%, penak'e omong 75% lah jumlah prosentase petani ing deso. Wong tani urip songko sawah, anggep wae telung wulan pisan panen, kepotong biaya garap sawah lan persiapan modal tanam selanjutnya paling-paling penghasilan bersih petani iku 3juta per 3bulan, artine 1juta/bulan, opo yo cukup duit semono kanggo nguripi keluarga lan kebutuhan saben dino? jawabane kurang.

Mongko alternatife sing sampek saiki dianggep sukses yoiku dadi TKI/TKW utowo istilah populere saiki arane BMI "Buruh Migran Indonesia" dadi buruh tapi dianggep sukses yen muleh ing deso. Dadi wong ndeso(petani) yen ora ndue sawah sak hektar abot yen mung arep mbangun omah, padahal roto-roto petani saiki iku mung ndue sak kotak sawah,seper pitu kotak, sak uripe ngopeni sawah mung entek dipangan thok kok arep mbangun omah, iso sih iso tapo ngoyo. Wira usaha gak ndue ketrampilan, ngalamar pegawai smp ae meh gak lu2s. Mongko alternatif sing paling memungkinkan dan menguntungkan yo melu dadi BMI kui maeng.

Bener emang dadi TKI iku penak, kerjo setengah tahun ae wes balek modal, iso-iso dadi wong sugeh kelas ndeso, patang taun dadi TKI iso gae omah magrong-magrong, tumpak'ane iso sing paling jos, padahal mung mbabu penggaweane, ijasah pas-pasan nanging penghasilan gedhe.

Tapi yo ojo lali dampak negatipe, dampak sosial sing terutama, anak gak keurus rawan broken home, kecurigaan lan ketidak percayaan terhadap pasangan mesthi meningkat, bener TKI penghasilan akeh tapi yen muleh kok tetep wae pol-polane parane nyang sawah, maklum kreativitas nol SDM rendah.

Kualitas iman seng perlu dipertanyakan, terutama TKW, muleh-muleh rambute kobong (Lha abang je...) Pupune iso maleh empan tur sulap disawang, terus demen pamer lekek. Lego seh sak jane, tak akoni aku yo seneng lo nyawang, tapi kok...mbok ya eling urip neng ndeso opo yo gek pas koyo ngono kui.

Direwangi kursus dadak'an, paspor visa palsu, urung cukup umur pileh nekat ganti KTP, gak nduwe cukup bekal, tapi yo seng jenenge modal nekat iku emang iso ngalahne sak sembarange, nanging yo kudu siap mental lan iso jogo awak, yen gak iso yo kudu siap nanggung resiko koyo to kekerasan lan tragedi sing wis kepungkur.

Nah...yen ternyata kedadeyan tenan kasus koyo sing wis kliwat ojo pisan-pisan sampean ngarep-arep bantuan pemerintah. Sing butuh, sing kepingin, sing gelem, sing karep dadi TKI iku yo sampean dewe, nekatmu kudu diimbangi mental baja, salah-salahmu dewe budal dadi TKI, ilegal pisan, Lha kok ing tembe mburine nyalahne pemerintah sing harus bertanggung jawab, terus ngarani ora gelem melidungi wargane, yo remok lah lek carane koyo ngono kui, menange dewe iku jenenge.

Okelah, sukses dadi TKI iso mbangun omah, iso tuku sepedah montor anyar, tapi lek wes muleh mburuh kok sek tetep nyang sawah parane berarti urung iso diarani sukses, kesuksesan semu sing katon endah disawang wong liyo tapi asline luweh parah, bayare akeh tapi awak luweh remok, nyatane ora bener-benr iso ngrubah nasib tapi mung nuruti kepinginan sesaat seng ora iso dicapai kelase wong ndeso kejobo yen ora mbabu.

Terus solusine mantan BMI piye? aku mung ndue gagasan lan sebatas ide doank, yen kepingin diakoni sukses dadi TKI kudune ora age-age hasil kerjo mburuh iku diwujudke barang seng ketoro koyo to mbangun omah, tuku lemah, utowo tuku kendaraan, kudune penghasilan seng lumayan gedhe iku diwujudake modal saham, yo paling ora dadi modal nggae lapangan kerja anyar, minimal iso dadi penghasilan baru sak wise muleh dadi BMI, luwih apik yen iso bukak lapangan pekerjaan kanggo wong liyo, sehinggo wong liyo ora perlu dadi TKI kerono pengangguran gak enek lowongan pekerjaan neng Indonesia. Halah, tapi yo lek dipikir wong iku duit-duite dewe opo yo gek kita sebagai wong liyo ndue hak ngatur piye karepe para TKI ben gelem ngeguhne duit hasil kringete dek'e dewe iku. isone iso....tapi angel...
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

23 engkang sampun komentar:

  1. waahhh si aku ning ke satu hahahaah !!

    BalasHapus
    Balasan
    1. KISAH KESUKSESAN BAPA TAMRI MENJADI TKW DI MALAYSIA,DULUNYA SAYA BERANKAT KEMALAYSIA TUJUAN UNTUK MENCARI UANG GUNA UNTUK MENAFKAI ANAK DAN ISTRI DAN SELAMA 5 TAHUN SAYA BEKERJA SEBAGAI BURU PABRIK HASIL YANG SAYA DAPAT TIDAK MENCUKUPI SEMPAT SAYA PUTUS ASA,AKHIRNYA SAYA COBA COBA BUKA BUKA INTERNET DAN SECARA KEBETULAN SAYA MEMBACA KOMENTAR KOMENTAR PEMAIN TOGEL YANG MENGATAKAN DIRINYA BERHASIL MEMENANKAN PERMAINAN JUDI TOGEL YANG DIBANTU OLEH BAPAK KY SETO DAN SAYAPUN MENHUBUNGI NOMOR KY SETO,AWALNYA SAYA RAGU MENDENGAR PENYAMPAIAN LANGSUNG DARI KY SETO BAHWA DIA BISAH MENDAPATKAN ANGKA ANGKA JITU YANG DI JAMIN TEMBUS,2 HARI KEMUDIAN SAYA MENHUBUNGI BELIAU KEMBALI DAN SAYA COBA PASANG ANGKA YANG BELIAU BERIKAN ALHASIL MALAMNYA SAYA BERHASIL MEMENANKAN 4D TOTO DAN SAYA SANGAT BERSYUKUR DAN WAKTU ITU JUGA SAYA MEMUTUSKAN UNTU KEMBALI KE INDONESIA ITULAH KISAH SAYA SELAMA 5 TAHUN DIMALAYSIA,O..IYA BAGI TEMAN TEMAN YANG MAU SUKSES SILAHKAN HUBUNGI NOMOR KY SETO MELALUI 082357407147 DAN SIAPA TAU NOMOR BELIAU MASI AKTIF SOALNYA SUDAH LAMA SEKALI SAYA G PERNAH MENHUBUNGI BELIAU TAPI SAYA AKAN SELALU MENGINGAT AKY BERKAT BANTUAN BELIAULAH SAYA BISAH BERKUMPUL LAGI DGN KELUARGA DI INDON SEKIAN PENYAMPAIN DARI SAYA.....

      Hapus
  2. wahh gak bisa ngomenn bahasanya jowo, heheh, di baca saja dehh

    BalasHapus
  3. "Pupune iso maleh empan tur sulap disawang, terus demen pamer lekek" sulap saking ierng e to pak knek panas hahahaha

    BalasHapus
  4. yo wis ben, terah eneke yo ngunu kui

    BalasHapus
  5. wis mari to kang mas,
    artikele apik tenan,
    jeruuu...
    yo pandongane aku ngko yo iso nggawe lapangan kerjo kanggo wong liyo yo mas,
    sementara nggawe primbon kanggo nggolek kerjo sik yo... :)

    BalasHapus
  6. arep komen op yo. Bingung ngomeni op.

    BalasHapus
  7. mo komen jowo ora ngerti hihihi tak baca lah aja :D

    BalasHapus
  8. komen ra komen penting moro

    BalasHapus
  9. asyeeeeeeeeeeeeeeeek setuju msd smbi opinimu iki

    BalasHapus
  10. melok lomba to kang :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. hu uh....nggasang grethel menowo oleh...

      Hapus
  11. kesuksesan
    semu sing katon endah
    disawang wong liyo tapi
    asline luweh parah, bayare
    akeh tapi awak luweh
    remok, nyatane ora bener-
    benr iso ngrubah nasib tapi
    mung nuruti kepinginan
    sesaat seng ora iso dicapai
    kelase wong ndeso kejobo
    yen ora mbabu.
    persepsi yang salah, coba lihat lebih luas lagi, jangan cuma dr bbrapa tki. banyak juga tki dari desa yang sukses. kenapa public tidak pernah mengangkat /mengenal dari sisi positif? sebegitu buruk kah jd Tki?

    BalasHapus
    Balasan
    1. salah kan menurutmu....
      terah sukses tapi cuma fatamorgana...
      panggone positif uduk neng kne. kne akeh negatipe...
      seng ngarani buruk kui lho sopo....

      Hapus
  12. waahh, pengen ninggalin jejak, tp bingung nulis apa. basa jawanya kblinger hehe

    BalasHapus
  13. KISAH KESUKSESAN BAPA TAMRI MENJADI TKW DI MALAYSIA,DULUNYA SAYA BERANKAT KEMALAYSIA TUJUAN UNTUK MENCARI UANG GUNA UNTUK MENAFKAI ANAK DAN ISTRI DAN SELAMA 5 TAHUN SAYA BEKERJA SEBAGAI BURU PABRIK HASIL YANG SAYA DAPAT TIDAK MENCUKUPI SEMPAT SAYA PUTUS ASA,AKHIRNYA SAYA COBA COBA BUKA BUKA INTERNET DAN SECARA KEBETULAN SAYA MEMBACA KOMENTAR KOMENTAR PEMAIN TOGEL YANG MENGATAKAN DIRINYA BERHASIL MEMENANKAN PERMAINAN JUDI TOGEL YANG DIBANTU OLEH BAPAK KY SETO DAN SAYAPUN MENHUBUNGI NOMOR KY SETO,AWALNYA SAYA RAGU MENDENGAR PENYAMPAIAN LANGSUNG DARI KY SETO BAHWA DIA BISAH MENDAPATKAN ANGKA ANGKA JITU YANG DI JAMIN TEMBUS,2 HARI KEMUDIAN SAYA MENHUBUNGI BELIAU KEMBALI DAN SAYA COBA PASANG ANGKA YANG BELIAU BERIKAN ALHASIL MALAMNYA SAYA BERHASIL MEMENANKAN 4D TOTO DAN SAYA SANGAT BERSYUKUR DAN WAKTU ITU JUGA SAYA MEMUTUSKAN UNTU KEMBALI KE INDONESIA ITULAH KISAH SAYA SELAMA 5 TAHUN DIMALAYSIA,O..IYA BAGI TEMAN TEMAN YANG MAU SUKSES SILAHKAN HUBUNGI NOMOR KY SETO MELALUI 082357407147 DAN SIAPA TAU NOMOR BELIAU MASI AKTIF SOALNYA SUDAH LAMA SEKALI SAYA G PERNAH MENHUBUNGI BELIAU TAPI SAYA AKAN SELALU MENGINGAT AKY BERKAT BANTUAN BELIAULAH SAYA BISAH BERKUMPUL LAGI DGN KELUARGA DI INDON SEKIAN PENYAMPAIN DARI SAYA.....

    BalasHapus