Selasa, 28 Desember 2010

Atur Panatacara Nglenggahaken Penganten Putri

Para rawuh para lenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu kakung sumawana putri, salajengipun nuwun inggih risang putra temanten putri badhe sowan mangarak ngarsa panjenengan sedaya kalenggahaken ing sasana rinengga. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga nuwun inggih Ibu ______________ keparenga mratitisaken putra temanten putri. Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, praptanipun putra temanten putri samangke badhe kabiwardha ungeling Ketawang Sekarteja. Sumangga, nuwun.

===( gendhing Ketawang Sekarteja PLAY, lajeng njantur/nyandra )

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Sekarteja, ana ganda arum mangambar katiyubing samirana manda. Sang mantyasaning pawiwahan ingkang sampun purna hangadi busana hamulas wadana – kawistara mijil saking tepas wangi - kinanthi sang Juru Sumbaga ingkang pinaragan Ibu ___________ ( lan Ibu ___________ ) manjing madyaning sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon, hanenggih punika ingkang sesilih kusumaning ayu Rara ____________ putri atmajanipun Bp/Ibu ____________ .
Lumaksana lengkeh - lengkeh hamucang kanginan, pindha singa lupa, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Hangagem busana ingkang sarwa retna, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring bagaskara/pandam, katingal hangrenggani sasana adi pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspita rinonce, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongaaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah widadari tumurun.
Kuwung-kuwung hangenguwung hangawengi, hambabar teja mandamaya. Tan kuciwa memanise - sedheng dedeg piadege, sembada genging salira - sesolahe milangoni - lelewane anuju prana, dhasar karengga ing busana edi, kathik sinumbaga dening asta trampil Juru Paes kang wus kulina - hanenggih Ibu ___________. Kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra, kurang ukara.
Karengga endahing sasana adi saya katingal sulistya ing warni warnaning putra temanten putri ,
Pramila tumuli kanthi trampil kadang juru tedhak sungging hanenggih Mas ......................... saking ....................... Foto Studio hamendhet gambaripun kinarya pepenget ing salami-lami.
Risang penganten kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
===(gendhing STOP)
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar