Selasa, 13 Oktober 2009

NGOPI


Lek sampean menangkap kesan negatif songko istilah ngopi iku wajar wae, mergo ngopi iku wes kadung identik karo rokok. Tapi ngopi iku yo akeh lho segi positipe?

Setelah diteliti, tibak'e ngopi isuk-isuk bar trangi turu iku iso ngusir roso ngantuk lho..., nyang mripat iso langsung padang, opo maneh kopine iseh panas, luwih-luwih kok disiramne nyang raimu, hehehe... tak jamin ora bakal ngantuk maneh.

Lek sampean ora sekolah ojo kuatir kekurangan ilmu, ternyata cukup dengan ngopi nang warung sampean iso oleh ilmu pengalaman lan berita terbaru, opo maneh lek sampean ngopi bareng karo poro ilmuan lan wartawan. yo ye....?

Jare mbah surip lek kepingin awet muda ki jare kon memperbanyak ngopi iku bener, mergo kebanyakan wong sing wis tuwek ki neng pak dokter ora oleh ngopi, dadi lek sampean sek ngopi iku berarti sampean sek awet enom mergo pak dokter ora nglarang ngombe wedang kopi, yo kan?

Ngerti nggak sampean, enak opo orane wedang kopi iku ora kok mergo carane ngecom utowo akeh thithik'e gulo lan bubuk'e lho..., tapi enak opo orane wadang kopi iku tergantung sopo sing gecom, luwih ayu cewek sing ngecom wedang kopimu, mongko luwih manislah rasane wedang iku. hahaha....

Kadang-kadang bakul wedang kopi iku kelalen, nah, mulane lek sampean ngopi nang warung ojo lali ngomong " Mbak, aku pesen wedang kopi jo lali sak bobok'e !!!"

"Eh...., sak bubuk'e maksudku"

Hehehe........
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

57 engkang sampun komentar:

  1. (maaf) izin mengamankan PERTAMA dulu. Boleh kan?!
    nembo moco...

    BalasHapus
  2. Pancen yen ngombi kopi sinambi ndelongopi lan mecicili bakule seng ayu lan kenes tur seksi, senajan ora ono gulane, yo tetep keroso legi.
    Mripat seng wes krumun-krumun yo dadi padang jinggrang ndelongop!

    BalasHapus
  3. iyo aku wes ngalokoni prilaku kuwi
    ternyata manjur juga

    BalasHapus
  4. ngputen kang kula mboten remen ngopi paalli ngopi paste sing sering

    BalasHapus
  5. Mampir nggihhhh.... onten kopi mboten teng mriki... jenenge KOPISHOUTMIX waaakakakak...akakak karena kopinya ada di shoutmix ........ kuwi juragane bar ngopi nyang nggonku ......gratis sak bosene weleh....weleh.....

    BalasHapus
  6. wah komengku kok kepotong yoo dadi ra nyambung heee

    BalasHapus
  7. mas po mbak ki. Enek neh ki coro ngombe kopi paling anyar. Mesthi do rung tau njajal.

    Carane : tuku kopi bubuk bungkusan, cepakno gulo lan banyu panas. Bubar kwi, kopi bubuk seng iseh bungkusan mau dibukak trus di-suntak neng cangkem trus gulone yo ngono. Bubar kwi banyu jarang disok sisan.

    Tak jamin mas po mbak. Ngantuk ilang. [mlocot lambeku] WOkokokok....[just kidding ... mesem to Mas po Mbak]

    BalasHapus
  8. banyune ora digodok diobori neng cangkemu wae pisan,ben gelis,hwahahahha....

    BalasHapus
  9. wokokok...wes pokoke mPISSS lah [ngempet ngguyu ki]

    BalasHapus
  10. yo ojo diempet to....dadi udun lho......

    BalasHapus
  11. pancen enak kang ngopi esuk-esuk opo maneh karoh ngrokok manteb tenan.

    BalasHapus
  12. walau saya tak begitu ngerti (kemampuan bahasa jawa saya sangat terbatas), tp yg jelas saya sudah tak bisa lagi minum kopi...
    :)

    BalasHapus
  13. gek jare sopo rasa kopi wi tergantung sing ngecom????
    lak di campuri uyah msok kopi ne panggah tetep manis....????? cakkkakakakaka

    BalasHapus
  14. lha nyapo lho pakacil?kok ra iso ngopi?

    BalasHapus
  15. wew.... sedikit paham.. :(

    kopi iso jadi tombo loro ndas.. :P

    salam kenal.. ;)

    BalasHapus
  16. ngrokok nek kuwalik yo marai seger mas, langsung padang njingglang donyane.. kekeke

    BalasHapus
  17. ngopi pekat karo kropok blinjo atau kropok jering mantep banget mas pasti ne ngak ngantuk.

    BalasHapus
  18. pa kabar neh cah ndeso...??


    Regard,

    Hitsuke and NarutoFans 

    BalasHapus
  19. ya.. ya.. ya.. ya..
    betul betul betul!
    tapi sorry yaaa...
    trae aku kat ndisek saben tangi turu mesti ngopi.
    jiahahahahaa...
    "no smoking!"

    BalasHapus
  20. Mboten ahh...kulo tesan ngopi miki kang...
    Matur nuwon ng"Geh

    BalasHapus
  21. Blogwalking sinambi ngopi, weleh . . . uenak tuenan!

    BalasHapus
  22. walah, mungkin kuwi kegawa saka perasan lan sugesti, mas. ning pancen bener, kok. yen sing ngaduk kopi bojoku rasane luwih maknyus ketimbang sing nggawe wong liya, wakaka ...

    BalasHapus
  23. Jarene dokter, ngopi kui iso ngilangake penyakit asma.

    BalasHapus
  24. uduk asma mas...tapi asmara,wkekekek...

    BalasHapus
  25. Ngopi ning dalan anyar, Yo ye...?
    Tapi aku paling gak tawar karo kopi. Mben ngopi mesti langsung kembung, ngentut2, kebelet ngi**ng (biasa anak rumahan). Nyapo ngono kuwi, Jo?
    Sidane aku yo sik pilih ES TEH. Anyep, seger, wangi, po maneh sing nggawe cah nJenangan (opo hayo hubungane?). Jare aku pengin kerungu pendapatmu tentang Es Teh? Soal'e iki kabar Global Warming mundak santer, selak Es Teh punah, gak enek sing kenal Es Teh maneh kecuwali lek tok tulis ning kene.

    BalasHapus
  26. ngopiiii????
    wes talah,, aku asli ya iki
    hahahaha
    kurangi tidur,, banyakin ngopiii
    hahahahahaha

    BalasHapus
  27. luwih manteb neng wakoka...iso ndelok bal-balan barang....
    Es Teh ? ada ide nieh buat es teh..tungguin tangal mainnya ya?
    kenalin brow...haris tu temene cah ndueso pas jaman aku smp mbiyen....cah njenangan? aku ngpek adine oleh pora iki?hehehe...

    BalasHapus
  28. kunjungan balik sahabat....

    BalasHapus
  29. karo nggone barang, jale lek ngopi nang dalan anyar karo nang WC nikmat nang nendi ?

    BalasHapus
  30. nikmat neng dong bantheng,hehehe...

    BalasHapus
  31. Ronda sinambi ngopi yo uenak. Yen karo Randa uenak endi hayo???

    BalasHapus
  32. opo maneh rondo kempling,luwih enek yo...hahaha...

    BalasHapus
  33. penak ki lek di tumpak'i,iyo kan?

    BalasHapus
  34. ditumpaki tok yo kurang penak no.... lek ora di lebokne,hehehe...

    BalasHapus
  35. tapi kopi nek ra nganggo cangkir po gelas yo gak marai pinter kang

    BalasHapus
  36. nmggenepi ben dadi patang puluh!!!!

    BalasHapus
  37. huakakakakak..yen disiram nang rai yo marai semuten to,cah..

    aku jatu cinta kiy karo blogmu;)

    BalasHapus
  38. wah nek ngopi karo sak bobok'e iso gelut ngko :D

    BalasHapus
  39. kalau bangun tidur bikin kopi .. hemmmmm, nikmat bangettt ..


    btw ...saya cuman bisa dikit ngerti bahasa jawa .. hiks

    BalasHapus
  40. Ngopi iku pancen nggawe seger, opo meneh ngopi yen pas usoh udah kae, ples cekelane gedang goreng. wuih... mantappsss...
    kopi memang enak dan bermanfaat ya? buat ngilangin ngantuk!
    Iklan Baris

    BalasHapus
  41. Ntopi iku pancen seger, opo menen yen ngopi pas usom udah kae, ples cekelane gedang goreng, mesti tambah mantapsss...
    ngopi memang enak dan menyegarkan, dan ada juga manfaatnya buat ngilangin rasa ngantuk!
    Iklan Baris

    BalasHapus
  42. peh suwi aq ra dolan nak nggonmu, pye kbre ? moro nek tulungagung pren, kne sarange warko, mau warkop terbuka utowo seng remeng akeh, kne yo sarange bilyatan, bola sodok

    BalasHapus
  43. ngopi ??
    enak tenan...
    aku ten ngopi, iso ra turu ron dino

    BalasHapus
  44. opo maneh kopine, sing kuenthel tur ireng thuntheng...

    BalasHapus
  45. iyo opo maneh langsung ngge adus kopine ;)

    BalasHapus
  46. aku wingi pesen kopi susu ning warung cedak stain, lha kok jare susune ora enek. padahal nggenah ning ngarep mataku kuwi dadane mentol....

    BalasHapus
  47. meres dewe no... enek tenan..

    BalasHapus
  48. Hidup perkopian...
    tapi kemaren che ngopi malah muntah...
    masuk angin sie kayaknya, bukan salah kopinya hehehe....

    BalasHapus
  49. wach cah ndeso karo ndueso punika pundi nggih engkang leres....absent kemawon hihihi

    BalasHapus