Jumat, 05 Mei 2023

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA - MANIFESTASI ROMADHON

 

الخطبة الأولى

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، اللّٰهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَاعِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ:  فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ.

Ma’asyirol muslimiin, Jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Puji syukur alhamdulliah, sumonggo kito panjataken dumateng dzat engkang moho mirah, atas sedoyo nikmat ugi sedoyo berkah, engkang sampun kaparingaken dumateng kulo panjenengan sami, sahinggo kito saget nglampahi sedoyo ibadah, sak dangunipun wulan romadhon engkang kapengker, ngantos dinten meniko, mugio saget istiqomah ngantos wekdal-wekdal engkang bade dateng.

Kito kedah yakin, bahwa romadhon, meniko memang wulan ibadah engkang penuh berkah, ananging ampun ngantos kito beranggapan bahwa sak sampunipun romadhon berakhir, berakhir pula kegiatan ibadah, justru ketika romadhon sampun paripurno, dinten soho wulan sak lajengipun meniko menjadi tantanganipun kito umat islam, dospundi mewujudkan peningkatan takwa engkang dados manifestasi saking wulan romadhon.

Syawal meniko dalam bahasa arab berasal saking fi’il madhi syaala, ma’nanipun irtafa’a, artosipun meningkatan. Sejatosipun secara bahasa sampun jelas bahwa wulan syawal meniko wulanipun peningkatan. Inggih puniko peningkatan ibadah dumateng Gusti Alloh,

 

Pramilo ampun ngantos muncul istilah wonten tiyang engkang ibadahipun namung sregep naliko ing wulan romadhon ke mawon. Ing wulan syawal menikolah sejatosipun tantangan kito mewujudkan ketakwaan engkang sampun kito gembleng sak dangunipun wulan romadhon. Ibadah engkang kito lampahi menikolah engkang dipun sebat sebagai mu’amalah ma’al khooliq. Hubungan kito sebagai seorang hamba dumateng Sang Pencipta.

Tetapi ternyata, dimata Sang Pencipta ibadah engkang kito persembahkan taksih dereng cekap, nalikanipun hubungan kito dumateng tiyang lintu mboten sae, hubungan sesami makhluk meniko dipun sebat sebagai mu’amalah ma’al kholqi, hubungan kito sebagai seorang makhluk dumateng makhluk lintu, hubungan kito sebagai manusia dumateng tiyang lintu, utawi dalam istilah lain dipun sebat sebagai hablum minannas, ikatan sesama manusia. Disamping ibadah kito engkang sae dumateng Gusti Alloh ternyata kito ugi dipun tuntut kedah sae dumateng sesami. Bahkan Rosululloh SAW ndawuhaken : Saktemene ing antarane umatku ing dino qiyamat mbesok, ono uwong sing rugi, padahal dewek’e sowan kanthi nggowo amalan sholat, zakat, lan poso, tetapi uwong iku ora biso apik marang wong liyo, tansah agawe piloro marang liyan. Mongko Gusti Alloh njabut ganjaran ibadahe sebab rusak’e hubungan marang liyan. HR. Muslim.

Pramilo saking hal menikolah kito saget mundut hikmah saking wulan syawal, engkang wonten ing dalem wulan meniko kito saling berma’af ma’afan, tansah paring pangapunten dumateng sesami, menjalin tali silaturohim, saget njagi persatuan soho kerukunan, memperbaiki hubungan dumateng sederek, famili, konco rowang ugi dumateng tonggo tepalih.

 

Kito kedah mangertos bilih Gusti Alloh meniko mboten semata-mata bakal paring pangapunten dumateng tiyang engkang taubat atas kesalahanipun dumateng sesami manungso, sak derengipun tiyang engkang dipun sakiti, tiyang engkang dipun salahi, tiyang engkang dipun dzolimi meniko kerso paring pangapunten dumateng piyambak’ipun.

Pramilo sampun leres, adat kito naliko ing wulan syawal meniko, saling mema’afkan ugi saling mendo’akan, sahinggo hubungan kito dumateng sesami mboten dados halangan ibadah kito sak dangunipun romadhon, mugi-mugi ibadah kito sedoyo saget dipun tampi, ugi kaparingan ganjaran engkang berlipat ganda saking Alloh SWT. Amiin YRA.

 

جَعَلَنَا اللهُ وَإِياَّكُمْ مِنَ العَائِدِيْنَ وَالفَآئِزِيْنَ، وَأَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الْمُتَّقِيْنَ. تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تَقَبَّلْ يَا كَرِيْم. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

الخطبة الثانية

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَبَارَكَ وَ تَعَالَى عَنْ سَادَتِنَا أَصْحَابِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللّٰهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ. وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَاللهِ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوآللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ! 

 

 *Teks Meniko pareng dipun kopas damel materi khutbah jum’at

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar