Selasa, 15 Februari 2011

Tanggap Wacana Ndherek Bela Sungkawa

Andaikan suatu ketika di antara keluarga atau tetangga kita ada yang meninggal dunia, kemudian diadakan upacara pelepasan jenazah, dan kita ditunjuk untuk ngomong di depan mewakili para pelayat, misalnya atas nama warga masyarakat RT I, apa yang akan kita katakan? Berikut adalah contoh. Istilah lain Tanggap Wacana Bela Sungkawa adalah Taushiyah atau Tadzkiroh .

Assalamu'alaikum wr.wb.

Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kinabekten, para rawuh mungazziyin mungazziyat ingkang tuhu luhur ing budi, saha para ahli waris kulawarga ______________ ingkang kinurmatan. Keparenga kula sumela atur sawetawis, minangka wakil saking kulawarga ageng bebrayan RT I .

Ingkang sepisan, kula ngonjukaken puja-puji kagem ngluhuraken asmanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, inggih Allah SWT, ingkang sampun paring rohmat lan barokah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga saged makempal ing menika papan saperlu asung pakurmatan dhumateng sedanipun ___________. Shalawat lan salam mugi tansah sinanjung ing utusanipun, inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. allahumma amin.

Kaping kalihipun, kulawarga ageng RT I ngaturaken ndherek bela sungkawa dhumateng sedanipun swargi ______________, saha para kadang kulawarga RT I ndherek memuji, mugi-mugi arwahipun swargi ______________ pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, ingapunten sedaya lepat dosanipun, katampi sedaya amal kesaenanipun, saha sedanipun kalebetna seda ingkang khusnul khotimah, khusnul khotimah, khusnul khotimah, mugi pinaringan papan ingkang sekeca jumbuh kaliyan amal kesaenanipun rikala sugengipun ing alam bebrayan.
Saha mugi-mugi kulawarga ingkang tinilar, tansaha pikantuk kekiyatan lair batos, satemah kanthi ikhlasing penggalih, saged nglilaaken sowanipun swargi ________________ dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Ugi enggala pikantuk lelipur, mugi enggal kabirat sedaya dhuhkitaning manah. Kita sedaya mboten saged nyelaki pepesthen, awit sedaya menika kagunganipun Gusti Allah, pramila dhumateng Gusti Allah sedaya badhe wangsul.

Mbok bilih nalika sugengipun swargi _______________ nggadhahi kalepatan dhumateng kita sedaya, kanthi tulus ikhlas kita sedaya nyuwunaken pangapunten dhumateng Allah SWT, saha kanthi lila legawaning manah kita badhe angapunten kalepatanipun.

Kula kinten kirang prayogi menawi kathah-kathah atur kula, pramila kula cekapaken semanten, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar