Jumat, 28 Oktober 2011

JLEB! Contest : Opoooo iki...?

Menurut kamusku "JLEB!" iku singkatan songko "Jangan LEbay Bro!", hahaha...mekso, Lebay iku nek nang nggonku artine kemayu, kemayu iku nek wadon, nek lanang opo yo? kemalan palingo, halah takon-takon dewe disauri dewe. Lebih baik gendeng dari pada lebay, mangkane "JLEB!" Jangan lebaylah bro...

Danu Akbar sek pertama kaline iki numpak pesawat, Lebay banget kliwat gendenglah, Bocah iku budal bar subuh, jam 4 isuk wes ono nang bandara.

Keberangkatan pesawat terlambat mergo ono masalah, ternyata Si Danu iku mau salah lungguh kursine gak cocok karo nomer tikete, tapi nyang pramugari kon pindah ora gelem.

"ya ndak bissa, wong saya antre dari jam 4 subuh kok disuruh di belakang, ya ndak maau saya."

Dibujuk koyo ngopo wae wiz gak iso maneh, akhire pramugari lapor keamanan, gampang wae ternyata, keamanan maeng takon, "Mas mau kemana?". "ke Surabaya", jawab Si Danu. "Lho disini jurusan Medan mas, kalo ke Surabaya dibelakang" Danu Akbar langsung loncat mlayu nyang kursi belakang podo karo tiket'e.

Pesawat akhir'e terbang juga, Pramugari lewat disebelah Si Danu, mungkin dalam hatine mbatin,"Dasar wong gendeng". sial banget nasipe Pramugari, Si Danu iku maeng malah tanya, "Mbak ini Luna Maya ya?". Si Pramugari njawab sambil lalu, "Bukan".

Lewat maneh Pramugari yang sama, Danu Akbar takon maneh, "Luna Maya ya?"."Bukan" jawab Pramugari langsung pergi. Sampek peng telu Si Danu takon ngono mau maneh, akhire Pramugari sampek jengkel trus curhat nyang koncone,koncone menasehati jawaben wae iyo aku Luna Maya gitu wae beres.

Begitu lewat, Si Danu ternyata sek takon maneh "Mbak ini Luna Maya ya?". akhire Pramugari njawab "Iyaaa... kok tau?".

"Lho...kok ndak sama dengan yang di tipi?"

Semaput dech tu pramugari.

Crito iku mau mung fiktif, karanganku belaka, Aku pileh nama Danu Akbar iku yo mergo permintaane Danu Akbar dewe supoya aku menyertakan jeneng'e nang postingan blogku iki. awas nek nesu nang aku.

Aku paling demen Ikutan JLEB! Contest sing ora mensyaratkan bahasa ngene iki, jadi aku iso bebas berekspresi.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

31 engkang sampun komentar:

  1. Selamat Ke Medan, semoga menang...

    BalasHapus
  2. weleh weleh butuh transletor neh sepertinya *kasak kusuk*

    BalasHapus
  3. matur nuwun sudah sudi mampir. sering sering yooooo

    BalasHapus
  4. walah, iki jan-jane sing lebay danu apa sing mosting?

    BalasHapus
  5. hahahha... mesakke men to mas Danu ceritane kok koyo ngene...

    BalasHapus
  6. Kunjungan siang nih..
    Salam dari saya :)

    Danu Akbar

    BalasHapus
  7. Mbaknya Luna maya ya...
    Kok Tau.....
    Soalnya beda sama yang di Tipi....
    lagi pertama kali iki aku moco blog bosone boso jowo....

    mantepp tenan gan....

    BalasHapus
  8. modiyar ra we, sing ndue jeneng moro,hahahaaa

    BalasHapus
  9. wah2x jowo tenan kang ba'e...
    ijin mampir .. moco2 titik..

    BalasHapus
  10. wah,,,mase,
    jektas iki ae aku ngerti sing isine jowoan kabeh,,
    melu keblinger aku soale ora ngerti artine,eheheheheh

    BalasHapus
  11. D : mbaknya Luna Maya ya??
    P : loh kok tau??
    D : emangnya mbak kenal Luna Maya?
    P : iya dong. gak pernah liat internet ya mas? Ndesooooo

    *mekso bangettttt*

    BalasHapus
  12. jane sing lebay iki sing posting opo danu?
    Danu teko malah gak ngerti njowo babar blaz
    wakqkqkqkq

    BalasHapus
  13. haduh butuh traslator...
    mbak luna maya...:))

    BalasHapus
  14. Waladalah, ngertine danu Akbar kok mung Luna Maya....

    BalasHapus
  15. aq paling seneng karo JLEB.e,,,,hehe

    BalasHapus
  16. Luna Maya apa bukan ya??
    luna jadi-jadian
    maaak jleb...

    BalasHapus
  17. keren kang, meskipun aku durung moco :D

    BalasHapus
  18. Lucu ne jenenge.,.
    :)

    penasaran dadine.

    BalasHapus
  19. takbir dah berkumandang…esok raya..ampun dan maaf kiranya ada salah serta silap selama kita bersama…

    BalasHapus
  20. Padahal mbake wis siap-siap bolpen mbok si danu njaluk tanda tangan, jebulane ora mirip luna maya, halah... di JLEB! wae hahaha

    BalasHapus
  21. hlapiyeto...........

    BalasHapus
  22. asli .... njowone ngendi iki... blog boso jowo 68% wkwokowk

    BalasHapus
  23. wkwk..oleh oleh..lucu sangat..
    #gak oleh lebay
    #tapi oleh alay :D

    BalasHapus