Senin, 28 Februari 2011

Atur Panatacara Ing Kesripahan (2)

Menawi wonten warga kampung ingkang seda (kesripahan) padatanipun layon lajeng dipun upakara, nalika badhe kabekta dhateng pametakan (=makam) dipun wontenaken upacara pakurmatan langkung rumiyin. Kirang langkung caranipun mekaten:
 
Rantaman adicara:
  1. Shalat Jenazah
  2. Pambuka
  3. Dhuhkita Sabda Kulawarga
  4. Taushiyah
  5. Donga
  6. Jenazah kaangkataken
  7. Bidhaling layon
1. SHALAT JENAZAH
Nuwun, nyuwun kawigatosanipun, para rawuh para takziyah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih shalat jenazah ingkang kaping ______ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken.
==========(shalat jenazah I)======
Nuwun. Salajengipun shalat jenazah ingkang kaping ______ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken.
==========(shalat jenazah II)=====
Nuwun. Dhumateng para rawuh mungazziyin-mungazziyat kasuwun keparenga makempal wonten latar awit jenazah sampun badhe kaangkataken. Nuwun. Nuwun. Matur nuwun.
Bandhosa isi jenazah kawedalaken lan kaselehaken wonten palataran papan upacara saha dipun payungi. Panatacara tampil ngacarani ndhobel dhuhkita sabda kulawarga.

2. PAMBUKA
Assalamu'alaikum wr.wb. Bismillaahirrahmanirrahiim. (ayat)
Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih. Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan ngonjukaken raos syukur kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih. Keparenga kula cumanthaka ing budi, labet awrat ngemban dhawuh saking panjenenganipun _______________ ingkang ing titi kalenggahan menika katemben nandhang reribet, nuwun inggih tinilar: ing garwa / ingkang putra / tiyang sepuh / kadang sepuh / kadang anem, sumurud ing kasedan jati, tinimbalan sowan dhumateng pangayunaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun.... X3.
Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa _____ tahun, swargi _________________ rikala dinten _________________ surya kaping __________________ watawis tabuh ___ wonten ing _________________. Ingkang menika gandheng pangruktining layon sampun paripurna, pramila badhe dipun wonteni tata upacara sawetawis, nuwun inggih tata upacara badhe bidhaling layon.

Para rawuh mungazziyin mungazziyat ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, keparenga kula aturaken menggah urut reroncening adicara upacara badhe bidhaling layon ingkang sampun karakit dening para kadang kulawangsa. Nuwun inggih
  • ingkang sepisan Pambuka
  • urut kaping kalih Atur Dhuhkita Sabda Kulawarga
  • salajengipun Taushiyah minangka urut angka 3
  • Donga Sesarengan minangka urut angka 4
  • urut kaping 5 nuwun inggih Jenazah Kaangkataken
  • lan salajengipun jenazah kabidhalaken dhateng makam ______________
Mekaten para rawuh menggah rantamaning adicara ingkang badhe kaatur, salajengipun sumangga nuwun kula dherekaken hambuka adicara menika kanthi maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW, alfaatihah.
===(maos fatihah sesarengan)======
Matur nuwun.
3. DHUHKITA SABDA KULAWARGA
Para rawuh para takziyyah ingkang kinurmatan. Salajengipun ing ngriki kula minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun _____________________
Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge ngenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga _________________ ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga _________________ mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung ___________________ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji, mugi-mugi sedanipun _____________ menika kalebetna seda ingkang khusnul-khotimah...!, khusnul-khotimah....!, khusnul-khotimah...!, mugi-mugi yitmanipun tansah pinaringan padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.
Saha nyuwun pendonganipun, mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang. Allahumma amin.
Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ______________ nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar.
Lan ugi, ngaturi pirsa dhumateng para takziyah samudayanipun, bilih ing mangke ndalu badhe dipun wontenaken tahlilan saperlu nyuwunaken pamuji dhumateng rohipun almarhum/almarhumah anggenipun sowan wonten ngarsa dalem Allah SWT, dumugi malem pitung dintenipun. Pramila saking menika, katur dhumateng panjenengan ingkang kepareng badhe ndherek ndedonga nyumanggaaken, dene wekdalipun kados padatan, bakda maghrib/isya'.
Para rawuh para takziyyah ingkang pantes sinudarsana, mekaten menggah pamatur kula minangkani wakil kulawarga shohibul mushibah, wonten kekirangan saha kalepatanipun nyuwun agunging pangapunten.
Salajengipun, ndungkap adicara ingkang salajengipun inggih menika Taushiyah katerasaken Donga. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ________________ keparenga paring taushiyah sawetawis saha mandhegani donga, sumangga nuwun.

===4&5. TAUSHIYAH + DONGA===

Matur nuwun, Para pambela sungkawa ingkang satuhu pantes sinudarsana, kakung miwah putri, jenazah tumuli badhe kaangkataken, ingkang menika katur panjenenganipun para kadang ingkang kepareng badhe manggul bandhosa keparenga siaga ing gati samapta ing dhiri. Sumangga.

==== (bandhosa dipun panggul)=====

Para rawuh, mungazziyin-mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih, lampahing tata upacara bidhaling layon sampun paripurna, jenazah sampun kaangkataken lan tumuli badhe kabidhalaken dhateng Makam ____________________. Sanget ing panyuwunipun kulawarga panandhang, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ____________________ swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam ________________. Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangka sesulih saking para kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur. Dene kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur, ingkang lajeng trunyak-trunyuk tilar tata-akrami, tilar subasita miwah kithaling basa, sedaya kalawau inggih awit saking kiranging seserepan kula, keparenga sanggya para rawuh ambedhah tambaking samodra pangaksami. Ing wasana, katur panjenenganipun Bp _____________ keparenga mbidhalaken jenazah. Billahittaufiq walhidayah. Wassalamua'laikum wr.wb.
Katur Bp ______________ sumangga.

====(Bp ________ mbidhalaken kanthi waosan fatihah lan laailaahaillallah)==
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar