Rabu, 28 Desember 2011

Atur Pambagyaharja Wiwahan Penganten

Di dalam pawiwahan pengantin biasanya ada atur pambagyaharja, yaitu pidato ucapan selamat datang dari pihak keluarga kepada hadirin. Pada umumnya ada seseorang yang ditunjuk untuk mewakili sang pemangkugati berpidato di depan hadirin tersebut, entah itu tetangga, saudara, famili, atasan, atau mungkin ketua RTnya. Tetapi tak selamanya keadaan bisa sesuai dengan keinginan, adakalanya berwakil itu juga menjadi sesuatu yang tidak mungkin, sehingga mau tak mau sang pemangkugati harus tampil sendiri menyampaikan pidato tersebut. Bagaimana kalau hal itu terjadi? Berikut ini sekedar contoh pidato pambagyaharja yang disampaikan sendiri oleh bapaknya atau oleh kakaknya si pengantin:



Assalamu'alaikum wr.wb.

(ayat)

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ........................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; menapadene, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ..................................... ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing ngriki kula minangkani kulawarga, keparengna  nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha haminaaken wanci, kesdu hangrawuhi pawiwahan menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pawiwahan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya siwi, nuwun inggih anak / adhi kula ingkang nami: ........................, ingkang  ka-akid-nikahaken kaliyan ........................., putra panjenenganipun Bp/ibu ..................... ingkang pidalem ing ..................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau enjing , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa. alhamdulillahirobbil'alamin.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang awujud menapa kemawon, bandha beya, bau suku, menapadene iguh pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat RT ................ menika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga. Ananging andadosaken kuciwaning manah dene kula sakulawarga mboten saget atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung kados mekaten menika, sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga paring puja sesanti mulya tuwin puji pendonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang tuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun kula sakulawarga nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah kakung putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging subasita, menapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirulkalam, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

2 engkang sampun komentar: