Minggu, 06 Mei 2012

MUSPRO

Roning jati gogrok kagowo angin sore
Lumengser srengenge tanpo tilas cahyane
Paribasan tresnaku kang wus purno
Sio-sio tanpo ono asile

Nandang kasmaran tan biso ilang
Hamung sliramu kang dadi katresnan
Tak simpen roso iki sak jroning ati
Roso kang saiki wes muspro

Watu padas sumebar ing dalan
Tak liwati masio kebak joglangan
Nanging opo saiki nyatane
Tresnaku ora leren keno pacoban

Tak lilakno nadyan ati iki gelo
Becik opo dipekso yen marai loro
Tak selehne ati ing garise Gusti
Aku wes nrimo lan ngrumangsani
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

15 engkang sampun komentar:

  1. wahhh,, foto bareng rokok sampoernanya ya om.. hehe..

    BalasHapus
  2. asem ndelok fotomu mas,
    ndoyong aku,
    mirip preman sing nggebuki aku wingi meh ngrampas kameraku.... huaaaa

    BalasHapus
  3. weleh weleh...seng dikomeni kok potone ta

    BalasHapus
  4. elok tenan iki mas,
    kok ak lagi nemu saiki ya ro blog njowotenan.. gela aku, nanging ora apa-apa jare luwih apik telat tinimbange ora telat, hehehehe
    Tetepungan sik wae ya mas, "komen"-e mengko,
    pokoke elok jan elok tenan

    BalasHapus