Selasa, 12 Juni 2012

Pasrah Tampi Toya Perwitosari

Pada pernikahan adat Jawa yang lengkap biasanya ada prosesi siraman, calon mempelai putri dimandikan dengan air bunga oleh beberapa orang sesuai dengan aturan adat yang berlaku. Nah, saat prosesi itu akan dilakukan, terlebih dahulu mengambil sedikit air untuk dibawa ke tempat calon mempelai pria (=CPa) untuk dijadikan bibit air mandi calon mempelai pria. Air ini disebut toya perwitosari. Pihak keluarga mempelai putri lalu mengutus beberapa orang untuk menyerahkan air tsb, dan di tempat mempelai pria diadakanlah acara serah terima singkat, seorang juru bicara pihak mempelai putri menyampaikan kata-kata pidato pasrah dan seorang juru bicara mempelai pria menyampaikan pidato penerimaan benda tersebut. Acara ini disebut Pasrah Tampi Toya Perwitosari. (toya=tirta=air).
Demikian contohnya:


Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun. Panjenenganipun para sesepuh, pinisepuh, saha para kadang ingkang dhahat kinurmatan. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .........(juru bicara CPa)...... ingkang minangka sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu .........(ortu CPa)........ Kula pun .......(juru bicara CPi)........ ingkang dinuta dening Bp/Ibu ........(ortu CPi)........, keparenga matur:
Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim lan takzhimipun  Bp/Ibu ........(ortu CPi)........ mugi katur panjenenganipun Bp/Ibu .........(ortu CPa)........ sagung kulawarga, kula ikroraken kanthi atur 'assalamu'alaikum wr.wb.'
Ingkang  kaping kalih, kula kinen ngaturaken lan amasrahaken Tirta Perwitosari ingkang minangka sarat sarana bebakalan siramanipun putra calon temanten kakung nuwun inggih mas .........(CPa)........ sinartan atur puja-puji pendonga, mugi-mugi lelampahanipun sesuci ati lan sesuci dhiri saged kasembadan tanpa pambengan.
Dene ingkang kaping tiga, mekaten wosing gati ingkang kadhawuhaken dhumateng kula, lan salajengipun kula sarencang tumuli badhe nyuwun pamit madal pasilan, ingkang menika mbokbilih sowan kula sakadang tanpa subasita, dhuna dhungkap ing ukara, keparenga hangegungaken samodra pangaksama.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.

Kemudian dijawab dengan pidato penerimaan (Tampi):
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, sumrambah sagung para tamu ingkang dhahat kinurmatan, mirungganipun panjenenganipun  Bp .......(juru bicara CPi)........ sapendherek minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu ........(ortu CPi)......... Kula pun .......(juru bicara CPa)........ keparengna tumanggap atur dhumateng paring pangandikan panjenengan.
Menggah paringipun salam taklim lan salam takzhim saking panjenenganipun  Bp/Ibu ........(ortu CPi)........ sampun katampi lan kosok wangsulipun salam taklim lan takzhim saking panjenenganipun Bp/Ibu ........(ortu CPa)........ mugi kaaturna dhumateng brayat agung Bp/Ibu ........(ortu CPi)........, kula ikroraken kanthi atur 'alaika wa'alaikum salam wr.wb.
Semanten ugi paringipun sarat sarana awujud Tirta Perwitosari minangka bebakalan siraman putra calon temanten kakung ugi sampun kula tampi kanthi suka gumbiraning manah, lan tumuli badhe ingadanan siraman calon temanten kakung nuwun inggih mas .........(CPa)........ anut rerantaman ingkang gumathok.
Salajengipun, panjenengan sapendherek sumangga nuwun, kula dherekaken kepareng lenggah sinambi paring paseksen menggah siramaning calon temanten kakung.
Mekaten menggah atur kula, wonten kirang langkungipun atur lan patrap, kula sakadang hamung tansah nyadhong pangaksami.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar