Sabtu, 14 Maret 2009

Pitek


"Pitekku Yo Iso Bal-balan"

Subuh-subuh mau pitekku puetok-petok kelek-kelek, nyapooo kae pitekku? aku mluayu nang mburitan, pueteng ndedet. aku mblayu mlebu ngomah maneh ngoleki senter. Pakku ki yo tangi melu mluayu nang mburitan ngoleki suoro pitek mau. aku lingak-linguk, nang ngendiii pitek iki. Pakku ngalor ngidul, suworo pitik karek sitok loro.

Moso enek maling sing wani nyolong pitekku. Bareng tak itung , tenan tooo, pitekku ilang siji jago kesayanganku malah. Wahwahwah, malinge mesti wis mlayu adoh iki, wong suarane pitekku wis ilang blas serku maeng arep mbengok "maling-maling" tapi rasido, mergo pas pakku nang sumur arep nimbo ujuk-ujuk suoro pitik jagoku muni maneh.

Heladalah, neng njero sumur tibake, jagoku wis klepek-klepek arep mati, cepet-cepet wae aku ngolek ondo. tak cempungne sumur, sujune sumurku ora jeru, aku langsung nyemplung sumur ngentasne pitekku, pakku mluayu nang pawon njupuk arit. untunge pitekku urung mati. tapi mesakne, wis thele-thele meh bongko. Bareng to pitekku wis mentas neng pakku cepet-cepet dibeleh selak ketrucut mati.
sampek mrebes aku mbeleh pitek iku, jagoku sing tak ingu meh enek setaon wis dinyang pitulimo ora tak wehne, akire malah mati dibeleh, guetun aku.

Bare nang mboku digoreng. sampek ora tego aku arep mangan iwake.
tapi bareng niliki pupune tibake kok yo enak to rasne, hehe..aku maleh doyan. Oh pitekku sayang pitekku malang, lek mung arep tak pangan, ngertiyo ngono tak dol kowe dek ingi. teeeeeeeeek PITEK, Padahal kowe wis arep tak elokne timnas indonesia balbalan nang laur negri. lekmu pendidikan neng liverpul soccer school ora oleh gae, teeeeek PITEK.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

20 engkang sampun komentar:

  1. hiii friend, visit u with big smile

    BalasHapus
  2. hwalah...aku ndak ngerti ih boso opo sih..ada translate nya gak?

    BalasHapus
  3. Waaaah ayame sampeyan pinter tenan , iso bal-balan. Ayamku mengko ajarono bal-balan juga yo...

    BalasHapus
  4. ha haa apik-apiiik

    BalasHapus
  5. he he he..., bingung neh mau komentar apa
    inggih-inggih :)

    BalasHapus
  6. lho... piye kok pitekmu iso nyemplun sumur... orak di iket neng tiang opo?

    BalasHapus
  7. Kuwi pitike gerah ongkep ra tau di adusi makane adus dewe haha

    BalasHapus
  8. pinter tenan wong iki.... blonya kreatif dan unik damel boso jowo.....ngak kuat karo calon bojone...wakkkkkkkk

    BalasHapus
  9. anonim=>apane sing apik mas,po mbak iki?

    bening=>gak usah bingung,cepet tua lho?(gak nyambung)

    tera=>kambing apa,kok di iket

    denologis=>urung ngombe miksagrip(alah iklan)

    tipis=>iyo terah,jo meneh ngedusi pitek,aku dewe jarang adus,he..he....

    bolosompil=>ojo ngiri yo mas?

    BalasHapus
  10. wis to kang nek pithekmu mati ojo mbok getuni...
    tukuo meneh neng pasar pithek...silir.
    kono kui lho kang neng kutho solo.

    BalasHapus
  11. weleh weleh Nyapo to mas, pitek mu kok iso nyempulung neng sumur ??

    BalasHapus
  12. pitekmu, mati, tok beleh lo.. Kok di getune.. Mesti, arep bongko nek.. Tok.. Anduk i, gak sido bongko.. Salahmu dw tok bleh.. Yo malah, mangan pupune.. Gurih now.. Hahaha

    BalasHapus
  13. waalaah jebule mbeleh pitik....jian

    BalasHapus
  14. punteun atuh teu ngarti euy

    BalasHapus