Jumat, 09 Juni 2023

Tentang Ilmu - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

العلم قبل القول والعمل 

الخطبة الأولى

 

الحمد لله، الحمد لله الذي انزلَ الكتابَ تِبْيانًا لكلِّ شيئٍ وهُدًى ورحمةً لقومٍ يؤمنونَ. فيه بصائرٌ ونورٌ وشفاءٌ لِما في الصدورِ. ولا يَعْقِلُهُ اِلَّا الرَّاسِخُونَ. فاسْألُوا أهلَ الذّكرِ إنْ كنتم لا تعلمونَ.

اللّٰهمّ صلّ و سلّم  على سيدِنا محمدٍن الْمبعوثِ بالحِلْمِ والرّحمةِ الْواسعةِ الْقائِلِ: مَهْمَا اُوتِيتُمْ مِن كِتابِ اللّٰهِ فَالْعَمَلُ بِهِ وَاجِبٌ لَا عُذْرَ لِأَحَدٍ في تركِه، فإنْ لَمْ يَكُنْ فِي كتابِ اللهِ فسنَّةٌ لِي مَاضِيَةٌ، فإنْ لم يكن في سنةٍ لي فَمَا قالَ أصْحابي، لأنّ أصْحابي كالنُّجومِ فِي السَّماءِ، فأيُّمَا أخَذْتُمْ بِهِ فقدْ اِهْتَدَيْتُمْ، واخْتِلافُ أصْحابي لَكُمْ رحمةٌ. وعلى اٰلِهِ وصحبِهِ الصَّابِرينَ والصَّادقينَ والقانتينَ والمُنْفِقِينَ والْمُسْتَغْفِرِيْنَ بِالْاَسْحَارِ الَّذِينَ هُمْ اَمَنَةٌ هذه الأُمّةِ الْمعصومةِ مِنَ الْإجْمَاعِ عَلى الْخَطَاءِ والْغَوَايَةِ، وعلى الَّذِينَ اتَّبَعُواهُمْ بإحْسانٍ وَلا يَتَّبِعُونَ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ.

امّا بعد، فَيَا اَيُّهَا الناس، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: ومَن يُّشاقِقِ الرّسولَ مِنْ بَعْدِ ما تبيّنَ لَهُ الْهُدَى ويَتَّبِعْ غيرَ سَبِيلِ الْمؤمنينَ نُوَلِّهِ مَا تَولَّى و نُصْلِهِ جَهَنَّمَ وساءتْ مصيرًا.

 يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. صدق الله عظيم.

 

Ma’asyirol muslimiin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Sedoyo puji meniko hakekatipun namung kagunganipun Gusti Alloh SWT, engkang saestu welas asih dumateng sedoyo makhluqipun, pramilo mboten wonten ucapan engkang langkung parayogi kito dzohiraken kejawi namung ucapan alhamdulillahi Robbil ‘aalamiin, atas sedoyo rohmat engkang sampun sami kito raosaken.

Sholawat sarto salam mugio tansah kunjuk katur dumateng bendoro Rosul, Nabi Muhammad SAW engkang sampun paring suri tauladan dumateng umatipun, engkang ngajaraken sedayanipun ilmu sahinggo ndadosaken kito mangertos bilih kito mangke taksih mbetahaken syafa’atipun Kanjeng Nabi wongten ing akhirat mbenjang.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Gusti Alloh nyiptaaken ilmu meniko kagem manungso, engkang ndadosaken manungso kagungan derajat kamulyan engkang langkung inggil menawi dipun bandingaken kalian makhluk lintu. Malaikat contonipun, kagungan ilmu ananging namung sebatas nopo engkang dipun dawuhaken Gusti Alloh, moloekat meniko sagetipun namung taat, mboten kagungan kuoso kagem maksiat melawan perintahipun Gusti Alloh. Sedangkan manusia keranten kagungan ilmu ndadosaken manungso saget berfikir ugi kagungan pilihan, Saget mengembangkan nopo engkang sampun dipun diajarkan. Sahinggo saget ndadosaken manungso kagungan derajat ketakwaan soho ketaatan dumateng Gusti Alloh SWT.

Nalikanipun penciptaan Nabi Adam, Poro Moloekat mempertanyakan, punopo leres ilmu Manusia lebih unggul dipun bandingaken kalian Malaikat? Gusti Alloh Dawuh :

وَعَلَّمَ آدَمَ الْأَسْمَاءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلَائِكَةِ فَقَالَ أَنْبِئُونِي بِأَسْمَاءِ هَٰؤُلَاءِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ. قَالُوا سُبْحَانَكَ لَا عِلْمَ لَنَا إِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ.

Lan Panjenengané (Gusti Alloh) paring piwulang ilmu marang Nabi Adam yoiku asmane kabèh barang, banjur paring dhawuh dumateng poro Malaikat : "Coba Siro sebutno asmané barang-barang iku mau, menawa siro iku rumongso luwih bener!"

Poro Malaikat matur: "Moho Suci Paduko, kawulo mboten mangertos kejawi punopo ingkang sampun Paduko dawuhaken dhateng kawulo, sejatosipun Paduko puniko Ingkang Moho Mangertos, Moho Wicaksono." Al-Baqoroh Ayat 31-32.

Saking ayat menikolah terbukti bilih keranten sebab ilmu saget ndadosaken mangungso kagungan derajat langkung inggil menawi  dipun bandingaken kalian malaikat, ananging menawi manungso selain kagungan ilmu ugi sebab ilmunipun saget ndadosaken manungso kagungan ketaatan kados dene poro moloekat, mongko menikolah manungso engkang langkung utomo.

Semanten ugi kalian iblis utawi setan, meskipun kagungan ilmu ananging kesombonganipun ngalahaken ilmu soho fikiranipun, sahinggo nalikanipun dipun perintahaken supados sujud tunduk dumateng Nabi Adam, Iblis utawi setan meniko senajanto mengakui derajatipun ilmu Nabi Adam, ananging piyambaipun mboten purun tunduk amargi rumaos langkung mulyo derajatipun penciptaan, Iblis ngantos bersumpah senajan Nabi Adam langkung inggil ilmunipun, tetapi Iblis bade nyesataken ilmunipun Nabi Adam kanti bisikan-bisikan hawa nafsu ugi maksiat, sahinggo naliko kagudo meskipun anak cucu Adam meniko kagungan ilmu, tetep mboten saget ngangkat derajatipun wonten ngarso dalem Alloh SWT.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Diantara kito sedoyo sesami tiyang engkang beriman, Gusti Alloh ugi ndawuhaken bahwa derajatipun tiyang engkang berilmu ugi langkung inggil. Kados kasebataken wonten ing Al-Qur’an :

يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

Gusti Alloh bakal ngangkat derajate wong kang iman, ugo ngangkat derajate wong kang nduweni ilmu kanthi pirang-pirang derajat.

Salajengipun, dospundi sikap kito ambudidoyo ilmu, sahinggo Gusti Alloh mangke kerso ngangkat derajat kito?

Engkang sepisan, sebagai seorang mu’allim, inggih puniko tiyang engkang mengajarkan ilmu, Rosululloh SAW ndawuhaken :

بلغوا عني ولو آية

Wulangno siro ilmu songko aku senajan iku mung sak ayat.

Sedangakan sebagai seorang muta’allim, inggih puniko tiyang engkang pados ilmu, tiyang engkang nyuprih ilmu, Gusti Alloh ugi ndawuhaken :

فاسْألُوا أهلَ الذّكرِ إنْ كنتم لا تعلمونَ

Mongko takono siro kabeh marang wong kang alim, lamun to siro kabeh iku ora mangerti.

Keranten pentingipun ilmu, bahkan Syaikhona Abu Abdillah Muhammad bin Ismail wonten kitab Shohih Bukhori ndawuhaken :

اَلْعِلْمُ قَبْلَ الْقَوْلِ وَالْعَمَلِ

Ilmu iku sak durunge ucapan lan sakdurunge perbuatan

Artosipun, sakderengipun kita berbicara nopo maleh engkang kita bicarakan meniko terkait dengan hukum Alloh, tentu kemawon engkang kita bicarakan meniko kedahipun berlandaskan dengan ilmu.

Semanten ugi perbuatan, sak derengipun kita berbuat, kedahipun kito sami mangertos konsekuensi hukumipun, sahingo kanthi dasar ilmu bakalipun ndadosaken perkataan soho perbuatan kito sagat leres ugi saget sae. Kosok wangsulipun tiyang engkang berkata ugi berbuat tanpo dipun fikir kanthi ilmu sak derengipun, tentu kemawon peluangipun iblis ugi setan kagem menyesatkan kito terbuka lebar, engkang saget menjerumuskan ugi merugikan kito piyambak.

Alloh SWT ngendiko :

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۚ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا

Lan ojo siro matur ugo agawe opo kang siro ora nduweni ilmune, saktemene pangrungon, paningal, lan opo kang ono ing jero atimu bakal dijaluk’i pertanggung jawabane. Al-Isra' Ayat 36

Wonten ing dalem dhasa dharma, dharma engkang terakhir ugi dipun sebataken, inggih puniko “Suci dalam pikiran, perkataan, dan perbuatan.” Artosipun pikiran engkang suci tetap dipun dahulukan, sak lajengipun nembe dipun iringi kesucian dalam perkataan, soho kesucian dalam perbuatan.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Insyaalloh, kanthi ilmu engkang kito miliki saat meniko kito sejatosipun sampun saget membedakan pundi engkang haq pundi engkang batil, ananging ampun kesupen Iblis sampun nate bersumpah bakalipun menjerumuskan manungso ngantos akhir zaman mangke. Pramilo ampun ngantos beranggapan, merasa cekap kalian ilmu engkang kito miliki saat meniko, sejatosipun ilmu meniko menawi sampun kito kuasai mboten bakal wonten telasipun, justru akan semakin tampak bakwa ilmu engkang dereng kito mangertosi taksih langkung kathah, laksana setitik air ilmu kito, mongko ilmunipun Gusti Alloh meniko ibarat lautan samudera. Memang mboten gampil njagi ilmu engkang kito miliki saat meniko, ananging menawi mboten kito tambah ilmu kito, mongko semakin gampil anggenipun setan menjerumuskan kulo panjennegan sami, sebab keterbatasanipun ilmu engkang kito miliki.

Akhirul khutbah, mugio kulo panjenengan sami saestu dados golonganipun tiyang engkang berilmu, ahli ilmu, tiyang engkang cinta dumateng ilmu, kados engkang dipun janjikan Alloh SWT, sageto kito sedoyo dados tiyang engkang meraih derajat kemulyaan sebab ilmu, sahinggo kawilujengan tansah sartaning kito sami, mboten namung ing dalem dunyo, ananging kawilujengan ugi sartaning kito dumugi akhirat mbenjang. Amiin YRA.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. وَقُل رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ. اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

  

الخطبة الثانية

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَنْزَلَ عَلَىٰ عَبْدِهِ الْكِتَابَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَهُ عِوَجًا قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيدًا مِنْ لَدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْرًا حَسَنًا، مَاكِثِينَ فِيهِ أَبَدًا  .أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، لَهُ المُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِيْ وَيُمِيْتُ وَهُوَ حَيٌّ دَائَمٌ لاَ يَمُوْتُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ، وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْقائِل، طُوبَى لِمَنْ وَجَدَ فِي صَحِيفَتِهِ اسْتِغْفَارًا كَثِيرًا.

اَللّٰهُمَّ صلّ و سلّم  عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، صَلَوَاتُ اللهِ وسَلامُهُ وَبَرَكَاتُهُ عَليهِ، وَعَلَى سَائِرِ النَّبيِّينَ، وَآلِهِ كُلٍّ، وسَائِرِ الصَّالِحينَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ: أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، وَالْتِزَامِ هُدَاهُ، فَتَقْوَى اللهِ تَعَالَى حِصْنٌ أَمَامَ كُلِّ فِتْنَةٍ، وَعُدَّةٌ فِي كُلِّ مِحْـنَةٍ، وَهِي وِقَايَةٌ مِنْ عَذَابِ اللهِ وَسَخَطِهِ لِلْمُؤْمِنِيْنَ، وَقَدْ أَجَادَ مَنْ قَالَ فِيهَا: هِي الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيلِ، وَالْعَمَلُ بِالتَّنْـزِيلِ، وَالرِّضَا بِالْقَلِيلِ، وَالاستِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيلِ، وَقَدْ أَمَرَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ : إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  فَأجِيْبُوا بِالصَّلَوَاةِ وَالتَّسْلِيْمِ عَليهِ، اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِه وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ: اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعْوَاتِ، يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُومًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُومًا، وَلا تَدَعْ فِينَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُومًا. اللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا وَاَهْلَ الْقَرْيَةِ هٰذِهِ مِنْ اَهْلِ الْعِلْمِ وَاَهْلِ الْقُرْآنِ، مِنْ اَهْلِ الذِّكْرِ وَاَهْلِ الْخَيْرِ، وَلَا تَجْعَلْنَا مِنْ اَهْلِ السُّوْءِ وَاَهْلِ الضَّيْرِ، وَاجْعَلْنَا مِنْ عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلاُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ  وبَارَكَ وَسَلَّمَ، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ. وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَر.


*Menawi mbetahne kagem materi khutbah, monggo dipun kopas mawon !


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

3 engkang sampun komentar: