Sabtu, 10 Maret 2012

Alamat Palsu

Isuk maeng aku dikongkon tonggoku kon ngeterake undangan mantenan menyang omahe Pak Slamet, Aku durung ngerti omahe tapi aku diwenehi ancer-ancer supoyo ora kesasar.

Pasar Legi Songgo Langit ngulon, prapatan pertama ngalor, ono bakul rujak kiri jalan ngalor sithik ono protelon trus ngulon satus meter, omahe Pak Slamet kidul ratan ngarep mesjid pas.

Montor tak selah langsung budal, Teko Pasar Songgolangit aku ngulon, ternyata prapatan pertama iku Polres Ponorogo mongko aku ngalor, diluk-diluk aku mengo ngiwo nggolek'i bakul rujak, sampek dalan lor dewe lagek ketemu bakul rujak'e, trus aku ngalor sithik ono protelon aku ngulon, Lho...kok gak ono mesjid? weh kleru iki sajak'e. aku mbalek maneh tapi gak ono bakul rujak liyane, piye iki....endi dalane?

Meh putus asa, sambil nyanyi alamat palsune ayu ting-ting aku mandek ing pinggir dalan banjur nyumet rokok, ono wong mlaku liwat ngarepku banjur tak takoni omahe Pak Slamet, "Iku mas, ono gang cilik ngulon ora adoh kok omahe ngarep mesjid"

Pantesan gak ketemu ternyata protelone gang, uduk dalan aspal, Heladalah ternyata jare Pak Slamet bakule rujak pindah. Dos... mungguh wae gk ketemu lha wong ancer-ancere ngalih...
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

13 engkang sampun komentar:

  1. bejomen iku gak nyasar teko alun-alun :P

    BalasHapus
  2. Lumayan nek ancer2e bakul rujak...
    Sing payah nek ancer2e bakul susu murni nasional, mergane wonge numpak pit tur ora manggon tapi mider

    BalasHapus
  3. wew ,.. anake pak slamet ayu gak kang... nk ayu sok bodo di endangi wae wkwkwk

    BalasHapus
  4. aku nggolek kerjo yo sering mblasuk rono rene... :D

    BalasHapus
  5. haha aku nusul pak.. Xixixi, pdo2 le ra ketemu jubul alamate palsu..
    Twias tak golek.i tkan kuto. Eh ladal, jebul jek nek ndeso. Hehe

    BalasHapus
  6. bejo banget gak nyasar teko kreteg gantung

    BalasHapus