Minggu, 13 Februari 2022

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA - HORMAT DUMATENG GURU

  

الخطبة الأولى


اَلحَمدُ للهِ. اَلحَمدُ للهِ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۖ هُوَ الرَّحْمَٰنُ الرَّحِيمُ .اللَّهُمَّ إِنِّي أُشْهِدُكَ وَأُشْهِدُ حَمَلَةَ عَرْشِكَ وَمَلَائِكَتَكَ وَجَمِيعَ خَلْقِكَ أَنَّكَ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ وَحْدَكَ لَاشَرِيْكَ لَكَ. وَأَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُكَ وَرَسُولُكَ .اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّم وَ بَارِك عَلَى سَيِّدِنَا وَ مَوْلَا نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصحَابِهِ وَمَن تَبِعَ هُدَاهُ إِلَى يَوْمِ يُبْعَثُونَ.

أَمَّا بَعدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيكُم وَإِيَّايَ بِتَقوَى اللهِ. فَقَد فَازَ المُتَّقُونَ.  وَقَالَ الله  تَعَالى فِى القُرْاَنِ الْعَظِيْمِ: وَعَلَّمَ آدَمَ الْأَسْمَاءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلَائِكَةِ فَقَالَ أَنبِئُونِي بِأَسْمَاءِ هَٰؤُلَاءِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ. قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ .صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ


Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh


Puji syukur tansah kunjuk dumateng Gusti Engkang Moho Kuaos, atas sedoyo nikmat soho rohmat engkang sampun kaparingaken dumateng kulo panjenengan sami, langkung-langkung nikmat ilmu engkang ndadosaken kito saget mbedo-mbedaaken pundi engkang haq pundi engkang batil. Sahinggo kito tansah lumapah tumuju puncakipun derajat ketaqwaan.


Sholatulloh wa salaamuhu katur dumateng bendoro kito Nabi Agung Muhammad SAW, engkang tinimbalan madinatul ilmi, utawi kuthone ilmu, mugio rohmat keslametan lumeber dumateng poro shohabat, umat soho penderekipun, sahinggo saget lumebet sesarengan wonteng ing suwargonipun Alloh mbenjang.


Jama’ah jum’ah rohimakumulloh


Wonteng ing negari kito Indonesia, guru meniko dianggap sebagai pahlawan engkang tanpa tanda jasa, artosipun mboten pamrih atas jerih payah anggenipun mucal, keranten ilmu meniko mboten saget dipun nilai kanthi nominal materi. Amargi ilmu menikolah seorang guru manggihi kamulyanipun gesang. Kados dene dipun sebataken wonten ing Al-Qur’an :


اِنَّمَا يَخْشَى اللّٰهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمٰۤؤُ


Sejatosipun antawisipun makhluk engkang ajrih dumateng Gusti Alloh inggih puniko tiyang-tiyang engkang kagungan ilmu.


Kados dene definisi takwa engkang sampun kito mangertosi, bilih takwa meniko ajrih dumateng Gusti Alloh kanthi nglampahi sedoyo perintah soho nebihi sedoyo engkang dipun cegah, saking keterangan ayat kasebat Gusti Alloh negasaken tiyang engkang ajrih utawi takwa dumateng Gustinipun mboten sanes namung tiyang-tiyang engkang berilmu, pramilo puncakipun pendidikan ilmu mboten sanes namung kagem mujudaken ketakwaan dumateng Pengeran. Sahinggo seorang guru engkang mengajarkan ilmu tentu kemawon bakalipun pikantuk derajat kemulyaan.


Engkang kawastanan guru mboten namung tiyang engkang mengajar wonten ing bangku sekolah, ananging guru meniko sinten ke mawon engkang mengajarkan ilmu senajan meniko namung setunggal huruf. Kados dene tiyang sepah engkang dados madrosatul ula utawi madrasah pertama kagem putranipun. Kados dene Kyai engkang mengajar santri, bahkan seorang guru mboten kedah langkung sepah yuswanipun, keranten katah ugi tiyang engkang sepah belajar dumateng tiyang engkang langkung anem yuswanipun. Pramilo derajat kemulyaan soho ketakwaan meniko dipun nilai saking kemanfaatan ilmu engkang dipun ajaraken mboten memandang sinten tiyangipun.


Saking inggilipun derajat ilmu soho tiyang engkang mengajarkan ilmu, Sayyidina Ali bin Abi Tholib ndawuhaken :


أَنَا عَبْدُ مَنْ عَلَّمَنِي حَرْفًا وَاحِدًا إِنْ شَاءَ بَاعَ وَإنْ شَاء استَرَقَ.


Ingsun iki ibarat abdine wong kang mulang ingsun senajan mung sak huruf, ingsun yo ikhlas, menowo arep ngedol awak ingsun utowo ndadekake ingsun budak.


Keranten saking meniko agami islam ngajaraken pentingipun ta’dzim dumateng guru, sahinggo wonten ing kitab ta’limul muta’alim nyebataken :


اِعْلَمْ بِأَنَّ طَالِبَ العِلْمِ لَا يَنَالُ العِلْمَ وَلَا يَنتَفِعُ بِهِ إِلَّا بِتَعظِيمِ العِلمِ وَأَهلِهِ وَتَعْظِيمِ الأُسْتَاذِ.


Weruho siro, kelawan sak temene wong kang nyuprih ilmu iku ora bakal biso nompo ilmu lan ora manfaat ilmune kejobo kelawan ta’dzim utawi hormat dumateng ilmu, ahli ilmu, lan guru kang mulang ilmu.


Wonteng ing mahfudzot dipun sebataken :


لَا يَنْصَحَانِ إِذَا هُمَا لَمْ يُكْرِمَا # إِنَّ الْمُعَلِّمَ وَالطَبِيْبَ كُلاّ هُمَا

فَاصْبِرْ لِدَائِكَ إِنْ جَفَوْتَ طَبِيْبًا # وَاقْنَعْ بِجَهْلِكَ إِنْ جَفَوْتَ مُعَلِّمًا

 

Ora bakal menehi pitutur yen ora diajeni, yoiku guru lan dokter 2 karone,

Mongko sabaro siro naliko sakit njur adoh songko dokter, lan tetep dadio wong bodho yen siro adoh songko guru.


Menghormati guru meniko dados kewajipanipun tiyang engkang pados ilmu, keranten ilmu meniko mboten bakal barokah soho manfaat tanpo keridoanipun seorang guru, nopo maleh ilmu engkang dipun pelajari tonpo bimbinganupun guru, qoul hikmah ndawuhaken :


مَنْ تَعَلَّمَ اْلعِلْمَ وَلَيْسَ لَهُ شَيْخٌ فَشَيْخُهُ شَيْطَان


Sopo wonge sinau tanpo guru, mongko gurune iku mesthi setan.


Wonten ugi dawuh engkang langkung masyhur nyebataken :


لَوْ لاَ اْلمُرَبِّيْ مَا عَرَفْتُ رَبِّيْ


Tanpo guru, ingsun ora bakan ngerti Gustiku.


Kaum muslimiin rohimakumulloh.


amargi perjuanganipun seorang guru meniko saestu luar biasa menggahipun agami islam pramilo kito selaku umat islam anggadahi kewajiban ta’dzim dumateng guru, keranten tanpo guru kito mboten saget dados tiyang engkang sae, ugi mboten saget ngamalaken syari’at soho agami islam.


Akhirul khutbah, mugi-mugi kulo panjenengan sami tansah pinaringan kesehatan, kesabaran, keikhlasan soho kesempatan kagem terus mengajarkan ilmu, langkung-langkung termasuk tiyang engkang pikantuk barokahipun ilmu barokahipun alim ulama’, barokahipun guru soho barokahipun Gusti Alloh SWT. Aamiin YRA.


بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُم فِى القُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ  بِمَا فيهِ مِن آيَةٍ وَذِكرِ الحَكِيمِ. وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنكُم تِلَاوَتَهُ وَإنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمُ. فَاسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَۙ أَقُولُ قَولِي هذَا فَاستَغفِرُوا هُ إنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.

 

 

 

الخطبة الثانية

 اَلحَمدُ للهِ الَّذِي فَضَّلَ بَنِي آدَمَ  بِالعِلمِ وَالعَمَل. أَشهَدُ أَن لَا إِلهَ إلَّا اللهُ العَليمُ الجَمَال. وَأَشهَدُ أَنَّ سَيِّدنَا مُحَمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ الهَادِي إلَى دَرَجَاتِ العيال. اَللَّهُمَّ صَلِّ وسلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَبِحَقِّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَنْ تَكْفِيَنَا شَرَّ مَا نَخَافُ وَنَحْذَرُ.

أَمَّا بَعدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيكُم وَإِيَّايَ بِتَقوَى اللهِ فَقَد فَازَ المُتَّقُونَ.  وَقَالَ تَعَالى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قِيلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوا فِي الْمَجَالِسِ فَافْسَحُوا يَفْسَحِ اللَّهُ لَكُمْ وَإِذَا قِيلَ انْشُزُوا فَانْشُزُوايَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ.

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَعلى جميع اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ و مَنْ تَبِعَهُم بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ . اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ يا قاضي الحاجات .اَللَّهُمَّ جَمِّلْنَا وَإِيَّاهُمْ بِالْعَافِيَةِ وَالسَّلاَمَةِ وَحَقِّقْنَا وَإِيَّاهُمْ بِالتَّقْوَى وَاْلاِسْتِقَامَةِ وَأَعِذْنَا وَإِيَّاهُمْ مِنْ مُوْجِبَاتِ النَّدَامَةِ فِى اْلحَالِّ وَالْمَآلِ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَلِأَوْلاَدِنَا وَلِمَشَايِخِنَا فِي الدِّيْنِ وَلِمُعَلِّمِيْنَا وَأَصْحَابِنَا وَلِمَنْ اَحَبَّنَا فِيْكَ .اللَّهُمَّ بِجَمَالِكَ وَجَلاَلِكَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن وَارْزُقْنَا كَمَالَ اْلمُتَابَعَةِ لَهُ ظَاهِرًا وَبَاطِنًا يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ, بِفَضْلِ سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ اْلعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.


*Teks meniko pareng dipun kopas sinten mawon kagem materi Khutbah Jum'at


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar