Selasa, 28 Desember 2010

ATUR PANUTUP PANATACARA ING PAHARGYAN

Sagung para rawuh para pilenggah, ingkang tuhu luhur ing budi. Mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................. Mugi-mugi saged dados sanguning putra temanten kekalih anggenipun sami badhe lelayaran ing samodraning bebrayan agung lan nyumrambahana dhumateng kula panjenengan sedaya. Allahumma amin.
Dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ........................... kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .................................. .

Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur, bilih tandha purnaning adicara pahargyan menika menawi putra temanten sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika kula suwun kanthi sanget - pirenaning penggalih panjenengan sedaya, saksampunipun donga paripurna, keparenga nyrantos sawetawis kabedholipun putra temanten saking sasana rinengga - ngantos temanten sarimbit jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) - kakanthi tiyang sepuhipun, lajeng nembe panjenengan sedaya sumusul jengkar saking palenggahan, setunggal-mbaka-setunggal, jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi donga pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
  • Kula pun ............................................ minangka Panatacara,
  • Ibu ................................................. minangka Juru Sumbaga
  • Mas .......................................... minangka Juru Panata Pitaswara saking .............................. Sound System
  • Dalah ....................................... minangka Juru Foto saking ........................................
  • Menapadene para kadang kaneman ingkang dados juru ladi
  • Saha sanggyaning brayat ageng Bp .......................................... Ibu ................................................ (pemangku gati)
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga diagung ing pangaksami.

Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken "Ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem."

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Katur panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................................ kula sumanggaaken. Nuwun.

========(Donga)=========

====(Gendhing Ladrang Gleyong -- Bedholan)====
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar