Senin, 14 Februari 2011

Ngacarani Kenduren Badhe Ngadani Pahargyan

Biasanya di kampung saya kalau ada ngantenan, beberapa hari sebelumnya diadakan kenduren, tujuannya pertama untuk mendapatkan restu para leluhur, yang kedua untuk menyampaikan maksud tsb kepada masyarakat sekitar sekaligus memohon bantuannya. Acaranya biasanya tahlilan dan makan-makan, saat pulang para tamu dikasih brekat. Sebelum tahlilan seorang wakil keluarga tampil berpidato, contohnya begini :

Assalamualaikum wr.wb
( ayat )

Nuwun, Panjenenganipun para sepuh, sesepuh, saha pinisepuh, ingkang dhahat kinurmatan, langkung-langkung panjenenganipun .................................. ingkang dhahat pinundhi, miwah sanggyaning para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.
Sugeng rawuh, wilujeng sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan tuwin kawilujengan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “alhamdulillahirobbil’alamin.”
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa’atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis, awit minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ................................ sakulawarga, saperlu dados talanging atur ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp/Ibu .............................. sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya, awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan sangking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Wondene menggah hajat tujuanipun Bp/Ibu ....................... ngrawuhaken panjenengan sedaya ing papan menika, nuwun inggih badhe pun suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bp/Ibu ................................... ingkang sampun sumare, nuwun inggih:
1.................................... 2................................... 3....................................... 4...............................
sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenan rikala sugengipun. Allahumma amin.

Kejawi saking menika Bp/Ibu ........................ sakulawarga badhe nyuwun berkah pendonga lan pangestu panjenengan sedaya, awit salah setunggaling putra ing kulawarga menika ingkang peparab/sesilih ............(calon-manten)......... insyaAllah badhe nglampahi sunnah rosul mangun bebrayan ingkang kawastanan nikah, nuwun inggih badhe pikantuk ........(calon-mantu)...... putranipun Bp/Ibu .............................. ingkang pidalem ing .............................. Ingkang saking menika keparenga para rawuh para pilenggah paring puji pendonga lan pangestu mugi-mugi, anggenipun .........(calon-manten)....... sumedya mangun bebrayan ing mangke, tansah manggih kawilujengan, kalis ing rubeda, tan manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun .....................................

Salajengipun, mbokbilih Bp/Ibu ........................... sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirang ing tanggap tata akrami, menapadene anggenipun atur papan palenggahan saha pasugatan samangke kirang adamel sukarenaning penggalih panjenengan sedaya, Bp/Ibu ......................... sakulawarga sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur wonten kalepatan, kekirangan, saha kalucutipun, keparenga panjenengan sedaya hangrentahaken sih samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua’alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun ............................... kula sumanggaaken, nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar